You are on page 1of 4

DRAMA/SANDHIWARA

A. Teges (Hakikat) Drama/ Sandhiwara


Apa sliramu nate krungu tembung drama? Saperangan mesthi wis tau krungu
tembung kuwi. Menawa krungu tembung drama umume mesthi kelingan salah sawijine
pentas kang digelar ana ing panggung. Pancen, drama kuwi asring digambarake
minangka pentas ana ing panggung hiburan.
Drama iku salah sawijine karya sastra sing nduweni bageyan kanggo diperanake
dening para paraga. Tembung drama asale saka basa Yunani 'draomai' kang tegese
tumindak, laku, utawa aksi. Drama bisa uga diarani minangka gegambaran (potret)
panguripaning manungsa.
Saliyane tembung drama, awake dhewe uga kerep krungu tembung sandhiwara.
Sandhiwara kuwi sinusun saka tembung sandhi lan warah. Tembung sandhi ngemu
teges “rahasia/wewadi”, dene warah ngemu teges “wewarah utawa ajaran”. Menawa
digabungake tembung sandhiwara ngemu teges wewarah kang diajarake kanti cara
sesidheman/sesingidan/ora trang-terangan.

Drama utawa sandhiwara kuwi kaperang dadi loro, yaiku:


1. Drama tradhisional (klasik), yaiku drama khayalan kang lumrahe nyritakake
babagan kasektene salah sawijine wong.
2. Drama modhern, yaiku drama sing nduweni ancas/tujuwan menehi
panggulawenthah (pendhidhikan) tumrap masyarakat kang umume nduweni tema
panguripane manungsa ing sabendina.

Jinising drama miturut isine ing antarane, yaiku:


1. Drama Komedhi 6. Operet/Operette
2. Drama Tragedhi 7. Pantomim
3. Drama Tragedhi Komedhi 8. Tablau
4. Opera 9. Passie
5. Lelucon/Dhagelan 10. Wayang

B. Unsur-Unsur Sajroning Drama (Sandhiwara)


Ana ing perangan iki, bakal dijlentrehake unsur-unsur kang ana ing sajroning
drama/sandhiwara kanti ancas supaya bisa mangerteni bab drama kanti purna.
1. Plot utawa Rangka Carita / Alur.
Plot utawa ngengrenganing carita utawa alur yaiku lumakune carita ana ing
sajroning carita wiwit awal tumekane pungkasan, lan uga gambarane perkara
antawis rong paraga kang beda. Anane prakara kadadeyan saka anane watak
saka paraga kang beda. Prakara ing carita digambarake saya gedhe tekan pungkasan
kang diarani titik klimaks. Bubar saka klimaks terusing crita umume tumuju ing
wusananing crita.
2. Paraga lan Watak
Paraga tansah duwe sambung raket karo apa kang diarani watak. Susunan paraga
yaiku dhaftar para paraga kang ana ing sajroning carita. Ana ing susunan kuwi
kaping pisan kudu dijlentrehake babagan jeneng, umur, lanang utawa wadon,
titikane awak, kalungguhan, lan uga kahanan batine.
Para paraga ana ing drama bisa kaperang dadi pirang-pirang perangan, kayata :
a. Miturut kiprahe tumrap lumakune carita.
1) Paraga protagonis, yaiku paraga kang nyengkuyung lumakune carita. Umume
ana siji utawa rong paraga protagonis, lan direwangi dening paraga-paraga
liya kang uga nyengkuyung lumakune carita.
2) Paraga antagonis, yaiku paraga kang ora saiyeg marang lumakune
carita. Umume ana sak paraga lan paraga liya kang watake lan kiprahe beda
karo lumakune carita.
3) Paraga tritagonis, yaiku paraga kanggo aweh pitulungan marang paraga
protagonis utawa antagonis.
b. Miturut kiprah lang fungsine ana ing lakon.
1) Paraga sentral, yaiku paraga kang dadi punjering carita.
2) Paraga utama, yaiku paraga kang nentang paraga sentral ana ing carita.
3) Paraga pambantu, yaiku para paraga kang dadi geganep utawa peran
sampingan ana ing carita.
Para paraga kang dijlentrehake kuwi kudu duwe watak. Watak bisa digambarake
ana ing telung dhimensi (watak dimensional). Anggone nuduhake watak para
paraga linandhesan saka kahanan awak, batin, lan sosial (fisiologis, psikologis,
lan sosiologis).
a. Kahanan fisik
Sing kalebu kahanan fisik paraga yaiku: umur, lanang utawa wadon, titikane
awak, ciri ing awak, titikan mligi sing menjila, suku bangsa, praenan,
kasenengan, dhuwur/cendhek, kuru/lemu, lan sapanunggalane.
b. Kahanan psikis
Kahanan psikis paraga awujud: watak, kasenengan, mentalitas, standar moral,
temperamen, ambisi, kompleks psikologis sing ditemahi, kahanan emosine, lan
sapanunggalane.
c. Kahanan sosiologis
Kahanan sosiologis paraga awujud kalungguhan/jabatan, pagaweyan, klas
sosial, ras, agama, ideologi, lan sapanunggalane.

3. Dialog (Pacelathon)
Titikan mligi sawijine drama yaiku naskahe awujud dialog utawa
pacelathon. Nalika ngripta pacelathon iki, pangripta kudu nggatekake kanthi premati
pacelathone para paraga sajrone urip padinan. Pacelathon sing ditulis dening
pangripta naskah drama yaiku pacelathon sing bakale diucapake lan kudu patut
diucapake ana sajrone pentas ing ndhuwur panggung. Gambaran pentas ing
ndhuwur panggung mujudake mimetik (rerekan) saha kahanan urip padinan,
mula dialog kang ditulis uga dadi kaca benggala pacelathon ing padatan.
Pacelathon kudu duwe sipat estetis, tegese nduwe kaendahan basa. Kadhang
kala uga diajab supaya nduweni sipat filosofis lan bisa merbawani kaendahan.
Pacelathon uga kudu urip, tegese bisa dadi sesulih paraga kang diemban.

4. Setting/Latar/Panggon Prastawa
Setting atau panggon prastawa sajrone crita asring uga diarani latar crita.
Babagan iki kudu ditemtokake kanthi premati amarga drama naskah uga kudu
menehi kalodhangan kanggo dipentasake. Setting biasane dumadi saka telung
dimensi, yaiku panggon, ruwang, lan wektu.
Setting panggon nduwe gegayutan karo panggon ing ngendi prastawa
kasebut kadadeyan. Upamane ing Pulo Jawa, ing Kutha Yogyakarta, ing Surabaya
lan sapanunggalane.
Setting ruwang awujud prastawa nalika pentas kasebut dumadi. Upamane ing
emper, ing dalan gedhe, ing ruwang tamu, ing warung, lan sapanunggalane.
Setting wektu gegayutan karo kapan prastawa sajrone pentas kasebut dumadi.
Upamane wae ing wayah esuk, awan, wengi, lan sapanunggalane. Wektu uga
gegayutan karo dhimensi kang luwih amba, upamane dina, sasi, taun, lan
sapanunggalane.

5. Tema/Nada Dasar Crita


Tema mujudake gagasan pokok sing kakandhut sajrone drama. Tema nduwe
gegayutan karo premis saka drama kasebut lan nduwe gegayutan uga karo nada
dasar saka sawijine drama lan sudut pandang sing diandharake dening
pangriptane.

6. Amanat/Kekarepan Pengarang
Amanat yaiku kekarepan kang bakal diandharake dening pengarang lumantar naskah
utawa lumantar pamentasane.Teka utawa orane amanat utawa kekarepan sing bakal
diandharake diprebawani dening maneka babagan, yaiku:
a. Naskah kasebut ngandharake kanthi cetha apa amanate.
b. Sajrone pentas, paraga bisa ngandharake amanat marang pamiyarsa kanthi cetha
wela-wela.
c. Pamiyarsa bisa nangkep amanat utawa kekarepan sing diandharake ana ing
pagelaran kanthi becik.

7. Petunjuk Teknis (Pituduh Wigati)


Sajrone naskah drama/sandhiwara dibutuhake uga petunjuk teknis, kang uga
asring diarani teks samping. Teks samping iki menehi petunjuk teknis ngenani tokoh,
wektu, swasana pentas, swara, iringan, metu mlebune aktor utawa aktris, lan
sapanunggalane. Teks samping iki biasane ditulis nganggo tulisan kang beda saka
dialog (umpamane kanthi tulisan miring utawa huruf kapital kabeh). Petunjuk teknis
sing pepak bakal nggampangake sutradara sajrone nafsirake naskah.
C. Struktur Teks Drama/Sandhiwara
Struktur teks sandhiwara panggung utawa sandhiwara radhio iku pada wae karo
strukture teks lakon kaya sing wis para siswa sinaoni ing kelas X, yaiku dumadi saka:
1. Jejer (Orientasi): Para paraga ditepungake watake, uga dhapuke ing drama.
2. Pasulayan (konflik/komplikasi): Para paraga diadhepake ing prakara (konflik)
dhewe-dhewe nganti klimaks.
3. Pangudhare prakara (Resolusi): Para paraga wis nemokake cara kanggo
ngrampungake prakarane.
Amarga pasulayan/konflik mujudake intisarine drama, mula bab pasulayan ing
teks sandhiwara bakal karembug maneh kanthi luwih jembar. Adegan sandhiwara
dumadi saka sawenehe kedadean kang padha sesambungan lan rinonce minangka larah-
larahing crita kang diarani alur utawa plot. Kedadean sing siji, dadi sebab utawa akibat
tumrap kedadean liyane. Umume, sandhiwara migunakake alur maju
(kronologis/alamiah) diwiwiti kanthi jejer (orientasi), yaiku adegan metune tokoh-tokoh
penting jangkep ciri wancine. Kasusul pasulayan, yaiku timbule prakara jalaran saka
bedane panemu ing antarane para tokoh. Yen pasulayan iku ora bisa dirampungi, bakal
mrembet-mrembet, ngombyawara lan tansaya ruwet pangudhare. Puncake
pasulayan/konflik diarani klimaks, yaiku perangan crita sing paling agawe dheg-dhegan
lan biasane paling ditunggu dening penonton.
Crita sajrone sandhiwara ora bakal bisa mlaku, yen sakabehe tokoh nduweni
watak, sikep, panemu, lan pepenginan sing padha. Crita bisa mlaku jalaran anane
pasulayan sing ditimbulake amarga bedane watak, sikep, panemu lan pepenginan.
Pasulayan bisa wujud eksternal utawa kasebut uga social conflict, yaiku padudon ing
antarane tokoh siji lan tokoh liyane (tokoh protagonis 'awatak apik' lumawan tokoh
antagonis „awatak ala‟). Bisa uga wujud internal utawa kasebut uga psychological
conflict, yaiku pasulayan jroning batin sawijining tokoh sing biasane bisa ndadekake
owahe tindak-tanduke tokoh.

You might also like