You are on page 1of 2

Artikel persuasi

Wayang kulit ngrupikaken satunggaling kesenian tradisional jawa ingkang kalebet kesenian tuwa
kedamel saking cucal utawi kulit kewan kados sapi,mendho ugo kewan sanes kagem mujutaken tokoh
ing pewayangan.
Para ilmuwan anggadhahi penggalih bilih kesenian wayang kulit sampun dipun ginakaken dening
masyarakat jawi kagem satunggaling hibungan tebeh sakderengipun agami hindhu lan budha mlebet
wonten ing tlatah jawi. Kisah lan crita wonten ing pementasan pewayangan anggadahi filosofi tatanan
lan tuntunan gesang ing masyarakat ingkang sae ndadosaken kesenian menika salah satunggaling cara
kagem nyebaraken kebecikan kados tatanan saha hukoom-hukom ing masyarakat.
Menawi kulo panjenengan sami tingali wonten crita menika anggadahi satunggaling pokok kanthi
nyebaraken piwulangan kagem gesang ingkang sae dening hubunganipun kalian sesami makhluk ugi
hubunganipun kalian ing maha kuasa.
Perkembangan jaman lan tatanan gesang wonten masyarakat samenika saestu sampun minggiraken
kesenian wayang kulit saking tlatah hiburan. Perkembangan teknologi langkung-langkung elektronik
saestu saget ngilangaken tradisi jawi menika. Mila sumangga kita sadar menawi wayang kulit perlu
dilestarekaken.

Contoh artikel DESKRIPSI

PACE(Morinda citrifolia) kalebu jenise kopi-kopian. Pace bisa urip ono dataran rendah nganti
kedhuwuran lemah 1500 meter ing ndhuwur banyu laut. Pace yaiku tanduran asli saka indonesia. Batang
ora gedhe banget, dhuwur tandhurane 3-8 m. godhonge tumpuk undung adep-adepan, dawa godhong 20-
40 cm lan ombo 7-15 cm. kembange wujud kembang bongkol sing cilik-cilik werna putih. Wohe werna
ijo lan wujud who buni sing wujud lonjong nganggo aneka trotol-trol. Wohe akeh lan cilik-cilik ana ing
njero daging. Umume tanduran pace urip kanthi sakarepe dhewe ing alas utawa ditandhur wong ning
samping omah.
Pace nduweni jeneng lokal: mengkudu(indonesia), pace, kemudu, kudu( jawa), cengkudu(sunda),
kodhuk(madura), wengkudu(bali). woh buni wit pace sing wis mateng nduweni ambu sing ora enak,
nanging nduweni aneka zat kang manfaate kanggo pengobatan. Zat kang ono yaiku morinda diol,
morindone, asam kapril lan soran diyiol. Amarga nduweni zat iku pace bisa kanggo ngobati
manekowarna lelara. Tuladhane: darah tinggi, lara kuning, lara napas, lara watuk lan lara weteng.
Paragraf narasi

Esuk iku sari wis siap nganggo klambi abu-abu kang isih enyar durung tau digawe. Jam ing nduwur meja
kamar nunjukake jam 6.30. rada kesusu sari banjur nyandhak tas sing ana ing nduwur meja. Bubar pamit
salaman karo biyunge kang lagi nggawa kumbahan, sari banjur budhal kanthi sumringan sebab pancen iki
dina pertama mlebu sekolah.
Angin kang sumilir alus esuk iku ora dirasa dening sari., senajan dalane lunyu jalaran mau bengi pancen
udan deres uga ora dadi alangan kanggo sari. Ora suwe sari wes ngadeg ana ing pinggir dalan lan nyegat
bis. Wis ana 5 menit sari ngenteni bis. Untunge ora usah nunggu suwe bise teko lan sari langsung munggah
ing njero bis.
Ora dinyana sari pethukan karo kakak kelas sing ngemosi dheweke seminggu kepungkur. Sari banjur
seneng banget amarga pethukan bocah kang disenengi. Opo maneh kakak kelase sing jenenge riko iku
ngewehi lungguhane kanggo sari amarga lungguhane ing jero bis wis bek kabeh.

Paragraf argumentasi

BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI


Basa jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pekerti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang
nyinau basa jawa mboten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mboten lare menika saged
mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan
budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak
micanten, ugi luwih ngajeng tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kebudayaan jawi menika, khususipun ing basa jawi, wonten kathah sanget bebasab
ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan
bangsa indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa jawa menika ngandhut kapribaden
manungsa ing indonesia. Tegesipun sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken
mawi tetembungan basa jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa
indonesia. Kangge tuladhane inggih menika bebasan “ gemi, nastiti, ngati-ati ”. gemi menika ateges
mboten boros, manungsa menika mboten pareng boros wonten gesangipu, amargi boros menika kalebet
tumindhak ingkang mboten sae. Nastiti menika ateges mboten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel,
dados manungsa menika mboten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedhah
usaha mawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindhak ingkang ala.

You might also like