You are on page 1of 4

Ora Lanang Tenan

Dening : Sasrini Nurhayati

Kudune aku ora oleh neka-neka nyalahke sapa-sapa, apa maneh nyalahke takdhir merga
kahanan uripku saiki, nanging aku temenan dudu uwong kaya ngunu. Uwong-uwong gur percaya
karo wong sing nduweni daya kang luwih gedhe saka liyane. Apa iki pancen salahku merga
nranyak marang Gusti, aku wis nyalahi kodratku dadi wong lanang. Banjur Sadhar aku wis
kelangan sakabehe, dayaku kanggo nerusake urip iki wis ra ana. Mung gara-gara wong-wong
lambe turah, wong kang lambene nang ngendi-ngendi muni sakarepe dhewe tanpa menggalih
pangrasane wong liya. Ora wadon ora lanang kabeh padha wae, paling seneng yen reti wong
kang ra nduwe daya kaya aku iki diidek-idek.
Jenengku Gabriel Sudarso nanging mbuh piye critane aku dadi diceluk Gebi, aku
mahasiwa jurusan pendidikan luar sekolah ing salah sawijining kampus gedhe ing
Ngayogyakarta. Merga awaku ringkih lan lara-laranen aku mung setaun sekolah nang SMA,
kelas loro ngasi lulus wong tuwaku nekake guru nang omah istilahe homeschooling. Aku ya ra
pengin kaya ngene, takdir sing gawe aku dadi kaya ngene. Iki kabeh salahe takdir! Iki kabeh
salahe Gusti sing nyiptakake aku dadi kaya ngene. Aku ki mung wong lanang biasa nanging
pancen awaku gering merga lara-laranen, dudu salahku menawa awaku putih resik kaya bayi,
aku pancen ratau metu omah. Apa wong lanang kuwi ora oleh ngrawat awake dhewe. Lambemu
kabeh mung isa nyacat tanpa reti kasunyatan.

“ woy, lanangan balung uget-uget! Ahaha, pupurmu iku lho luntur!”

“weh, Gebi kok ayumen iki, engko bengi nyarkem yo”

“kowe ki lanang ngapa malah njogat-njoget ngunu, rasah katokan gek nganggo rok wae
kana!

Apa aku kudu krungu unen kaya ngunu saben dina, aku ra kuwat atiku iki dudu seka watu, atiku
ora sejembar segara kidul lan segedhe gunung semeru ya pancen lumrahe aku kelara-lara.
Amerga lara-laranen aku raiso dolan-dolan sakpenake dhewe kaya wong liya. Ora isa melu
srawung rana-rene. Aku ora reti carane bergaul, ngertiku mung apa sing isa takdelok saka jero
omah. Aku mung nontoni tipi lan streaming youtube, aku ya seneng banget nonton drama korea.
Aku mung reti saka crita ra reti kasunyatan ing masyarakat. Jebul srawung ki malah menthung
ora kaya sing nang ngen-ngenku.
Jute kodrate wong lanang kuwi apa ta? Apa kudu duweni awak gedhe dhuwur? swara
gandem? Apa aku kudu dadi lanangan kaya ngunu? Sing gaweane misuh, ngomongke wedokan,
udud, thethek nang pinggir dalan ngasi wengi kaya gembel? Kowe kabeh pengin aku kaya ngunu
ta? Nyuwun pangapunten, aku trima mati tinimbang dadi kaya ngunu. Apa maneh sing isa tak
arepke saka uripku kang nelangsa iki. Kuliyah we rasane kaya ngene, aku mung duwe kanca
nang UKM tari, nang jurusanku aku gur dadi bahan guyonan.
Awal semester aku kenal uwong kang bisa nampa aku apa anane, jenenge Anita Ayu.
Pancen ayu wonge. Dheweke sing ngajak aku ngomong pisanan pas awal-awal melu UKM tari.
Apa ngene ki rasane dijak ngobrol dhisik udu aku sing miwiti? Pancen aku ki wonge goblok isa-
isane gampang kegawa perasaan. Wiwit saka kuwi aku lan Anita dadi saya akrab, kadhang kala
aku karo dheweke sok gawe koreo bareng, sok-sok maem bareng. Aku dadi saya wani, malah
sok sambat. Aku seneng ngrungokake sambate Anita, dheweke lucu lan isa nampa aku apa
anane. Saya suwe aku kenal lan saya akrab karo wonge aku dadi saya kendhel nakokke apa-apa,
aku ki penasaran.

“Nit, apa awakmu ra isin kekancan ro aku?” pitakonku wayah kae

“Isin ngapa? Apa sing kudune marakke aku isin kancanan ro awakmu? Wangsulane

“lak owe isa nyawang dhewe to nit”

“njut miturutmu ngapa kowe gelem kekancan ro aku? Apa aku kudu duwe alesan nggo
kekancan ro awakmu”

Aku mung isa meneng, dheweke nunggu wangsulanku. Nanging rasa isinku wis ngalah-ngalahi
liyane. Aku ra pernah mikir ana sing isa nampa aku apa anane kejaba wong tuwaku. Rasane aku
pengin nangis, kok ya aku ki ringkih men ta pas kae. Kudune aku isa luweh wani saka kae,
kudune aku ngewangsuli pitakonane ra gur meneng kaya wong bisu. Tanpa omong apa-apa
wektu kae aku malah ninggal dheweke tanpa wangsulan apa-apa. Aku isih kelingan wektu
dheweke nyeluk jenengku, nanging aku malah terus mlaku karo ngelamun, krungu nanging ra
ngerti kudu ngapa.
Goblok! Pancen aku wong Goblok, sujokno Anita tetep gelem dadi kancaku senajan aku
ra duwe tata krama kang becik. Nanging kuwi wis kedadean suwe, ora let suwe seka kedadean
kuwi aku nyoba telpon dheweke njaluk ngapura lan nyritakke apa sing marakake aku dadi wong
kaya ngene karo aku jelasake ngapa ngasi aku nakokake bab kaya ngana. Aku mung pengin reti,
banjur aku telponan karo dheweke ngasi telung jam. Maune mung arep njaluk ngapura malah
dadi ngomongke werna-werna malah dheweke sing wiwit crita bab uripe , kepiye dheweke ya
ora pinter golek kanca, dheweke ya crita bab kepiye dredegke pas pisanan ngajak aku omongan
merga aku wonge menengan. Ra nyangka seka dina kuwi aku lan Anita malah dadi sang saya
akrab, aku asring dijak dolan nang omahe ketemu kaluwargane, sinau macak kanggo pentas lan
liya-liyane.
Cetha kae aku wiwit sadhar menawa aku ki wiwit duwe rasa karo dheweke. Aku wiwit
mikir apa aku isa duwe hubungan luwih saka kanca karo dheweke? Pancen aku ki tetep Goblok!
Aku nranyak marang takdhir. Garis uripku ki apa ana wayah senenge? Takdhir mesthi ora
pengen aku seneng, takdir mesthi duwe dalan liya. Nanging aku wiwit duwe pangudi gedhe. Aku
pengen seneng. Aku mung kudu duweni prasangka apik kaliyan takdir. Sengsaraku dudu tekne
takdhir nanging merga aku dhewe sing rawani nglawan wediku dhewe. Mung ngene we kok…
Mung ngene? Hahahaha, Mung ngene?! Mung ngene jare? matamu picek kuwi! Mbok
nyawang kowe ki sapa! Kowe ki ra isa nglawan wong sak dunya sing ora seneng ro kowe! Ora
kowe ora Anita kowe kabeh goblok! Wong aneh sing ra duwe kanca! Atiku sing kurangajar sok
gawe ku dadi kaya wong edan, weden kaya ngene. Aku butuh penyemangat.

“Anita kuwi semangatku, aku yakin kuwi. Aku yakin dheweke ugi duwe rasa karo

awakku” , batinku

Dina kuwi aku yakin banget ameh ngomongke apa sing tak rasakke marang dheweke. Aku ngasi
tuku buket kembang mawar abang kanggo dheweke. Aku dandan bagus, nyisir rambutku,
nganggo parfum sing larang ,ngasi milih klambi we isa ngasi sejam. Pas kae aku dredeg banget
nunggu dheweke rampung latihan lompat indah kanggo persiapan turnamen. Wektu kae aku
bosen nunggu nang njaba, banjur aku langsung wae mlebu nunggu nang lobi. Aku ra nyangka
bakal ngalami kedadian kang paling edan nang uripku, kedadean sing gawe aku dadi kelangan
kewarasanku, kedadean kang marake aku kelangan kabeh, takdhir pancen kurangajar.
Lobi kuwi pancen sepi kayane merga wis sore. Ujug-ujug ana wong lanang gedhe
dhuwur lingguh nang andhingku, kayane atlet. Wonge mau ujug-ujug geser lungguh saya mepet
karo awakku . aku dadi risih banget tangane wong kuwi tekan pupuku, aku ndredeg ra isa
ngomong apa-apa . ilatku kaya kecokot. Banjur aku ngadeg mbuh ra urusan aku mlebu nyusul
Anita nang kolam lewat lorong nanging wong kae mau nguyak aku, banjur nyekel tanganku, aku
dipepetke nang tembok. Tangane kuwat banget awakku sing kuru iki ora isa ngapa-ngapa. Aku
arep mbengok nanging durung nganti mbengok lambene wes bacut nempel nang lambeku.aku
lemes ora ngerti kudu ngapa ilate nyrasak mlebu lambeku, aku mbrontak tapi awaku ra kuwat.
Wong kuwi mandeg nalika Anita lan kanca-kancane bubar latihan lan bali lewat lorong
iki, aku ngerasa ketulung.nanging aku salah jebul bukane ketulung aku malah kepenthung kanca-
kancane anita malah nge-pidio kedadean kuwi, ngerti dipidio wong kuwi lunga tanpa ngomong
apa-apa. Ngunu uga anita sing mlayu ninggalke aku sing digeguyukanca-kancane. Aku wis
raurus aku diguyoke, aku nguyak anita ning ra kecandhak dheweke lang mlebu angkot lan lungo.
Wis ajur, Jur Ajur!!!!!
Pideo kuwi diunggah lan dadi viral, takdhir pancen kurangajar. Aku wes kelangan sakabehe,
ngewirangke wong tuwa, wis ora ana sing percaya karo aku, Anita blas ra gelem bales chat ku.
Pancen takdhir ra seneng karo aku, ra gelem ngerti aku seneng. Wis tekan semene wae, aku ra
kudu dadi lanang tenan nalika takdhir jaluk liyane, aku wis kelangan sakabehe saiki mung gari
simpul mati, aku kudu mati.

You might also like