You are on page 1of 2

PIDATO BAHASA JAWA TENTANG KEPAHLAWANAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kulo hormati bapak ibu guru

Sedaya kanca-kanca seperjuangan ingkang kawula tresnani.

Langkung rumiyin monggolah kita sesarengan ngunjukaken takwa lan syukur dhumateng Allah,
ingkang sampun amaringi sedaya kanikmatan dumateng kita, lan sahingga kita saged makempal
sesarengan wonten ing ruangan menika.

Sholawat ugi salam mugiya kaunjuk dhumateng nabiyullah Muhammad SAW ingkang kita
ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten kiyamat.

Hadirin ingkang kawula hormati, jumenengipun kula wonten mriki badhe nyampeaken pidhato
utawi sesorah kanthi judul kepahlawanan.

Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan.
Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang
ageng ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya
nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu (Inggris) mlebet ing tanah Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing
selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangah
ngengingi peristiwa menika.

Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan menika kula mboten
badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945. Nanging badhe
ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken
pembangunan.
Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat
wilayah Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengan Bung
Tomo kanthi sora paring semangat. Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun
bangsa kanggeh mbangun negari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga
lan bandha kangge mbela bangsa lan negari.

Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para
pahlawan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha
solah bawaw ingkang kirang mranani penggalih panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun
agenging samodra pengaksami. Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah
saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Amin..

Mekaten, lan cekap semanten ingkang kula aturaken , mugi – mugi kula lan panjenengan sedaya
kalebet tiyang islam ingkang pikantuk rahmat, lan ridhanipun allah swt. Amin

Kirang langkungipun nyuwun pangapunten

Billahituafik wal hidayahwassalamu’alaikum wr wb.

Menika sekedhik sesorah ingkang saget kawula aturaken, migaya manfaat.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

You might also like