You are on page 1of 3

ULANGAN BASA JAWA BAB 1 KELAS 9

A. Pilihen siji wangsulan (A, B, C utawa D) sing kokanggep paling bener!


Wacanen kang setiti!
KASENENGAN MACA ISIH MRIHATINAKE
Mrihatinake banget, masyarakat Indonesia kalebu bangsa kang ora seneng maca. Miturut
Menteri Pendidikan dan Kebudayaan Bapak Anies Baswedan, saka 61 negara kang nduweni daftar
literature, Indonesia mapan ing urutan ka-60, alias nomer loro saka mburi.
Dhemen maca utawa kasenengan maca iku kalebu pakulinan becik amarga bisa njalari pikiran
sehat, ngurangi stress, nambah kwaruh basa lan tetembungan, lan sing mesthi nambah ilmu.
Pak Menteri ngendika yen wong Indonesia iku isih during seneng maca, luwih seneng ngobrol,
jagongan. Buktine ing saben panggonan senajan wis ana pengumuman tinulis, isih mbutuhake
pengumuman kang dibiwarakake lumantar lisan, yaiku liwat pengeras suara. Pangandikane Pak Anies
mau nalika “Gerakan Indonesia Membaca” ing Lebak, Kamis 13 Maret 2016.
Senajan mengkono Indonesia kalebu Negara kang maju ing bab sarana lan prasarana
perpustakaan. Indonesia mapan ing peringkat 35 sadhuwure Negara maju kaya ta Portugis, Jerman,
Austria, Selandia Baru, Malaysia lan Singapura. Emane perpustakaan kang wis akeh dibangun, ora
dimanfaatake samesthine dening masyarakat, utamane dening para siswa lan generasi mudha.
Pemerintah wis gawe peraturan kang njurung kasenengan maca masyarakat, utamane kanggo
para siswa, yaiku lumantar Peraturan Menteri dan Pendidikan Nomer 23 tahun 2015 ngenani
penumbuhan budi pekerti. Ing peraturan menteri mau disebutake, para siswa wajib maca sethithike 15
menit saben dinane. Kewajiban maca tumrap siswa mau wigati banget kanggo ngulinakake generasi
mudha supaya dhemen maca.

1. Saka 61 negara kang nduweni dhaftar literatur, bangsa Indonesia kalebu Negara kang durung
nduweni kasenengan maca sebab ….
A. Pendhuduke akeh banget
B. Perpustakaane apik lan komplit
C. Manggon ing urutan 60
D. 50% wargane durung bisa maca
2. Mrihatinake banget sebab akeh uwong sing luwih seneng ….tinimbang maca buku.
A. Ngobrol, jagongan C. SMS, WA, BBM-an
B. Mangan lan turu D. Nyambut gawe lan sinau
3. Saka wacan ing dhuwur, Indonesia kalebu Negara kang …ing bab sarana lan prasarana
perpustakaane.
A. Mrihatinake C. Maju
B. Cukup D. Modern
4. Pemerintah wis gawe peraturan bab penumbuhan budi pekerti, yaiku …
A. PP no. 19 taun 2007 C. Permendiknas no. 23 taun 2015
B. Permendikbud no. 23 taun 2015 D. Pergubjatim no. 19 taun 2014
5. Ing peraturan mau ana kuwajiban kanggo para siswa, yaiku ….
A. Maca 15 buku saben dina C. Maca 15 menit saben dina
B. Maca 15 kaca saben dina D. Maca ping 15 saben dina
6. Struktur teks asil observasi iku dumadi saka:
A. Bebuka, surasa, isi, panutup
B. Adangiyah, surasa, wasana basa, peprenahan
C. Bebuka, piguna, definisi bageyan, panutup
D. Bebuka, definisi bageyan, piguna, panutup
7. Kalebu pada definisi bageyan kaya ing ngisor iki ….
A. Indonesia mapan ing urutan ka-60, alias nomer loro saka mburi
B. Senajan mengkono Indonesia kalebu Negara kang maju ing bab sarana lan prasarana
perpustakaan
C. Dhemen maca utawa kasenengan maca iku kalebu pakulinan becik amarga bisa njalari pikiran
sehat, ngurangi stress, nambah kawruh basal an tetembungan, lan sing mesthi nambah ilmu.
D. Kuwajiban tumrap siswa mau wigati banget kanggo ngulinakake generasi mudha supaya
dhemen maca.
8. Ing ngisor iki panulisane sing bener yaiku ….
A. Kabeh siswo kudu njaga karesikan sekolah
B. Sopo dino iki sing ora mlebu?
C. Ayo kabeh pemudha njaga kesatuan bangsa!
D. Saben wayah bengi bayi iku nanges wae
9. Sing bener panulisane yaiku ….
A. Para mudha aja wedi ing rekasa C. Para muda aja wedi ing rekasa
B. Para mudha aja wedhi ing rekasa D. Para muda aja wedhi ing rekasa
10. Sing bener panulisane ….
A. Akeh wong pada dolen nang pantai C. Akeh wong padha dolen nang pantai
B. Akeh wong pada dolen nang pante D. Akeh wong padha dolen nang pante
11. Tuladhane ukara sing gawe temung homonym yaiku ….
A. Adhik dulinan layangan nalika bapak lagi nulis layang
B. Ibu lagi mecel terong nalika bapak lagi mecel kayu
C. Aku sinau bab jejer, wasesa, lesan lan ketrangan
D. Aku mung isa gedeg-gedeg nalika weruh omahe saka gedeg sing arep ambyuk.
12. Tembung sing padha tulisane, padha macane nanging beda artine diarani …..
A. Homograf C. Homofon
B. Homonim D. Homogram
13. Tuladhane ukara sing gawe tembung homograf, yaiku ….
A. Mas waras isih durung waras
B. Pak dhokter bisa nangani pasien sing kena bisane ula
C. Mesthi wae kowe njejeri aku pas lagi sinau jejer lan wasesa
D. Ibu lagi mecel terong nalika bapak lagi mecel kayu
14. Pangertiane homograf sing bener yaiku ….
A. Padha tulisan, padha maca, padha artine
B. Padha tulisane. Padha macane, beda artine
C. Padha tulisane, beda macane, beda artine
D. Padha tulisane, beda macane, beda artine
15. Aksara jawa cacahe ana ….
A. 20 C. 25
B. 21 D. 26

Gatekna wacan ing ngisor iki!


REKAYASA UWUH
Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik.
Uwuh organic yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa
panganan, godhong lan liyan-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses
prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastic lan liyan-liyane. Sakabehing uwuh mau
menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa
nyebabake lelara.
Kanthi nggunakake teknologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa migunani
maneh. Ngupaya uwuh iki bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didaur ulang, didakekake kompos, lan
didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh kanthi daur ulang biasane awujud
uwuh sing arupa uwuh anorganik dene carane nggae dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane
obongan didadekake lemah urug. Cara kaping pindho yaiku uwuh didadekake kompos. Nggawe
kompos iki bisa kanthi cara nglumpukake uwuh organic banjur ditutup kanthi rapet. Sawise uwuh
organic bosok dadi lemah, sisa uwuh mau bisa digawe rabuk tetanduran. Kaping telu nggunakake
uwuh supaya dadi barang kerajinan. Nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan iki bisa awujud
saka uwuh organic lan uwuh anorganik. Uwuh oragnik bisa didakekake barang kerajinan upamane tas
saka enceng gondhok. Uwuh anorganik upamane plastic bungkus panganan bisa digawe tas utawa
kerajinan liyane. Sing cetha menawa masyarakat bisa kreatif, uwuh sing maune dadi reretu saka
rekayasa malah bisa miguna lan nduweni nilai tambah.
16. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?
A. Jinise uwuh C. Paedahe uwuh
B. Rekayasa uwuh D. Bebayane uwuh

17. Uwuh bisa kaperang dadi ….


A. 2 C. 4
B. 3 D. 5
18. Uwuh organik bisa diolah dadi ….
A. Kompos C. fosil
B. Bahan urugan D. watu akik
19. Plastik, wesi, kaca kalebu uwuh ….
A. Organik C. campuran
B. Anorganik D. gas
20. Uwuh sing ora diopeni kanthi becik bakal nuwuhake sakehing masalah kajaba ….
A. Ambu ora enak C. reretu
B. Lelara D. kompos

B. Jawaben singkat!
1. Teks sing ditulis miturut asil observasi …..
2. Basa Jawane bait yaiku ….
3. Basa Jawane baris yaiku …..
4. Tembang …… yaiku tembang sing macane papat papat.
5. Ater-ater = awalan,
seselan = sisipan,
……... = akhiran

C. Tulisen nganggo Aksara Jawa!


1. Ditukokake 3. Lemah 5. Rembugan
2. Dipundhutake 4. Sesilih

You might also like