You are on page 1of 1

Kula Nuwun, Ibu Guru ingkang pantes sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng gusti ingkang maha agung. Ingkang sampun angluberaken rahmat sarta
hidayahipun. Dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing Seminar Bahayanipun
Rokok Kangge Kesehatan niki.

Ing sajroning rokok punika, wonten kandungan-kandungan zat kimia ingkang saged
mbahayanipun tiyang ingkang ngerokok lan tiyang wonten sakitare kebul rokok. Dene produsen-
produsen rokok ing Indonesia punika inggih ingkang paling ageng dening negara liya. Amargi
sumber daya alam utamanipun tembakau inggih punika bahan baku kagem rokok katah wonten
lemah Indonesia.

Ngerokok punika sadyane mboten ngelanggar aturan, nanging ngelanggar hak asasine tiyang-
tiyang manungsa kanggo ngirup udara kang resik. Opo maneh kandungan ing kebul rokok
punika wonten unsur nikel kang samisalipun ngedep ing ginjal lan marai kanker. Inggih mboten
kanker paru mawon, nanging saged nguripake katah sel-sel kanker wonten sajroning raga amarga
wonten kandungan radikal bebas ingkang saged nguripake sel kanker dening sajroning raga.

Para rawuh ingkang satuhu lebda ing kawruh.

Produsen rokok punika inggih boten 100% salah. Nanging inggih ingkang ngrokok dugi salah
rumiyin amarga mboten maos tulisen wonten bungkusipun rokok nek rokok niku mbahayani.
Perokok wonten Indonesia niku katah sanget amarga rego rokok ing pasaran niku murah
dumadine bocah-bocah sekolah kaya kula niki nggih nggampang tumbase, nggih perihal kayata
niku saged ngrusakake moral cah enom. Apata kaya niku inggih pantes?

Para rawuh ingkang minulya, kita sedaya pangerteni pajak dening rokok niku nyumbangake
katah kangge devisa negara. Nanging mboten pas kayane, kanggo panarapane amargi katah
tiyang kang dirugiake.

Para rawuh sedaya ingkang tansah kinurmatan sampun punika cekap saking kula mbok bilih
menawi wonten kirang tata krama lan kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging
samodra pangaksami.

Akhirulkalam, wabilahit taufiq wal hidayah,

Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarakatuh

You might also like