You are on page 1of 3

Kucing Sing Pinter Ngalembana

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-
mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh
seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut
daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang
mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut
pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya
kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging
dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale
bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki
iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning
tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe
rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu
wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak
cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne
Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi
Kucing kang rupane mranani kuwi. Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari
anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening sosok kang pasuryane
mranani ati (Undil - 2012).
Unsur instrinsik :
 Tema :
 Penokohan :
1. Kucing : licik lan pinter ngomong
2. Anak thekek : lugu, seneng dipuji
3. Mbok thekek : seneng nulung
 Lattar :
 Panggonan : pawon
 Suwasana : seneng
 Wektu : suwijing ndina
 Alur : Maju

 Abstarak : Ora ana

 Orientasi :

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-
mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh
seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut
daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang
mendhemi,

 Komplikasi :

Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih
mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya
kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging
dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale
bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki
iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning
tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe
rasah diajari sapa-sapa.
 Klimaks :

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu
wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep
nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin.

 Resolusi :

Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak
Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. Mbokne rumangsa dheweke
kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening
sosok kang pasuryane mranani ati

 Reorientasi :

 Sudut Pandang :
 Amanat :

You might also like