Sandiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi migunakake indra pangrungu (audio), dadi sandhiwara iki mung murni ngendelake pamer antawacana (dhialog), musik, lan efek swara. Teks sandhiwara radhio dudu teks sing arep dipentasake ing sandhuwure panggung, ananging cukup kababar ing studio radhio utawa rekaman. Para pemain sandhiwara radhio, ora kudu bisa akting, bloking, utawa prinsip sandhiwara panggung liyane. Mula saka iku, teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku utawa kramagung, ananging mbutuhake pituduh pocapan. Unsur musik lan swara tirunan (tiron) perlu katulis ing sajrone teks, tuladhane swara jaran, lawang kang dibukak, piring ceblok, lan liya-liyane. Amarga antawacana ing teks sandhiwara radhio iku mujudake teks tulis kang arep diucapake kanthi lesan, mula biasane basa sing digunakake ing teks sandhiwara radhio uga basa lesan. Salah siji titikane basa lesan, yaiku akeh migunakake tembung sing ora standar utawa ora baku lan akeh kecampuran dhialek 'pocapan basa sing beda ing saben panggonan'.