You are on page 1of 14

WAYANG

Tema
Unsur Intrinsik Alur
Wewatekane
Busananing Basa
Pamawas
Latar

Latar Belakang Karya


Sastra
Unsur Ekstrinsik
Kahanan Masyarakat

Latar Belakang Pangripta


Teks Wayang

Isi kang kinandut sajroning


Relevansi Isi crita digathukna karo urip
padinan

Orientasi

Struktur Teks Wayang Komplikasi


Resolusi
Koda

Ukara Crita

Pramasastra Ukara Pakon


Ukara Pitakon
A.Pangertene Wayang

Wayang iku sawijining tontonan kang wis sumrambah ana


ing Nuswantara (Indonesia). Rikala taun 2004 wayang
ditetepake minangka warisan dunia dening UNESCO, kanthi
mangkono wayang bisa dipirsani dening manungsa sajagad
lan dipatenake minangka kesenian darbeke Indonesia.
Sajroning pagelaran wayang sedalu natas iku ngandhut
tontonan, tuntunan, lan tatanan kang mujudake wewayangan
uriping manungsa ing alam donya. Ing jagading pewayangan
tinemu sakehing kagunan kang endah lan edi. Endah, amarga
manawa kadulu (dilihat) bisa agawe reseping ati. Edi, amarga
bisa kanggo sarana ngalusake budi pekerti.
JENIS-JENIS WAYANG
1. Wayang Purwa: nyritakake lakon-lakon wayang saka kitab Ramayana lan
Mahabharata.
2. Wayang Madya: Wayang zaman tengah iki mujudake asli kreativitas Raja
mangkunegara IV, Surakarta isi critane wujud bacute wayang purwa yaiku nyritakake
lakon wayang saka Parikesit nganti Jayabaya.
3. Wayang Gedhog: nyritakake lakon wayang saka crita Panji.
4. Wayang Klithik (Wayang krucil): nyritakake lakon jaman kraton Pajajaran nganti
Majapait, Prabu Brawijaya pungkasan, kang kondhang lakon Damarwulan-
Menakjingga.
5. Wayang Menak: nyritakake lakon crita saka tanah Arab, kayadene: Menak Sarehas,
Menak Dhemis, Menak Ambyah, lsp.
6. Wayang Suluh: nyritakake werna-werna lakon kanggo menehi sesuluh agama
(biasane kaum Nasrani).
7. Wayang Kancil: nyritakake crita kewan, yaiku dongeng kancil.
8. Wayang Golek: nyritakake lakon wayang kang ana ing kitab Mahabharata, adate ana
ing tataran Sundha Jawa Kulon.
9. Wayang Wong: nyritakake lakon wayang kang kajupuk saka kitab Ramayana lan
Mahabharata, kang diparagakake dening wong.
10. Wayang Beber: crita wayang kang kajupuk saka crita Panji kang awujud gambar-
gambar ing kain mori kang kabeber banjur dicritakake.
11. Wayang Potehi: wayang kang wujude golekan (boneka) kang dicritakake ngenani
Dewa-dewa mitologi bangsa Cina.
Babone Crita Wayang
Crita wayang purwa iku asale saka negara India (Bharat), kang wiwit kuna-makuna wis
diremeni dening wong Jawa. Ora mokal crita-crita kasebut mau banjur dibesut dening para
pujangga Jawa sarta dilarasake karo kaanan alam tanah Jawa lumantar karya sastra awujud
kakawin (tembang) lan gancaran. Punjering crita wayang purwa sacara ringkes bisa katiti kaya
mangkene:

Ramayana → anggitane Begawan Walmiki

Epos

Mahabharata → anggitane Resi Wyasa

Epos Ramayana, yaiku nyritakake lelakone prabu Ramawijaya saka Ayodya kalawan dewi Sinta,
kanthi memungsuhan kalawan raja Alengka yaiku Rahwana/Dasamuka.Ing paprangan kasebut,
Ramawijaya kasengkuyung dening para wadya bala wanara.

Epos Mahabharata, yaiku nyritakake perange Pandhawa kalawan Korawa saka Astina/Ngastina/
Gajahoya kanthi nganakake perang katelah Bharatayudha.
Lakone Wayang
Lakon wayang, yaiku crita kang bakal dipentasake (diandharake) dening ki dhalang.
Crita wayang tuladhane kaya:
Epos Ramayana: Anoman Obong, Rama Tambak, Kumbakarna Gugur, lsp.
Epos Mahabharata: Pandhawa Dhadhu, Bima Suci, Gathotkaca Gugur, lsp

Prabot Ubarampene (perlengkapan) Pakeliran, ing antarane yaiku:


•Kelir → awujud kain putih, pralambange langit.
•Gedebog → wit gedhang, pralambange bumi.
•Blencong → lampu sorot, pralambange srengenge.
•Kothak → wadhah wayang, pralambange sangkan paraning dumadi.
•Cempala → thuthuk bakale saka sungu/ kayu, pralambange jantung.
•Kepyak → blebekan kuningan/ wesi, pralambange lakuning urip.
•Kayon (Gunungan)
•kayon minangka pralambange agesang (kehidupan) kang ambabarake sakabehe
isen-isening donya.
•Wayang.
Stukture generik
tekswayang
- Sudut pandang

You might also like