You are on page 1of 2

Khutbah Jumat Bahasa Jawa (Bekal Akhirat)

Hadirin Jamaah jum’at ingkang dipun mulyaaken deneng allah

Monggo kito tansah ningkataken anggen kito sami netepi taqwa dumateng allah wonten saben
ndintenipun, kranten namung kanthi TAQWA kolo wau, kito sedoyo saget manggeh keslametan
dunia akhirat.

Lan Monggo sami sareng ngati2 anggen kito ginaaken wekdal naliko gesang wonten ing ngalam
dunyo puniko. Mangertoso bilih, Saben2 manungso gesang ing ngalam dunyo meniko kados dene
tiyang dagang inggih puniko beto modal umur. Saben manungso gesang mesti wangsul ing ngarso
dalem allah manggen wonten alam barzah, ing tiyang kolo wahu mesti ngitung bathi nopo rugi
anggenipun dagang ngamal naliko gesang wonten ing ngalam dunyo. Ing akhiripun tiyang kolo wahu
wonten ingkang nemu bejo kranten gadah bathi katah arupi ngamal ingkang kathah, lan wonten
maleh ingkang nemu rugi lan getun kranten rugi daganganipun ngamal, kranten boten gadah siso
ngamal ingkang bade kadamel sangu lampahipun wonten ing akhirot.

Tiyang meniko menggahipun agami ingkang dipun lampahi dipun bagi dados 3 :

1.TIYANG ISLAM INGKANG SELAMET, inggih meniko tiyang islam ingkang namung nglampahi
pendamelen 2 ingkang fardlu lan nebihi sedoyo awisanipun agami. Kaping

2.TIYANG ISLAM INGKANG UNTUNG: inggih meniko Tiyang islam kajawi indakaken sedoyo kuwajiban
ugi nebihi larangan2,piyambakipun ugi nindakaken kautaman2 lampah sunah utawi amalan2 ingkang
saget nyaketaken dateng alloh. Kaping

3. TIYANG ISLAM INGKANG TUNO lan RUGI: Tiyang islam ingkang tansah anggenipun nglampahi
kwajiban2,lan tansah nuruti sekabehane nafsu.

Tiyang saget mangertos piyambakipun manggen wonten tingkatan ingkang pundi saking
perkawis tigo kolo wau,menawi gadah ilmu. Mangertoso….bilih kito sedoyo boten saget selamet
wonten akherot kejawi damel ILMU, lan mboten saget tiyang niku gadah ilmu menawi boten sabar.

Hadirin dino2 gesang kito wonten alam donyo puniko dipun ibarataken kados dene saben kangge
nandur punopo ke mawon damel panenan qito benjang wonten akhirat.pramilo monggo sareng2
nanem amal sahe, taneman paling sahe menggahipun agami inggih puniko ilmu.

Poro Hadirin Sidang jamaah Jum’t ingkang dipun mulyaaken deneng allah

Monggo sareng2 angen2 punopo amal qito saben dintene niki, sampun kito kalian ilmu
ingkang sampun qito padosi milahi alit .

Sayyinadina Ali dawuh: Artosipun : kabeh manungso urip iku podo turu. Mengko yen wes mati lagi
podo sadar.

Ateges nembe yakin leresipun punopo ingkang sampun dipun dawuhaken dening ALLAH lan
RUSULIPUN. umumipun tiyang meniko sami nganggep menawi piyambaipun sampun tumindak sahe,
nanging ingkang katah sami boten mangertosi, kranten sami mboten iling dateng nasipipun ing
akhirot mangke.milo saking puniko,monggo sami wonteno rahos perihatin kalian nasip kito wonten
akhirot mangke.

Monggo sami pados ngilmu,sanes ngilmu ingkang katah,nanging ingkang penting inggih puniko
ngilmu punopo ingkang manfaat kangge bekal utawi sangu ing akhirot

Poro Hadirin Sidang Jum’t Rokhimakumulloh.

Dosanipun tayang ingkang gadah ilmu ananging piyambakipun tetep ngelanggar tuntunan
agami kanti sadar bilih tumindakipun puniko lepat, dipun tikel2aken dosanipun deneng alloh,

Artosipun : Wong2 kang podo nglokoni doso pdahal ngerti iku doso, adzabe di tampaake tanpo di
takoni,ateges langsung di adzab Tanpo di hisab (Q.S Al-Qhosos: 78).

Pramilo monggo mumpung rogo dereng katinggal nyowo jasad puniko di pun pekso luru ilmu damel
sangu qito wonten perjalanan tebeh inggih puniko alam akhirot. Mugi2 alloh bikak dateng manah
kulo lan panjenenngan sedoyo sahinggo qito dipun panggen aken dateng golongan ipun tiyang
ingkang ahli luru ilmu. Aminnnn….3x ya robbal alamin

Daftar Khutbah Jumat Bahasa Jawa Lainnya bisa Anda Download di link berikut:
https://www.tongkronganislami.net/khutbah-jumat-singkat-bahasa-jawa/

You might also like