You are on page 1of 25

UJIAN SEKOLAH BERSTANDAR NASIONAL ( USBN )

SMK PROVINSI JAWA TENGAH


TAHUN PELAJARAN 2018/2019

KURIKULUM 2013
DOKUMEN NEG ARA SOAL UTAMA
SANGAT RAHASIA
LEMBAR SOAL

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas/Program : .....................................................
Hari/Tanggal : .....................................................
Dimulai Pukul : .....................................................
Diakhiri Pukul : .....................................................

PITUDUH UMUM:
1. Sadurunge nggarap soal, luwih dhisik tulisen jeneng, angka ulangan, lan kelasmu ing
dlancang wangsulan kang kasedhiyakake!
2. Wangsulan pitakonan tulisen nganggo pulpen/bolpoin, lan ora nganggo potlot utawa spidol!
3. Sadurunge mangsuli wacanen pitakonan kanthi patitis!
4. Pitakonan pilihan ganda ana 40 dene pitakonan andharan ana 5.
5. Menawa ana tulisan kang ora cetha utawa rusak matura marang Bapa/ Ibu pangawas!
6. Garapen pitakonan-pitakonan kang gampang luwih dhisik!
7. Garapen ing dlancang wangsulan kang sumadya kanthi menehi tandha ping (X) ing
wangsulanmu kang kokanggep bener dhewe!
8. Yen ana wangsulanmu kang kokanggep luput lan arep kobenerake, ora kena nganggo tipe
ex utawa setip, nanging kanthi cara kaya ngisor iki:
Sadurunge : a b c d e

Dibenerake : a b c d e

9. Tumrap pitakonan andharan, yen arep mbenerake wangsulan kang luput kanthi cara menehi
garis loro banjur nulisake wangsulan kang bener ing dhuwure!
10. Sugeng makarya, muga-muga kasil kanthi becik!

PITUDUH KUSUS:

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara a,
b, c, d, utawa e ing wangsulan kang bener!

Gatekna pada tembang Pangkur ing ngisor!

1. Mingkar mingkuring ing angkara


Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakarti ning ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji
2. Jinejer ing wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi sepa lir sepah asamun
Samasane pakumpulan
Gonyak-ganyuk nglelingsemi
3. Nggugu kersane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun samudana
Sesadoning adu manis
4. Uripe sapisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadi ta guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggung gumrunggung
Pindha padhane si mudha
Prandene paksa kumaki
5. Marma ing sabisa-bisa
Babasane muriha tyas basuki
Puruitaa kang patut
Lan traping angganira
Ana uga angger ugering kaprabun
Abon aboning panembah
Kang kambah ing siang ratri

1. Pada kang kang nerangake menawa manungsa iku ngedohi sifat angkara murka
lan ngajarake sifat kang becik yaiku pada nomer ....
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
e. 5

2. ………………………………………………………………………………………………
......Esuk iku, swasana ing kantor katon ora kaya biasane. Kabeh pawongan
katon padha sibuk mergane pancen dina iki kudu nggawe laporan bab
penjualane montor neng showroom. Pak Karto sing duwe showroom ya padha
melu sibuk amarga kudu ngecek laporan saka karyawane. “ Ton, iki laporanmu
wis dak tampa, pancen akeh montor sing wis dak dol luwih saka liyane.”
Swarane Pak Karto ngendhikan karo Anton. Anton mung mesem lan ora
sombong. Awit dheweke ya njaga perasaane kanca liyane sing isih akeh durung
mlebu target. “Ya cetha wae akeh, lha wong piyayine wae alus, sopan lan yen
ngendhikan enak dirungokake, dadine para pelanggan kepincut. Apamaneh
ditambah ngganteng sisan.” Ayu melu nggodha
Anton…………………………………………………………………………
Manut pethilan crita cekak ing dhuwur iku, panyerat anggone nudhuhake
watake paraga yaiku kanthi teknik…
a. Analitik.
b. Ekspositorik.
c. Dramatik.
d. Pragmatik.
e. Psikomotorik.

3. Awit saking punika, Pemerintah Kabupaten Sukoharjo Jawa Tengah, badhe


kadhapuk Kampung jamu ing Kecamatan Nguter, Kabupaten Sukoharjo.
Tembung kang kacithak kandel ing pethilan pawarta kasebut mujudake unsure

a. Sapa
b. Apa
c. Ing ngendi
d. Pira
e. Kenangapa

4. Ana ing omah Joglo ana perangan kang jenenge pendhapa utawa teras.
Perangan iki dumunung ing ngarep dhewe. Pigunane kanggo nampa tamu.
Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujude kang tinarbuka
ngemu teges yaiku ....
a. Luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake kerukunan
b. Manungsa iku duwe kewajiban nguri-nguri lan ngrembakake seni lan budaya
c. Urusan keluwarga iku dirembung kanthi bebarengan lan wong liya ora kudu
ngerti urusan pribadine keluwarga
d. Manungsa iku kudu tansah eling marang Gusti
e. Manungsa iku kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati

5. Panganan sing digawe saka beras dibuntel janur wujude pesagi, yaiku…..
a. Kupat
b. Lontong
c. Lemper
d. Randha royal
e. Karedok

Thiwul iki misuwur minangka jajanan pasar kang merakyat. Panganan iki
gampang ditemokake ing sawehne papan. Kocap kacarita thiwul iku minangka
panganan pokok masyarakat ing jaman panjajahan Jepang lan udakara ing
tahun 1960-an. Thiwul digawe saka pohung didadekna panganan pokok
kanggo penggantine beras.

6. Miturut teks ing dhuwur sing kalebu tembung saroja yaiku….


a. Kocap kacarita
b. Misuwur
c. Udakara
d. Digawe
e. Thiwul

7. ?pb]ikSe[mnB|k[lo[woznKe/jk=[go:1000:[w=o.
Yen ditulis nganggo huruf latin, yaiku……

a. Pabrik Semen buka lowongan kerja kanggo 1000 wong


b. Pabrik Sepatu buka lowongan kerja kanggo 1000 wong
c. Pabrik Semen buka lowongan kerja kanggo 2000 wong
d. Pabrik Semen buka lowongan kerja kanggo 4000 wong
e. Pabrik Semen buka lowongan kerja kanggo 7000 wong

Tembang Pocung

Pada 1
Angkara gung neng angga anggung gumulung
Gegolonganira
Tri loka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
Pada 2
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Tembang 3
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing sabrang
Ngon-ingone sang bupati
Yen lumampah si pocung lembeyan Grana
Tembang 4
Lila lamun kelangan nora gegetun
Triman yen kataman
Sak serik sameng dumadi
Tri legawa nalangsa srahing bathara
Tembang 5
Yeku patut tinulad-tulad tinurut
Sapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha-mudhi dhiri rapal makna
8. Miturut kumpulaning tembang pocung ing dhuwur. Tembang ingkang nerangake
wong golek ngelmu kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya kasil, yaiku……
a. 2
b. 3
c. 4
d. 5
e. 1

9. Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para


pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapa–bapa, Ibu-ibu, para rawuh
kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.
Pethilan teks pranatacara ing dhuwur minangka perangan ….
a. salam pambuka
b. ancasing gati
c. surasa basa
d. wasana basa
e. purwaka basa

Wacanen kanthi patitis


Nalika wonten adicara peresmian pabrik anyar, Pak Walikota sampun sagah
maringi sesorah utawi sambutan lan ngresmekake kanthi resmi pabrik kang
mapan ing Kutha Surakarta. Ananging ing dinten kasebut, Pak Walikota boten
saged rawuh awit wonten dhawuh kedah ing Jakarta. Awit sampun titi
wancinipun boten wonten gantosipun. Kepeksa Pak Kepala Dinas Perindustrian
ingkang rawuh ing adicara kasebut ingkang nyambut. Pak Kepala Dinas
sejatosipun boten siyap, awit dadakan lan boten wonten persiapan. Awit kedah
nyambut, Pak Kepala Dinas kepeksa maringi sambutan kanthi spontan
kemawon.
10. Miturut crita ing dhuwur. Pak Kepala Dinas anggone maringi
sesorah kanthi metodhe….
a. Ekstemporan
b. Mawi cathetan
c. Maos Naskah
d. Impromtu
e. Apalan

11. Tlatah Jawa iku ora bisa uwal saka upacara sakral adat Jawa. Salah sijine
yaiku babagan upacara temanten adat Jawa. Upacara temanten Jawa iku
duweni rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara temanten iki
nglambangake sapatemonan ing antarane penganten putri lan penganten
kakung ing kahanan sing mligi kaya dene raja lan ratu. Rantaman adicara
temanten adat Jawa ing saben laladan iku beda miturut kahanan ekonomi saben
kulawarga. Salah sijine upacara temanten Jawa yaiku upacara paningset.
Upacara paningset yaiku peranganing upacara temanten kang tegese naleni lan
duweni ancas yen calon penganten wanita wis nampa paningset saka calon
penganten kakung. Ubarampe kang utama utawa inti ana ing upacara paningset
yaiku….
a. Kalpika
b. Centhung
c. Cundhuk mentul
d. Gelang binggel
e. Kalung sungsun

12. Adicara ing duwur kalebuing trap-trapan mantu kang diarani….


a. Kacar kucur
b. Dahar klimahan
c. Upacara balangan suruh
d. Timbang
e. Sungkeman

13. ?p+yku+n\Af]iynike/janai=ainFus\t]isukucf=se[pf[mo[to/.
Ukara ing dhuwur latine ….
a. Fayakhun Adriyani kerja ana ingindustri suku cadang sepeda motor
b. Fayakhun Adriyani kerja ana ing industri suku cadang motor
c. Faykhun Adriyani kerja ana ing industri suku cadang sepeda motor
d. Fayakhun Adriani kerja ana ing industri suku cadang sepeda motor
e. Fayakhun Adriyan kerja ana ing industri suku cadang motor

14. Jangkepana tembang gambuh ing ngisor iki !

Kala mundurung lugu


Aja pisan wani ngaku-ngaku
…………………………………………..
Kena uga wenang muluk
Kalamun wuspadha melok
a. Antuk siku kang mangkono iku kaki
b. Mung kandhelku mendhel ngandhel takdir
c. Iku den awas dene mut
d. Den memet yen arsa momot
e. Mangkono mungguh ingsun

Bimbingan Belajar
“WASIS”
 Mangga para siswa kang kepengin gampang anggoneng adhepi ujian nasional
lan bisa mlebu perguruan tinggi favorit kanthi gampang aja kelalen daptar ing
bimbel “WASIS”
 Guru pembimbing kang professional
 Sarana kang modern
 Papan pasionan kang nyaman
 Papan kang gampang ditemokake amarga mapan ing pinggir dalan

AJA KELALEN YA !!!!!


Ajaken kanca-kancamu, aja sukses dhewekan !!!
Alamat: Jl. Randugosong No 46 Kaliwungu
Telpon: 0813261112130

15. Pariwara bimbel WASIS duweni prasarana….


a. Papan pasionan kang nyaman
b. Sarana kang mepet
c. Mapan ana ing kutha
d. Panggonane kebak hiburan
e. Guru pembimbingelulusansarjana

16. Gambar ing dhuwur perangan gamelan kang arane.....


a. Kenong
b. Bonang
c. Gong
d. Kendang
e. Slenthem

17. Gambar gamelan ing dhuwur cara nabuhe yaiku....


a. dikeplak nganggo epek-epek
b. dithuthuk
c. dipetik
d. digesek
e. disebul

Wacanen teks ing ngisor iki!

Gamelan kanggo Tombo Ati


Jaman iki sansaya maju. Pamikirane bebrayan ya tambah maju. Semono
uga ngenani ngrembakane musik kang dadi kekaremane bebrayan, uga
tambah akeh pilihane lan keblate menyang negara-negara maju.
Dene musik-musik lokal lan tradhisional malah dikiwakake, mligine
dening geneasi mudha saiki. Ngendikane Bambang Suhendra guru SMK 8
Solo, apa kang kelakon iku sakjane salah kaprah. Sebab, musik tradhisional
saiki malah dadi golekane bangsa maju, tulathane gamelan.
“jroning gamelan, cara nabuhe nggunakake rasa lan ngamot rasa kang
jero lan tandhes sarta piwulang luhur. Gamelan bisa dadi tamba ati. Ing
negara modern alah kanggo piranti terapi,”pratelane Bambang , nalika
ditemoni sawetara wektu kapungkur.

18. Teks ing dhuwur, kalebu jenis teks.......


a. Eksposisi
b. Argumentasi
c. Narasi
d. Persuasi
e. Deskripsi
Gatekna perangan gambar gamelan ing ngisor iki!
1.

2.

3.

4.

5.

19. Perangan gambar gamelan ing dhuwur kang jenenge gambang yaiku
nomer.......
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
e. 5

20. Montor sing arep melu uji emisi ana 169 cacahe,dene montore tanggaku wis
diuji emisi ping 4 iki nanging durung lulus. Ukara ing dhuwur menawa ditulis
nganggo aksara Jawa yaiku ....
a. [mo[nT/osi=ax[pMluaujiaemisian;169;cc[a,
[f[n[mo[nTo[r[t=o[gokuwisFiauji[amisipi=;4;aikinzi=furu=lulus\,
b. [mo[nT/osi=are[pMluaujiaemisian;139;cc[a,
[f[n[mo[nTo[r[t=o[gokuwisFiauji[amisipi=;5;aikinzi=furu=lulus\,
c. [mo[nT/osi=ax[pMluaujiEmisian;169;cch[a,
[f[n[mo[nT/o[rt=gkuwisFiaujiEmisipi=;8;aikinzi=furu=lulus\,
d. [mo[nT/osi=are[pMluaujiOmisian;149;cch[a,
[f[n[mo[nT/o[rt=gkuwisFiaujiEmisipi=;4;aikinzi=furu=lulus\,
e. [mo[nT/osi=are[pMluaujiEmisian;168;cch[a,
[f[n[mo[nT/o[rt=gkuwisFiaujiUmisipi=;9;aikinzi=furu=lulus\,
21. ?Um/wisFfiw/gnegrI[nFo[nsiy. Aksara latine yaiku…..
a. Umar wis dadi warga Indonesia
b. Omar wis dadi warga Indonesia
c. Umar wis dadi warga India
d. Omar wis dadi warga India
e. Indonesia kuwi warga kenegaraanku

22. ?sfuru[zsinaul[nFozluwihbecik\………..disikSupyHsilaujia[nHpik\.Jangkepi
cecek-cecek ukara ing dhuwur.
a. IkTiy/
b. HkTiy/
c. AkiTy/
d. akTy/
e. akTiy/
Gateka tembang dhandhanggula ing ngisor iki!

Yogyanira kang para prajurit


Lamun bisa samya anuladha
Kadya nguni caritane
Andelira sang Prabu
Sasrabau ing Maespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purune kang den antepi
Nuhoni trah utama

23. Miturut Tembang Dhandhanggula ing dhuwur dicritakake yen Patih Suwanda
iku dadi panuladhan awit...
a. Lelabuhane kang gedhe kanggo negara Maespati.
b. Ora lali marang jasane kang wis ngangkat drajate.
c. Jasane gedhe kanggo negara Alengka.
d. Duweni watak kang seneng tetulung.
e. Wani mati bela negarane.
Gateka tembang dhandhanggula ing ngisor iki!

Den mungsuhken kadange pribadhi


Aprang tanding lan sang Dananjaya
Sri Karna suka manahe
Degonira pikantuk
Marga denya arsa melas asihira sang Duryudana
Ira sang Duryudana
Marmanta kalangkung
Denya ngetog kasudiran
Aprang rame kama mati jinemparing
Sumbaga wirotama

24. Pitutur luhur sing bisa dijupuk saka paraga Karna ing tembang dhandhanggula
ing dhuwur yaiku…..
a. Mbelani negarane tinimbang sedulure ing perang baratayudha
b. Gugur mbelani negarane saka pangamuke wadyabala prabu ramawijaya
c. Setya marang rajane
d. Mbelani sedulure
e. Perang tanding nglawan buta saka Ngalengka

Dadi abdi iku kudu pinter, bisa gawe sugih negarane, lan nurut marang
Negara sarta rajane. Iku ginambaran dening paraga patih Suwanda kang
bekti lan setya marang negarane. Kayadene paraga Sumantri kang ngenger
marang Prabu Arjuna sasrabahu setya lan nurut kabeh dhawuh pangandikan
Gustine.

25. Saka andharan ing dhuwur sing nuduhake nilai guna, kaya lan purun
yaiku……..
a. Dadi abdi iku kudu pinter, bisa gawe sugih negarane, lan nurut marang
Negara sarta rajane
b. bisa gawe sugih negarane
c. nurut marang Negara sarta rajane
d. ginambaran dening paraga patih Suwanda kang bekti lan setya marang
negarane
e. paraga Sumantri kang ngenger marang Prabu Arjuna sasrabahu setya
lan nurut kabeh dhawuh pangandikan Gustine

Gatekana ukara ing ngisor iki!


1. Dadi bocah kuwi kudu sabar sareh mesthi bakal pikoleh.
2. Ora usah rebutan bener mengko bakal katon dhewe sapa sing salah
bakal seleh.
3. Aja ngendhelake anake wong wiryab lan sugih banda, durong mesthi
darbe kapinteran sarana ngupaya boga.
4. Yen madhang ora usah karo ngombe, mundhak kekarepane ora kagayuh.
5. Aja mung ngagungake duwe pangkat lan bandha, jalaran pangkat lan
bandha iku mau bisa sirna sadurunge sira pralaya.

26. Ukara ing dhuwur endi kang kalebu gugon tuhon.......


a. 4
b. 5
c. 1
d. 2
e. 3

Wacanen wacana ing ngisor iki!


Minangka anak sakmesthine duwe rasa urmat marang wong tuwa
ibarat “aja sira wani marang atuwanira, jalaran sira bakal kena bendu saka
kang murbeng dumadi “. Saka andharan iku bisa dimangerteni menawa
kanggone wong Jawa, wong tuwa iku utama ateges lku kudu diajeni, diurmati
kanthi gelem ngajeni lan ngurmati ateges diarani anak sing bekti. Menawa
matur ana sangarepe wong tuwa prayogane kudu nganggo basa kang alus
lan kepenak dirungokake, ya mesthine nganggo basa Jawa karma. Aja pisan-
pisan wani marang wong tuwa amarga iku bisa diarani anak kang duraka.

27. Apa isi pokok wewaler wacan ing dhuwur….


a. Anak sakmestine duwe rasa urmat marang wong tuwa
b. Yen matur ana sangarepe wong tuwa prayogane kudu nganggo basa
kang alus lan kepenak dirungokake
c. Bakal kena bendu saka kang murbeng dumadi
d. Yen matur marang wong tuwa nganggo basa Jawa karma
e. Aja pisan-pisan wani marang wong tuwa amarga iku bisa diarani anak
kang duraka

Wacanen wacana ing ngisor iki!


Sajroning urip ing bebrayan prayogane aja siramulang gething
marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwise.
Saka andharan kasebut bisa dimangerteni menawa urip ing bebrayan kuwi
bisa ana ing ngendi wae. Ana ing sekolahan minangka bocah sekolah
sejatine aja nganti ana rasa gething, anyel, lan cubria marang kancane,
amarga kanthi kawetuning rasa kang kaya mengkono kuwi mau bisa njalari
cecongkrahan marang kanacne dewe. Ora kacipta urip bebrayan kang rukun,
pada urmat lan ngurmati.

28. Nilai kang kamot ing sajroning wacan wewaler ing dhuwur yaiku………
a. Yen urip bebrayan ana ing ngendi wae, aja nganti ana rasa gething, lan
cubria amarga bisa njalari cecongkrahan.
b. aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur
cecongkrahan kang ora ana uwise
c. Sajroning urip ing bebrayan prayogane aja sira mulang gething marang
liyan.
d. Menawa urip ing bebrayan kuwi bisa ana ing ngendi wae
e. kang kaya mengkono kuwi mau bisa njalari cecongkrahan marang
kanacne dewe. Ora kacipta urip bebrayan kang rukun, pada urmat lan
ngurmati

Wacanen wacana ing ngisor iki!


Aja mangan ning ngarep lawang, mengko ana bethara kala
ngangklang jagad. Tembung iki negesake menawa manganing ngarep
lawang kuwi ora ilok. Yen dilakoni bakal ora jenak mangane, amarga lawang
kuwi saranane wong liwat mlebu metu omah. Ora panggonan kanggo
mangan.

29. Filosofi wewaler ing sajroning wacana ing dhuwur yaiku………


a. Lawang kuwi sarana ne wong kanggo liwat mlebu metu omah.
b. ana bethara kala ngangklang jagad
c. panggonan kanggo mangan
d. panggonan kanggo apa bae
e. yen mangan ing ngarep lawang kuwi ora ilok.

Kanggo soal no 30-31

Upamane wong lumaku


Marga gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karendhet ing ri
Apese kasandhung padhas
Babak bundhas anemahi

30. Tembang ing dhuwur kalebet tembang….


a. Kinanthi
b. Pocung
c. Gambuh
d. asmaradana
e. dhadh
f. anggula

31. Ukara kang kacetak kandel nduweni teges…


a. Yen kurang pangati-ati
b. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan
c. Pungksane bakal gawe lara awake dhewe
d. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

Mangka kanthining tumuwuh


Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip

32. Prayatan ing ngisor iki kang jumbuh karo wos surasane tembang ing dhuwur
yaiku ….
a. Manungsa kudu tansah njaga alam donya
b. Tansah eling marang tangga teparo
c. Supaya dicedhakne marang Gustine
d. Wong urip iku kudu sregep nyambut gawe
e. Sangune urip yaiku tansah waspada lan eling

Wacanen geguritan ing ngisor iki!


Tresna Wurung
Dening: Chris Papa Jaya

nadyan angin wengi wiwit njiwit kulit


nanging mripat iki panggah akedhep tesmak
wewayanganmu kang tansah liwat ngujiwat
nggodha ati suwung, tumlawung
tresna wurung
dhuh, uwong ayu gantilaning ati
kamitegan, kowe cidra ing janji
oncat datan pepoyan
katut priya tumpakan sedan
lan aku muhung tetep lumaku
atut saparaning suku
sangu ati kang saya wuru

33. Geguritan kanthi irah-irahan Tresna Wurung ing dhuwur iku nyritakake….
a. Wong lanang kang katut karo wong wadon.
b. Wong lanang kang ditinggal sisihane merga bandhane entek.
c. Wong wadon sing kepincut marang wong lanang sing bagus rupane.
d. Wong lanang sing nyidrani janji wong wadon merga kepincut bandhane liyan.
e. Wong wadon sing nyidrani janji wong lanang merga kepincut bandhane liyan.

34. Ludira kadya kandheng. Tegese tembung kang kagaris ngisor yaiku ....

a. Getih
b. Sirah
c. kringet
d. Angin
e. Geni

35. Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku ....


a. Swasana kang peteng
b. Lintang kang njerit
c. Lintang kang abyor
d. Langit kang kebak mendhung
e. Ora katon srengenge

36. Bledug kuwu iku mapan ing Grobogan. Yen tinulis kanthi aksara Jawa yaiku….
a. bLefugKuwuaikumpnHi=[8]o[bogn\
b. bLesugKuwuaikumpnHi=[8]o[bogn\
c. bLenugKuwuaikumpnHi=[8]o[bogn\
d. bLetugKuwuaikumpnHi=[8]o[bogn\
e. bLefugKusuaikumpnHi=[8]o[bogn\

37. Tulisan “Sarmuji tukua klambi ing Semarang” sing bener yaiku .....
a. ?$/mujitukuwkLmBiai=$emr=.
b. ?$mujitukukLmBiai=semr=.
c. ?s/mujitukukLmBiai=semr.
d. ?s/mujitukukLmBiai=$emr=.
e. ?$/mujitukukLmBiai=$emr=.

Nulada laku utama


tumrape wong tanah Jawi
wong agung ing Ngeksigondo
Panembahan Senapati
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amemangun karyenak tyasing sasama

38. werdine Nulada laku utama yaiku.....


a. Nyonto tumindak kang becik
b. Tansah gawe senenge wong liya
c. Urip kudu bisa meper hawa lan nepsu
d. Kalakone panggayuh iku seneng tapa brata
e. Tansah prihatin

39. Ing cerita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune
sanajan anggone dhawuh iku ngetokake nyawa, nanging Bima ora nggresula.
Saka crita kasebut pamireng ngreti yen karep saka crita iku supaya murid bekti
karo gurune. Perangan iku mapan ana ing crita kang diarani .....
a. Pesen / amanat
b. Paraga
c. Watak paraga
d. Latar
e. Alur

40. Wiwit purwa, madya, lan wusanane pinaringan wilujeng. Madya tegese .....
a. Tengah
b. Ngapurancang
c. Irama
d. Tinemu
e. Manis
II. Wangsulana pitakonan iki kanthi bener!

1. Benerna ukara kang kurang trep ana ing pacelathon ngisor iki !

Dimas : “Bapak. Kula ajeng kandha yen dinten Senin ngarep kula
ajeng tindak PKL wonten Semarang.”
Bapak : “lha kancamu cah pira?”
Dimas : “Tiga Pak”
Bapak : “Ing perusahaan apa iku Nang?”
Dimas : “Perusahaan Nasmoco Pak.”
Bapak : “Iya, pokoke pesene bapak tetep sing ati-ati lan tenanan”.
Dimas : “Inggih Pak.”
Bapak : “Diterna saka sekolahan apa budhal dhewe?”
Dimas : “Diterke saking sekolah Pak.”
Bapak : “Mulai saiki dipersiapna apa wae sing kudu mokgawa sesuk.”
Dimas : “Inggih Pak, sampun.”
Bapak : “Kana ndang ngendika karo ibumu ben direwangi siap-siap.”
Dimas : “Inggih Pak, maturnuwun.”

2. Gawea paragrap deskripsi ngenani panganan tradisional Jawa arupa “Tumpeng


gunung sari”!

3. Gawenen panutuping sesorah tanggap wara ing pengetan Hari Bahasa Ibu
Internasional !

4. Wonten ing Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula. Patih Suwanda iku nduweni
lelabuhan tumrap Prabu Maespati. Coba sebutna apa wae lelabuhane Patih
Suwanda lan jlentrehna kanthi ringkes!

5. “Dewi Sartika ngrintis sekolah Kautaman Istri 1910 kang madeg ing sawetara
papan ing Bandung lan jaba Bandung. “Tulisen nganggo aksara Jawa!
KUNCI JAWABAN SOAL UTAMA UJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA
SMK KURIKULUM 2013
PROVINSI JAWA TENGAH TAHUN PELAJARAN 2018 / 2019

I. Wangsulan

1.A 11.A 21.A 31.A


2.A 12.A 22.A 32.A
3.A 13.A 23.A 33.A
4.A 14.A 24.A 34.A
5.A 15.A 25.A 35.A
6.A 16.A 26.A 36.A
7.A 17.A 27.A 37.A
8.A 18.A 28.A 38.A
9.A 19.A 29.A 39.A
10.A 20.A 30.A 40.A

II. Wangsulan

1. Pacelathon kang bener.

Dimas : “Bapak. Kula ajeng matur menawi dinten Senin ngajeng kula ajeng
kesah PKL wonten Semarang.”
Bapak : “lha kancamu cah pira?”
Dimas : “Tiga Pak”
Bapak : “Ing perusahaan apa iku Nang?”
Dimas : “Perusahaan Nasmoco Pak.”
Bapak : “Iya, pokoke pesene bapak tetep sing ati-ati lan tenanan”.
Dimas : “Inggih Pak.”
Bapak : “Diterna saka sekolahan apa budhal dhewe?”
Dimas : “Diterke saking sekolah Pak.”
Bapak : “Mulai saiki dipersiapna apa wae sing kudu mokgawa sesuk.”
Dimas : “Inggih Pak, sampun.”
Bapak : “Kana ndang matur karo ibumu ben direwangi siap-siap.”
Dimas : “Inggih Pak, maturnuwun.”

2. Tumpeng yaiku wujud sega sing umume dienggo sega kuning. Sega iki
disuguhake karo lawuh lan wangune bucu amarga saka kuwi diarani sega
tumpeng. Tumpeng biasane dienggo ing acara-acara resmi lan boten resmi.
Acara resmi menika kadosta pambukaan kantor enggal utawa took, acara boten
resmi kadosta acara mengeti tanggap warsa sawijining tiyang. Makna filosofi
tumpeng yaiku pangarep-arep supaya urip saya munggah lan dhuwur ing bab
drajat, pangkat, lan martabat.

3. Minangka pupating rembag, mbok bilih anggenkula ngaturaken atur ing dinten
Pendidikan Nasional punika cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani
pamanggih. Kula tansah mawantu-wantu nyuwun lumbering samodra
pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun
4. Nasibe manungsa mbesuk ora ana sing bisa mangerteni. Sanadyan kapisanane
amung wong biasa lan kaya ora nduweni kadigdayan, nanging bisa uga mbesuk
dadi wong pinter kang kepenak uripe lan bisa andum kabecikan marang liyan.
Banjur, kanggo anggayuh kasuksesan mangkono iku, bocah kudu didhidhik wiwit
isih cilik ngenani bab-bab kang luhur. Ora malah diwuruki ngenani bab-bab kang
ala. Ing tembe mburine, bocah nduweni kabebasan milih dalan uripe dewe,
nanging wong tuwa uga kudu tetep bisa ngarahake bocah supaya ora salah milih
dalan uripe lan ora dadi keblinger.

5. ?[f[wi$/tikz}inTisse[kolh$
[kol@autmn\IsT]i”1910”k=mfegHi=swetrppnHi=*nFu=lnJb*nFu=.
[d[w[kaugzfegH[kse[kolh@erjinn\Aml\$etia”1911”.
KAIDAH PENULISAN/TELAAH SOAL PILIHAN GANDA Rembang, Februari 2017
Mata Pelajaran :
Penulis/Penelaah :
..........................................
No Aspek yang diperahtikan No. Soal
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20
A Materi
1 Soal sudah sesuai dengan indikator soal dalam kisi-kisi.
2 Materi yang ditanyakan sesuai dengan jenis tes/bentuk soal yang
dipergunakan.
3 Pilihan jawaban homogen dan logis ditinjau dari segi materi
4 Hanya ada satu kunci jawaban yang benar atau yang paling benar.
B Kontruksi
1 Pokok soal dirumuskan dengan singkat, jelas, dan tegas
2 Rumusan pokok soal dan pilihan jawaban merupakan pernyataan
yang diperlukan saja
3 Pokok soal tidak memberi petunjuk ke arah jawaban yang benar
4 Pokok soal bebas dari pernyataan yang bersifat negatif ganda
5 Panjang rumusan pilihan jawaban harus relatif sama
6 Pilihan jawaban jangan mengandung pernyataan ”Semua pilihan jawaban
di atas salah” atau ”Semua pilihan jawaban di atas benar”
7 Pilihan jawaban yang berbentuk angka atau waktu harus disusun
berdasarkan urutan besar kecilnya nilai angka tersebut atau kronologinya
8 Gambar, grafik, tabel, diagram, atau sejenisnya harus jelas dan berfungsi
9 Butir soal jangan bergantung pada jawaban soal sebelumnya
C Aspek Bahasa dan Budaya
1 Setiap soal harus menggunakan bahasa yang sesuai dengan kaidah
bahasa Indonesia
2 Jangan menggunakan bahasa yang berlaku setempat jika soal akan
digunakan untuk daerah yang lain atau nasional.
3 Setiap soal harus menggunakan bahasa yang komunikatif
4 Setiap pilihan jawaban jangan mengulang kata atau frase yang bukan
merupakan satu kesatuan pengertian
5 Soal tidak boleh menyinggung suku, agama, ras, antar golongan (SARA)
6 Soal tidak boleh bermuatan politik, pornografi, promosi produk komersial
(iklan) atau instansi (nama sekolah, nama wilayah), kekerasan, dan
bentuk lainnya yang dapat menimbulkan efek negatif atau hal-hal yang
dapat menguntungkan atau merugikan kelompok tertentu
KAIDAH PENULISAN/TELAAH SOAL PILIHAN GANDA Rembang, Februari 2017
Mata Pelajaran :
Penulis/Penelaah :
..........................................
No Aspek yang diperahtikan No. Soal
21 22 23 24 25 26 27 28 29 30 31 32 33 34 35 36 37 38 39 40
A Materi
1 Soal sudah sesuai dengan indikator soal dalam kisi-kisi.
2 Materi yang ditanyakan sesuai dengan jenis tes/bentuk soal yang
dipergunakan.
3 Pilihan jawaban homogen dan logis ditinjau dari segi materi
4 Hanya ada satu kunci jawaban yang benar atau yang paling benar.
B Kontruksi
1 Pokok soal dirumuskan dengan singkat, jelas, dan tegas
2 Rumusan pokok soal dan pilihan jawaban merupakan pernyataan
yang diperlukan saja
3 Pokok soal tidak memberi petunjuk ke arah jawaban yang benar
4 Pokok soal bebas dari pernyataan yang bersifat negatif ganda
5 Panjang rumusan pilihan jawaban harus relatif sama
6 Pilihan jawaban jangan mengandung pernyataan ”Semua pilihan
jawaban di atas salah” atau ”Semua pilihan jawaban di atas benar”
7 Pilihan jawaban yang berbentuk angka atau waktu harus disusun
berdasarkan urutan besar kecilnya nilai angka tersebut atau
kronologinya
8 Gambar, grafik, tabel, diagram, atau sejenisnya harus jelas dan
berfungsi
9 Butir soal jangan bergantung pada jawaban soal sebelumnya
C Aspek Bahasa dan Budaya
1 Setiap soal harus menggunakan bahasa yang sesuai dengan kaidah
bahasa Indonesia
2 Jangan menggunakan bahasa yang berlaku setempat jika soal akan
digunakan untuk daerah yang lain atau nasional.
3 Setiap soal harus menggunakan bahasa yang komunikatif
4 Setiap pilihan jawaban jangan mengulang kata atau frase yang bukan
merupakan satu kesatuan pengertian
5 Soal tidak boleh menyinggung suku, agama, ras, antar golongan(SARA)
6 Soal tidak boleh bermuatan politik, pornografi, promosi produk
komersial (iklan) atau instansi (nama sekolah, nama wilayah),
kekerasan, dan bentuk lainnya yang dapat menimbulkan efek negatif
atau hal-hal yang dapat menguntungkan atau merugikan kelompok
tertentu

You might also like