You are on page 1of 2

Si Kotrek

Ing wayah pandemi iki, kabeh siswa sekolah sinau online


ing ngomah.
Kotrek uga sinau online saka ing ngomah.
Saben jam wolu isuk wulangan online diwiwiti.
kotrek lan kanca-kancane sinau bareng-bareng diwulang
bu Astutik.
Anggone sinau nganggo aplikasi zoom.
Wulangan bubar jam sewelas awan.
Sawise wulangan online, Kotrek banjur dolanan HP nganti
bengi.
Akeh tugas sing diparingi bu Astutik ora digarap.
Kotrek luwih seneng dolanan game online, nonton video ing youtube lan liya-
liyane.
Kotrek nganti lali mangan lan ngombe. Mripate katon abang amargo nonton HP
terus.
Yen ibu utawa bapak ngandani, Kotrek malah nesu.
Kadang kala Kotrek nonton HP nganti jam 12 bengi, ing wayah isuk Kotrek tangi
kawanen.
Kotrek kerep telat anggone mlebu ing wulangan.
Kotrek ora bisa konsentrasi ing wulangan.
Bijine Kotrek ala kabeh amarga Kotrek ora mudeng apa-apa.
Kotrek durung bisa dadi bocah sing dhisiplin.
Sipat kaya Kotrek iku ora pareng ditiru.

You might also like