You are on page 1of 2

GIRIROTO, 5 AGUSTUSTUS

2020

MUPEL BAHASA JAWA

PIDATO

Pidato iku salah sijine kaprigelan sing perlu dikuasani. jalaran kaprigelan nomong ono ing ngarepe
wong akeh iku bakal menehi mupangant kang gedhe. wong sing ora grogi ngomong ono ing ngarepe
wong akeh iku bisa gampang ngutarakke informasi. informasi kanga arep di utarakke iku bakal metu
kanti gampang lan lancar.

Supoyo bisa koyo ngono iku, para putro kudu sinau kepriye carane pidato, keprite cak vak ane
pidato, lan kepiye urutane pidhato. Sakliyane iku sing paling wigati yaiku para putro kudu sugih
tembung. Saenggo para putro bisa ngecakake tetembungan kepenak dirungokke lan pidhato ora
mboseni.

Tembung liyane pidhato yoiku sesorah .

Pidhato utowo sesorah iku ngudarake gagasan ono ing ngarepe wong akeh

Gatekno conto pidhato ono ing ngisor iki !

MENGETI 17 AGUSTUS
Assalamu’alaikum w.w,

Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinurmatan, bapak ibu guru lan karyawan ingkang
kinurmatan, sedoyo konco lan adik-adik ingkang kula tresnani.
Sumonggo sami-sami ngaturaken puji syukur ing ngarsanipun pangeran ingkang maha
welas lan maha asih, ingkang sampun paring kenikmatan saha kasarasan dhumateng kula
panjenengan sami saenggo wonten ing titi wanci punika kula panjenengan sami saged
makempal wonten papan punika kanthi wilujeng kalis nir sambekala.
Kula aturaken agunging panuwun kagem sedoyo ingkang sampun kersa ngrawuhi acara
dinten kamardikan punika.
Tahun saderengipun , tanggal 17 agustus 1945 Bangsa Indonesia dipun jajah dening
Bangsa Walando lan bangsa jepang, nanging kanthi semangat para kusumaning bangsa
ingkang ngurbanaken jiwo lan bandha saengga bangsa Indonesia saged ngumandangaken
kamardikanipun.
Tanggal 17 agustus 1945 inggih punika tanggal merdikaning bangsa Indonesia. Pramila
saben tanggal 17 agustus, bangsa Indonesia mangeti minangka dinten kamardikan.
Pengetan punika ugi kagge atur panuwun dhumateng para kusumaning bangsa awit saking
pangurbanipun saengga ngantos wekdal punika kito saged ngraosaken mardika, tentrem
lan rukun tanpo raos ajrih kejajah dening bangsa sanesipun.
Para rawuh sedaya ingkang kula urmati.
Sumangga sareng-sareng nyengkuyung program pemerintah kangge mbangun negari,
supados dados negari ingkang makmur adil lan rukun.
Punika ingkag saged kula aturaken, kathah kalepatanipun atur saha kirang trapsila anggen
kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum w.w.

Kasari soko RIFAI’s blog https://riffairifan.blogspot.com/2013/02/sesorah-mengeti-17-agustus.html

Sak wise moco pidhato ing duwur wangsulono pitakon pitakon ing ngisor iki !

1. Pidhato ong duwur ono ing acara opo?


2. Sapa kang pidhato?
3. Pidhato ing duwur medharake opo?
4. Opo panyuwune Rifai marang poro pamirso?

You might also like