You are on page 1of 3

MAJELIS PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH

PIMPINAN DAERAH MUHAMMADIYAH KABUPATEN SLEMAN


(Badan Penyelenggara Pendidikan Muhammadiyah Kabupaten Sleman)
Alamat : Jl.Magelang KM. 10,5 Sawahan, Pandowoharjo, Sleman, Yogyakarta Kode Pos 55512
Telp./Fax. (0274) 868 056, E-mail : majelisdikdasmen.pdmsleman@gmail.com

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) GASAL


SD MUHAMMADIYAH SE-DAERAH SLEMAN
TAHUN PELAJARAN 2020/2021

MATA PELAJARAN : Bahasa Jawa


KELAS : III (Tiga)
HARI, TANGGAL : Senin, 14 September 2020
WAKTU, PUKUL : 09.00 - 10.30 WIB

Wangsulana pitakonan iki kanthi milih A, B, C, utawa D kang bener ing lembar kang
cumawis!

Wacanen kanthi patitis wacan iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-2!

Sawise Mulih Sekolah


Kira-kira jam siji, Niken lan Bawa wis mulih sekolah dipapag ibune. Sawise copot
sepatu lan ganti sandhangan banjur maem, sadurunge ora lali wijik luwih dhisik lan donga.
Sawise rampung, ora lali ngasahi piringe. Bocah loro kuwi leren ing teras sinambi
maca buku. Sing diwaca mbaleni wulangane Bu Guru esuk mau. Dheweke uga ora lali
nggarap PR.
Rampung nggarap PR banjur padha turu awan. Wis dadi pakulinane Niken lan Bawa,
saben dina kudu turu awan ora ketang mung sedhela. Udakara jam setengah telu sore
padha tangi banjur nunggu mangsane sholat Ngasar. Sawise sholat Ngasar, Bawa karo
kancane bal-balan ing lapangan. Niken lan kancane dolanan pasaran neng latar sing
jembar. Wektu sore ngene iki bocah loro iku dikeparengake dolan utawa nonton TV menawa
ora ana kegiyatan liyane.

1. Kira-kira jam siji, Niken lan Bawa wis mulih sekolah dipapag ....
A. ibune
B. bapake
C. mbakyune
2. Bocah loro leren ing teras ngarepan sinambi ….
A. nonton TV
B. maca buku
C. mangan
3. Kewan sing asring ana tembok sekolahan yaiku ....
A. komodo
B. biawak
C. cecak
4. Kompos iku rabuk sing digawe saka ....
A. godhong-godhongan
B. inthil wedhus
C. tlethong sapi

Dikdasmen PDM Sleman | PTS Gasal SD/MI 2020/2021 | Bahasa Jawa | Kelas III Halaman |1
5. Ukara pakon dipungkasi tandha ....
A. tanya
B. titik
C. pakon
6. Pitike angrem supaya ....
A. endhoge netes
B. awake anget
C. endhoge metu
7. “Kowe putrane sapa?” ukara iki kalebu ukara ....
A. pakon
B. pitakon
C. pangajak
8. Ngingu manuk kutut dimanpangatke ....
A. daginge
B. anggune
C. swarane
9. Kebone Pak Wardi lagi manak, anak kebo jenenge...
A. pedhet
B. gudel
C. belo
10. Kulit sapi dimanpangatke kanggo gawe...
A. kesed
B. krupuk
C. kemul
11. Tembang Pocung kalebu tembang ....
A. dolanan
B. macapat
C. sholawatan

Gatekna tembang iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 12-14!


Pocung
Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung,
dawa kaya ula,
pencokanmu wesi miring,
sing disaba si pocung mung turut kutha.
12. Tembang Pocung iku cacahe gatra...
A. 3
B. 4
C. 5
13. Tembang Pocung ing dhuwur batangane...
A. gunting
B. gajah
C. sepur
14. Tembang Pocung bisa kasebut...
A. pocong
B. pucung
C. mori

Dikdasmen PDM Sleman | PTS Gasal SD/MI 2020/2021 | Bahasa Jawa | Kelas III Halaman |2
15. Sega sekepel dirubung tinggi, yaiku...
A. salak
B. tape
C. duku
16. Pak boletus, batangane cangkriman iki yaiku...
A. Pak kebo lesatus
B. Pak kebo oleh satus
C. Tapak kebo lele satus

17. Cangkriman gambar kasebut yaiku...

A. Duwe rambut ora duwe sirah


B. Bocah cilik gendong omah
C. Pitik walik saba meja
18. Cangkriman gambar kasebut yaiku...

A. pitik walik saba kebon


B. pitik walik saba meja
C. duwe rambut ora duwe sirah

19. Klambine Bima katon resik. Kosok baline resik yaiku...


A. alus
B. reged
C. kesed
20. Rani wetenge wis krasa luwe. Kosok baline luwe yaiku...
A. wareg
B. mules
C. seger

Dikdasmen PDM Sleman | PTS Gasal SD/MI 2020/2021 | Bahasa Jawa | Kelas III Halaman |3

You might also like