a. Unggah-ungguhing basa Jawi menika kaginakaken dhasaripun dimensi personal (kalenggahanipun tiyang/ piyantun ingkang kakanthi wawan pangandikan). Beda kalihan basa manca (Inggris) ingkang dhasaripun dimensi temporal (tenses utawi wekdal). Andhedasar kalih pangertosan menika, unggah-ungguhing basa inggih menika tiyang ingkang nindakaken sesrawungan wonten ing bebrayan agung tansah ngugemi lan lelandhesan paugeran ingkang wonten ing masyarakat, saged ngungak kawontenan saha papan (panggenan) utawi empan papan. Pramila unggah-ungguhing basa menika sayektosipun kalebet prekawis milah saha milih basa wonten ing pasawungan, andhedasar sesambunganipun (hubungan) antawisipun tiyang (pryantun) ingkang sami gineman. Tuladha: - Bapak : Nduk, wes bengi langsung turu ojo dolanan hp wae, Bapak arep lunga nyang dhaleme Pak Rahmat sedelo. - Aku : Aku turu awit sore dino iki, koe opo wes sido lunga menyang bioskop? b. Leksikon ing bahasa jawi 1) Leksikon Ngoko Tuladha: Abang, Arep, Lunga, lan Aweh. 2) Leksikon Madya Contoh: Empun, Onten, Ajeng, lan Teng. 3) Leksikon Krama Tuladha: Abrit, Benten, Cekap, lan Dalu. 4) Leksikon Krama Inggil Tuladha: Dhahar, Pinarak, Kondur, lan Rawuh. 5) Leksikon Krama Andhap Tuladha: Sare, Tindak, Asta, lan Suwun. 6) Leksikon Krama Netral Tuladha: Sapu, Radio, Pelem, lan Coro. 7) Leksikon Kasar Tuladha: Mata, Untu, Endhas, lan Uteg.
2. Unggah-ungguh basa Jawi:
a. Unggah-ungguh kepareng dados sekawan, yoiku: 1) Ngoko Lugu 2) Ngoko Andhap 3) Krama Lugu 4) Krama Inggil b. Tuladha: 1) Ngoko lugu : Mas, kowe apa wis tau lunga menyang Jakarta? Yen durung sesuk dakterke numpak sepur. 2) Ngoko Andhap : Mas, kowe apa sampun tau tindhak menyang Jakarta? Yen dereng sesuk dakterke nitih sepur. 3) Krama lugu : Kangmas, sampeyan napa sampun nate kesah datheng Jakarta? Menawi dereng mbenjing kula terke nitih sepur. 4) Krama Inggil : Kangmas, panjenengan napa sampun nate tindhak teng Jakarta? Menawi dereng ngenjang kulapun anterke numpak sepur. 3. .. 4. .. a. Irah-irahan tembang lagu anak: Bocah Cilik b. Kaendahan tembang: Lewat lagu utawa nyanyian iki, bocah-bocah tanpo sengaja ngarah pados kesadharan sejatine. Minangka iki iki proses sinau, mboten mung bocah cerdas, nanging luwih saka iku kanggo ngasilake wong sejati, kabeh wong, wong sing sejatine menungsa sejati. c. Isinipun tembang: Lagu iki wiwitane mulang kepripun siswa kudu ngajeni nalika guru ngandhakake ilmu ing ngajeng kelas. Kepripun cara bocah diwulang supaya ngajeni, tenang, lan konsentrasi mirengke kantji tliti. Ing swasana ingkang tenang lan kepenak, ilmu bakal gampang disebar lan diwenehake. Bocah ora perlu dikandhani supaya menengan, tertib, njaga kalem, nanging enggal diterapake supaya muncul kesadaran kasebut tumbuh saka tembang. 5. Andharna isinipun sastra lisan ing ngandhap a. Tuna satak bathi sanak Tegese: wong kang rugi satus, nanging bathi paseduluran. Kanggo bakul, entuk sederek utawa mitra dalam nindakake bisnis dianggep bathi. Minangka pedagang, dheweke nyobo nggawe pembeli seneng supaya bisa nggawe sesambetan sing harmoni lan lestari. b. Jer basuki mawa beya Tegese: samubarang gegayuhan utawa kabeh gegayuhan mbutuhake ragat utawa biaya. Kanggo mujudake idham-idhamane manungsa perlu ngetokake ongkos utawa pengorbanan sing samurwat. Sing dikarepake ongkos utawa pengorbanan ora mung awujud bandha donya, nanging uga sing magepokan karo patrap lan batin. Ora ana gegayuhan bakal kaleksanan yen mung dilakoni kanthi ongkang-ongkang.