Professional Documents
Culture Documents
Materi
Materi
Kalawingi sampun disinau babagan struktur teks, jinis-jinis, sarta bab kang kudu
digatekake nalika nindhakake Tanggap Wacana & Pranata Adicara.
Kagem sakniki dipunlajengaken malih babagan basa, amarga nalika nindhakake Pidhato
utawa dadi Pranata Adicara, kedah saged migunakake basa kang becik, yaiku kanthi migunakake
unggah-ungguh basa kang trep. Dados sakniki mangga dipun sinau babagan Unggah-Ungguh
Basa.
MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA
Unggah-ungguh basa utawa kang asring diarani undha –usuk basa utawa tingkat tutur.
Unggah-ungguh basa iku mratandhani menawa wong Jawa guneman niku ana tingkatan-
tingkatane. Ancas (tujuan) anane unggah-ungguh basa yaiku kanggo ngajeni tumrap wong sing
diajak guneman.
Ana pitutur kang ngandhakake menawa “Ajining diri gumantung ana ing lathi” maknane
yaiku wong iku bias dinilai wong kang sopan utawa wong kang iso ngajeni wong liya iku
didhasarake saka carane guneman marang wong liya.
Sakiki langsung wae bahas jinis-jinis sarta cara panganggone unggah-ungguh basa.
Unggah-ungguh basa kaperang dadi maneka warna, nanging ingkang badhe dibahas
wonten mriki yaiku babagan basa sing asring digunakake ing padinan yaiku BasaNgoko (Ngoko
Lugu, Ngoko Alus) lan (Basa Krama Lugu, Krama Alus).
1. Basa Ngoko.
Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-
padha. BasaNgoko isih kaperang dadi 2, yaiku :
a. Ngoko Lugu
Ngoko Lugu yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa
Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung karma utawa karma inggil tumrap
wong sing diajak guneman, utawa bias dirani ing basa Ngoko Lugu iku migunakake
tembung Ngoko kabeh. Gunane Ngoko Lugu yaiku kanggo guneman antarane :
- Wong tuwa marang bocah enom
Tuladha : “Le, yen mangan iku alon-alon wae! Mengko mundhak keselek.”
- Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane
Tuladha : “Ton, iki garisanmu sing tak selang mau.”
- Wong sing pangkate dhuwur marang pegawene/juragan menyang rewange.
Tuladha : “ Mbok, menyanga pasar saiki, tukokno sayur bayem lan tempe.”
- Bocah cilik karo kancane
- Ngunandika (ngomongdhewe)
Saka tuladha ing dhuwur, yaiku tuladha ukara kang digunemake wong tuwa marang
bocah enom. Tembung-tembung sing digunakake yaiku ing tingkatan tembung
ngoko kabeh, tanpa ana campuran tembung karma Madya lan karma inggil.
1. Saiki aku arep mangan soto, menawa panjenengan badhe dhahar apa mas?
Saka tuladha ing dhuwur, bias ditemokake titikane (ciri-ciri) basa/ ukara kang
migunakake ngoko Alus. Frase 1, ukara katujokake kanggo AKU mula ukarane ora ana
sing diowahi (tetep migunakake tembung ngoko), kamangka (sedangkan) Frase 2, ukara
katujokake kanggo KOWE (sing diajak guneman) yaiku kangmase, mula tembung kang
kalebu ing jinis tembung Sesulih, Tembung Aran, Tembung Kriya, lan Tembung
Kahanan diowahi dadi tembung Krama Inggil. Sakliyane 4 jenis tembung iku tetep
migunakake ngoko, kayata tembung“menawa”lan“apa mas”.