You are on page 1of 1

Jum’at, 18 September 2020

PUNAKAWAN
Raden Janaka duwe rewang papat
cacahe. Rewange Raden Janaka iku
jenenge Punakawan. Menyang
ngendi wae Raden Janaka tindak
punakawan iku tansah ngetukake.
Punakawan sing tuwa iku kang aran
Semar uga diarani pamomong.
Semar iku seatine Bethara Ismaya.
Uga diarani Ki Lurah Badranaya. Mapane ing padhukuhan Karang Kedhempel. Semar
duwe anak telu cacahe lanang kabeh. Sing mbarep jenengen Nala Gareng. Uga diarani
Cakrawangsa. Cirine Gareng iku mripate kera, tangane ceko, lan sikile gejik. Anak
nomer loro iku arane Petruk. Uga peparap Lengkung Kusuma. Dedeg piadege dhuwur
lan irunge dhawa lan duwe gaman pethel. Ana ing crita wayang Petruk tau dadi ratu.
Amarga kadunungan jimat kalimasada duweke Prabu Puntadewa. Dene sing nomer
telu jenenge Bagong. Uga aran Bawonsari. Dedeg piadhege endek lemu, mripat lan
lambene uga amba. Punakawan iku nggambarake kawula kang prasaja. Nurut lan
tansah setya tuhu anggone ngabdi marang bendarane.

Gladhen 1
Wangsulana?
1. Piro cacahe punakawan kuwi?
2. Punakawan sing mbarep arane?
3. Ing ngendi mapane semar kuwi?
4. sapa wae jenenge anake semar?
5. Apa arane bagong?

Gladhen 2

Tulisen ciri punakawan ing buku tulismu!

NB : Dikerjakan dibuku sampul warna biru soal jawab?

You might also like