You are on page 1of 5

WAYANG WONG

Pembuka :
Wayang wong utawi Wayang uwong menika salah satunggalipun jenis teater tradhisional
Jawa. Wayang Wong menika gabungan antawisipun seni drama ingkang ngrembaka ing negeri
kilen (Eropa) kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing pulo Jawa. Lakon wayang
ingkang dipungelar menika saking crita-crita wayang purwa. Wayang uwong utaminipun
ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi bangsawan. Miturut nami wayang kasebut,
wayang wong ugo boten dipagelarke dening boneka-boneka wayang, anamung manungsa-
manungsa ingkang ngganteni boneka-boneka wayang kasebut. Wong kang mainake wayang iki
ugo ngagem pakaian ingkang sami kalian hiasan-hiasan ingkang diagem wayang kulit. Pasuryan
para pemain wayang wong iki ugo diubah lan dihias supados mirip kalian aslinipun.
Isi :
Miturut dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong lair ing abad XVIII.
Ingkang nyiptakaken inggih menika Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni
drama ingkang ngrembaka ing negeri kilén. Wiwitanipun wayang wong dipungelar ing
Surakarta, lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Wekdal sasi April 1868, nalikanipun
Mangkunegara IV ngawontenaken khitanan putranipun ingkang asma Prangwadana lan
Mangkunegara V wayang wong dipunsempurnakaken utaminipun bab pakéan lan pirantinipun.
Ing taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari. Wonten ing peresmianipun
ngawontenaken pagelaran kesenian. Salah setunggalipun inggih menika wayang wong. 
Wiwitanipun wayang wong menika seni tradhisional Jawa ingkang ekslusif, namung
dipungelar ing keraton. Ing taun 1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka urip komersial,
kanthi nyadé karcis. Wayang wong komersial ngrembaka lan puncakipun nalika wonten
pakempalan "Ngesti Pandowo" ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Miturut Winter lan
Sastramiruda, wayang wong menika wiwitanipun dipungelar ing abad XVIII (±1760 M.),
ingkang dipunpandegani dening Mangkunegara I. Wekdal menika ingkang dipungelar namung
lakon-lakon wayang purwa. Sasampunipun menika pagelaran wayang wong wiwit boten subur,
ananging ten Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881. Kanthi
pambiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngrembaka malih nanging taksih winates ing
Yogyakarta lan Surakarta kemawon.
Penutup :

Pranyata kesenian wayang wong pikantuk sambutan ingkang saé saking masyarakat,
lajeng tuwuh kathah pakempalan wayang wong. Wiwitanipun taksih amatir, dangunipun dados
profesional. Pakempalan wayang wong ingkang moncér, kados Wayang Wong Sriwedari saking
Surakarta lan Ngesti Pandawa saking Semarang. Wayang wong Sriwedari nggadhahi jasa
ingkang ageng, inggih menika ndherék nglestarékaken budaya bangsa, kados seni wayang wong,
seni tari, seni busana, lan seni karawitan. Wiwitanipun ageman para penari wayang wong taksih
prasaja kemawon, boten bénten kaliyan ageman adat keraton ingkang dipunagem ing saben
dintenipun. Nembé ing jaman Mangkunegara VI (1881-1896), penari wayang wong nganggé
irah-irahan ingkang kadamel saking kulit ingkang dipuntatah kanthi saé. Wonten ing pagelaran
wayang wong, sandiwara kang diselingi tetembangan jawa, dipagelarken lan diiringi gamelan.
Tema carita wonen ing pagelaran wayang wong menika biasane ngandut saka cerita legenda
utawi sejarah jawi. Ugo katah ingkang ngandut saking cerita Ramayana lan Mahabarata.
WAYANG KULIT

Pembuka :
Wayang  kulit  utawi  ringgit  wacucal  inggih  menika  seni  tradisional  asliIndonesia 
ingkang  kondang  misuwur  wonten  tlatah  Jawi.  Ukara  wayang,  angsalsaking ukara Ma
Hyang ingkang artosipun “dhateng Maha Kuwaos”. Wayang menikadi  damel saking kulit  kebo
ingkang sampun garing saklajengipun kulit  menika dibentuk piturut bentukipun wayang.
Ringgit  wacucal menika di lampahaken tiyang ingkang  kasebat  dhalang. Kejawi 
nglampahaken,  dhalang ugi  dados  narator dhumateng  paraga-paraga  wayang  wonten 
saklampahipun  carios  wayang. Ringgit wacucal ingkang beber ugi di iringi gamelan-gamelan
jawi ingkang ditabuh deningwiyaga  ugi  tembang-tembang  jawa  ingkang  dinyanyekake 
dening  sinden. Sakbeberipun  wayang,  wayang  dilampahaken  dening  dhalang  wonten  ing
sakbalikipun  kain  putih  utawi  saged  dipun  arani  “kelir”. Ugi  disebalikipunnginggilipun
dhalang wonten blencong (lampu/senthir) ingkang disorotaken dhatengkelir. Satemah,
pamrikso saged mreksani beberipun ringgit wacucal wonten ing papan sakwingkinge  kelir.
Carios  wayang  biasanipun  mendhet  carios  saking  naskah Mahabharata dan  Ramayana,
ananging carios kasebat mboten dipun batesi, dhalangugi saged nambahi carios-carios ingkang
badhe di lampahaken.
Isi :
Beberipun wayang sampun diakoni  dening UNESCO tanggal  7  November2003 amargi
ringgit wacucal dados warisan budaya asli Indonesia ingkang sae lankedah di lestantunaken.
Ananging sakmenika, para wiranem mboten sekeco menawiningali  wayang.  Miturut  wiranem 
sakniki,  wayang  menika  mboten  gayeng  lanmboten  wonten  sensasinipun.  Para  wiranem 
sakniki  malah  remen  ningali  band,dangdut,  k  -pop  ugi  pertunjukan  saksanesipun  saking 
luar  negeri.  Ugi  menika,wayang sakniki  sek  ninggali  naming tiyang sepuh,  amargi  para 
wiranem mbotenremen ningali wayang.
Penutup :
Saklajengipun, kulo supados ngajak kula lan pamrios wiranem sedaya supayakedah 
boten  ninggalaken  budaya  ringgit  wacucal  ingkang asli  saking tanah  jawi,amargi ringgit
wacucal menika kathah piwulang ingkang persis kadadeanipun samikalihkadadean  kegiatan 
ing  sabendintenipun.  Ugi  ringgit  wacucal  menika  seniingkang sae menawi di preksani
dhateng sedaya tiyang.
REOG PONOROGO

Pembuka :
Reog yaiku salah satunggal kesenian budaya ingkang asalipun saking Jawa Timur tepatipun
tlatah Ponorogo. Mila saking menika reog ugi kasebat langkung kathah “reog ponorogo” nggeh
menika kesenian reog ingkang asalipun saking Ponorogo, Jawa Timur. Reog dados salah
satunggaling budaya Indonesia ingkang taksih raket sanget kaliyan mistik uga elmi kabatosan
ingkang kiyat.
Isi :

Wodene babagan asal urun rembug Reog uga warok piyambak, enten gangsal versi cerios
populer ingkang dipun mangertosi masyarakat, nanging salah satunggal cerios ingkang paling
tepang yaiku cerios babagan perang Ki Ageng kutu, nggeh menika satiyang abdi keraton ing
masa Bhre Kertabhumi, Raja Majapahit paling akhir ingkang nguwaos ing abad gangsal welas.
Ki Ageng kutu nesu  amerga garwa saking raja Majapahit ingkang asalipun saking Cina
anggadahi pengaruh ingkang kiyat wonten kerajaan, kajawi punika Ki Ageng Kutu ugi nesu
dhateng Bhre Kertabhumi lebet pamerentahan ingkang kirang sae, piyambakipun banjur
anggadahi penggalih bilih kekuwaosan keraton Majapahit badhe rampung.
Penutup :

Piyambakipun lajeng mengker sang ratu uga mbadanaken guron mucal seni pencak silat dhateng
para wiranem, elmi kekebalan badan, uga elmi kesempurnaan kaliyan harapan menawi para
wiranem niki mangkih saged dados bibit saking kebangkitan keraton Majapahit. Sadar menawi
prajuritipun kalah ageng saking pasukan keraton mila pesen Ki Ageng kutu katur langkung
tunjukan seni Reog, ingkang ngrupikaken "sindiran" dhateng Kertabhumi uga keratonipun.
Kesenian Reog dados cara Ki Ageng kutu mungu mengsahan masyarakat lokal kanthi
ngginakaken kepopuleran Reog.

You might also like