You are on page 1of 3

NAMA :

NO ABSEN :
KELAS :

PENILAIAN
TENGAH SEMESTER
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : III (Tiga)
Hari, Tanggal : Jum’at, 11 September 2020

I. Wenehana tandha ping (X) aksara A, B, utawa C ing sangararepe wangsulan


kang bener!
Gatekna wacan!
Pandhawa
Pandhawa kuwi ana lima. Sing mbarep Yudhistira, banjur Werkudara panengahe
Harjuna, Nakula lan Sadewa. Pandhawa kuwi putrane Prabu Pandhu Dewanata.
Yudhistira, Werkudara lan Harjuna ibune Kuntitalibrata. Dene Nakula lan Sadewa
ibune Dewi Madrim.
Yudhistira ratu ing Ngamarta, duwe watak wicaksana remen ngalah. Pusakane
Jamus Kalimasada. Werkudara satriya ing Jodhipati duwe watak kendel mbelani
bebener. Senjatane Kuku Pancanaka. Harjuna satriya ing Madukara, duwe watak
seneng tetulung. Senjatane Panah Pasopati. Nakula satriya ing Bumi Retawu, duwe
watak ora seneng nyampuri urusane wong liya. Sadewa satriya ing Sawo Jajar, duwe
watak padha karo Nakula.
Nalika perang Barata yudha Pandhawa menang amarga Pandhawa pancen
seneng nggondeli bebener. Mula Gusti kang Maha Kuasa tansah maringi
pangayoman.

1. Jenenge satriya Pandhawa sing nomor loro yaiku …

A. Yudhistira C. Harjuna
B. Werkudara D. Nakula
2. Watake Yudhistira ana ing wacan ….

A. wicaksana remen ngalah C. seneng tetulung


B. kendel mbelani bebener D. seneng nyampuri urusan
3. Harjuna satriya ing ....

A. Ngamarta C. Madukara
B. Jodhipati D. Ngastina
4. Pandhawa mesti menang perang amarga …

A. seneng nggondheli bebener


B. seneng mungsuhan
C. duwe sedulur satus
D. ora seneng ngalah
5. Tokoh Pandhawa sing kembar jenenge ….

A. Yudhistira lan Werkudara


B. Werkudara lan Harjuna
C. Harjuna lan Nakula
D. Nakula lan Sadewa
Gatekna wacan!
Dumadine Kutha Pekalongan
Raja Mataram, Sultan Agung Hanyokrokusuma, mrentah Raden Bahu bendung
kali Sambong. Raden Bahu putrane Ki Agung Cempaluk banjur nyagahi. Kali
Sambong kasil kabendung.
Sultan Agung prentah maneh mbukak alas Gambiran. Raden Bahu ora bisa
nglakoni, banjur tapa ngalong kaya lawa. Sikil digantung ing wit gedhe, sirahe ana
ngisor. Sawatara wektu, tapane kasil. Alas bisa dibukak, banjur diwenehi tenger
Pekalongan. Asale saka tapa ngalonge Raden Bahu.
6. Raja Mataram ing wacan ndhuwur asmane ....
A. Raden Bahu
B. Suktan Ageng Hanyokrokusuma
C. Ki Ageng Cempaluk
D. Gambiran
7. Sing diprentah bendung kali Sambong yaiku ....
A. Raden Bahu
B. Sultan Agung
C. Ki Ageng
D. Gambiran
8. Latar crita dumadine kutha Pekalongan ing ....
A. Kali
B. Kraton
C. Alas
D. Kutha
9. Crita rakyat sing ana gegayutane karo kepahlawanan diarani ....
A. Legenda
B. Sage
C. Mite
D. Dongeng
10. Wong kang nglakokake wayang arane ....
A. Dhalang
B. Gamelan
C. Sinden
D. Lakon
II. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki kanthi wangsulan kang bener!
1. Gatekna gambar!

Satriya Pandhawa ing gambar jenenge …..


2. Nakula lan Sadewa iku putrane Prabu Pandhu Dewanata karo ....
3. Legenda iku crita kedadean papan panggonan. Legenda sing ana ing
wewengkon Indonesia iku akeh banget. Tuladha legenda yaiku ....
4. Sikil digantung ana ing wit gedhe.
Sikil basa krama aluse ....
5. Alas dibukak banjur diwenehi tenger Pekalongan.
Tenger ana ing ukara iku tegese ....

You might also like