You are on page 1of 8

MODUL

BAHASA JAWA

KELAS XI SEMESTER GANJIL


Serat Wedhatama Tembang Pocung
Ing trap iki para siswa dijaluk nyinau lan mahami perangan-perangan kang ana
sesambungane karo tembang Pocung. Ing antarane yaiku pathokan tembang lan watak
tembang.
1. Pangertene lan maknane tembang Pocung
Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong
utawa mati. Watake sembrana, sakepenake. Manungsa kang wis seda bakal lali ing
sakabehe, turune sakepenake. Kabeh gumantung marang sanak sedulur kang ngrukti.
Ing kene duwe pangerten lamun tembang Pocung iku nggambarake manungsa iku
lamun wis titi wancine tinimbalan dening Gusti Kang Maha Kawasa ora bias apa-apa,
anane mung sumarah utawa manut, mula diarani sakepenake.
2. Pathokan tembang Pocung

Pocung

Guru wilangan Guru lagu Guru gatra


12 u
6 a
4
8 i
12 a

3. Watak tembang Pocung


Watake tembang Pocung iku sakepenake dhewe/luwes, lucu, lan gawe seneng. Mula
biyasane kanggo nggandharake bab-bab kang ora serius lan bias gawe gegojegan.
Surasane kala mangsane ngemot cangkriman utawa banyolan (crita kang nggutukake)
4. Wos kang kamot ing tembang Pocung (Wedhatama)
 Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bias ngendhaleni angkara
murka, amarga yen sikap kang kaya mangkono ora dikendhaleni babal nuwuhake
prakara. (angkara gung neng ongga anggung gumulung, gegolonganira, tri loka
lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda). Beda maneh karo wong kang
wis menep rasane, gelem menehi pangapura marang liyan, sabar, iku bakal
ndadekake swasana dadi seneng (beda lamun wus sengsem reh ing asamun,
semune ngaksama, sesamane bongsa sisip, sarwa sareh saking mardi
martotama).
 Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu
luhur. Diandharake lamun wong kang kapengin entuk ngelmu iku kudu gelem
ngupadi kanthi tenan. Mula iku kang kanggo garan para satriy luhur mbiyen iku ana
telung prakara, yaiku ikhlas, sabar, lan nrima mring Gusti (basa ngelmu mupakate
lan panemu, pasahe, lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut tri
prakarall lila, lamun kelangan nora gegetan, trima yen kataman, sak-serik sameng
dumadi, tri legawa nalongsa srambing bathara).
Ing ngsor iki bakal kababar tembang Pocung kang ngemot surasa ngangsu kawruh.
Coba salah siji siswa macakake kanthi seru tembang iki, sokur bage anggone macakake
kanthi tetembangan, dene kanca liyane nyemak.
Tuladha tembang Pocung
6 6 5 3 1 1 1 2 6 6 5 3
Ngel- mu i- ku ka- la- kon- e kan- thi la- ku
1 2 6 3 2 1
Le- kas e la- wan- kas
1 2 1 3 2 1 2 6
Te- ges- e kas nyan- to- sa- ni
6 1 2 3 2 2 1 y 3 56 3 2
Se- tya bu- dya pa- nge- kes- e dur ang- ka- ra

Angkara gung neng angga anggung gumulung


Gegolonganira
Tri loka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda

Beda lamun wus sengsem reh ing asamun


Semune ngaksama
Sesamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martotama

Yeku patut tinulad-tulad tinurut


Sapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mundhi dhiri rapal makna

Wimbuh kawruh
Ing saperangan andharan wis njlentrehake yen tembang Pocung iku surasane bisa
ngemot cangkriman. Cangkriman yaiku unen-unen utawa tetembungan kang kudu
dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga diarani bedhekan utawa
batangan. Wujud cangkriman kaperangan kaya ing ngisor iki, yaiku:
 Awujud tembang wancahan (cekakan), tuladha:
 Pak beletos: tapak kebo lelene satus
 Pak bomba, pak lawa, pak piyut: tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi
ciyut.
 Pindhang kileng: sapi nang kadhang, kaki mentheleng
 Awujud pepindhan (emper-mperan), tuladha:
 Sega sakepel dirubunng tinggi: salak
 Pitik walik saba kebon: nanas
 Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong: kates
 Pitik walik saba meja: sulak, kemonceng
 Emboke di elus-elus anak di idak-idak: andha
 Gajah nguntal sakrah: pawon
 Kebo bule cancan merang: buntil
 Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha:
 Wong wudunen kuwi sugih pari: paringisan/pringisan
 Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung: lutung kasarung
 Awujud sinawung ing tembang Pocung, tuladha:
 Bapaka pocung cangkemu marep mandhuwur,
sabamu ing sendhang,
pencokanmu lambung kering,
prapteng wisma si pocung muntah guwaya
(batangane = klenting/jun)
 Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
sing disaba si pucung mung turut kurha
(batangane: sepur)

Wosing wulangan
1. Ngudi kawruh kuwi wajib ukurane wiwit lair nganti satekane umur. Prakara iku
sansaya nandhesake Manawa ngelmu iku pancen perlu banget.
2. Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong
utawa mati.
3. Pathokan tembang Pocung: 12u, 6a, 8i, 12a.
4. Watake tembang Pocung iku sakepenake dhewe/luwes, lucu, lan gawe seneng.
Mula biyasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius lan bias digawe
gegojega. Surasane kala mangsa ngemot cagkriman utawa banyolan (crita kang
ngguyukake).
5. Wos kang kamot ing tembag Pocung (Wedhatama)
 Serat Wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bias ngendhaleni angkara
murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni babal
nuwuhake perkara.
 Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh
ngelmu luhur. Diandharake lamun wong kang kapengin entuk ngelmu iku kudu
gelem ngupadi kathi tenan.
6. Wujude cangkriman kaperangan kaya ing ngisor iki, yaiku:
 Awujud tembag wancahan (cekakan), tuladha: Pak beletos = Tapak kebo lelene
satus
 Awujud pepindhan (emper-emperan), tuladha: Pitik walik saba kebon = nanas
 Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha: Wong wudunen kuwi sugih pari =
paringisan/pringisan
 Awujud sinawung ing tembang Pocung, tuladha:
Bapak pocung cangkeme marep mandhuwur,
Sabane ig sedhang,
Pencokanmu lambung kerig,
Prapteng wisma si pocung muntah guwaya
(batangane = klenthing/jun)
Novel
Kanggo nambahi wawasan lan pengerten, ing ngisor iki bakal diandharake panemu
kang ana sesambungane karo novel. Ing trap iki para siswa dijaluk nyinau lan mahami
peranga-perangan kang ana sesambungane karo novel.
1. Pangertene novel
Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang misuwur. Kaya dene karya sastra crita
liyane, novel iku ngemot crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan. Mula ing
njerone kaperanga dadi pirang-pirang crita, dene saben babak iku ngandarake surasa
kang beda-beda. Nevel iku uga ngemot unsur-unsur instrisik lan ekstrinsik kang
sesambungan. Surasane novel iku ngemot nilai-nilai budaya, social, moral, pendidikan,
lan sapiturute.
2. Unsur crita cekak
a. Unsur Intrinsik
 Tema
Tema iku minangke ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari
lakuning crita novel.
 Setting
Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaing laku crita, setting iku
ngemot wektu, papan/paggonan, sosial budaya.
 Punjering crita (sudut pandang)
Sudut pandang diperangan dadi 3, yaiku:
 Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih wong
kapisa (kata ganti orang pertama), critakake apa kang dilakoni, lan
ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe.
 Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke lewih
akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pegarang
biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang
ketiga)
 Pengarang nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane
dumunung ing sanjabane crita,mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan
ngerti. Dheweke nyawang took nganti tekan sajroing pikiran lan atine. Mula
pengarang ing kene bias nyritakake rahasia batine tokoh.
 Alur/plot
Alur/plot yaiku rerangkening/cengkoranganing prastawa/kedadeyan ing novel.
Alur diperang dadi 2 perangan, yaiku alur maju (progresif) yaiku yen prastawa
iku lumaku kathi trap-trap andhedhasar kronologi tumuju ing alur crita. Dene
alur mudur (flash back progresif) yaiku dumadi saka kang ana sesambungane
karo prastawa kang lagi dumadi.
 Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa
dingerteni karaktere saka tumindak, ciri fisik, lingkungane, lan sapiturute.
 Gaya bahasa
Gaya bahasa yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut
b. Unsur Ekstrinsik
Unsur iki gemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang, lan
sapiturute, sanjabane unsur intrinsik. Unsur-unsur kang ana sanjabane perangan
karya sastra. Nggatekake marang unsur-unsur iki bakal mbiyantu kanggo
napsirake surasa sawijining karya sastra.
3. Nilai-nilai kang kamot ing novel
a. Nilai sosial
Nilai sosial iki kang ndadekake wong luwih ngerti la mahami panguripane wong liya.
b. Nilai ethik
Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa
nguwongke pamacane. Kanthi maca novel jinis iki bisa ngundhakake rasa
sampurna ing dhiri pribadine.
c. Nilai hedorik
Nilai hedorik iki kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing
sajroning crita.
d. Nilai spirit
Nilai spirit iki surasane bisa ngadhepi sikap urip lan kapitayane pamaca. Mula
pamaca duwe kapribaden kang pracaya marang dhiri pribadine dhewe.
e. Nilai koleksi
Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kepingin nduweni
novel iku.
f. Nilai kultural
Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca
bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liya.
4. Jinis novel hiburan
Novel hiburan iki munangka wacan kang nglipur kang asipat personal lan surasane
saperangan gedhe mung gegambaran samari/fantasi panulise. Novel hiburan uga
nyritakake bab-bab kang endah, kayata katresnan, wewangunan endah, papan
panggonan kang endah, lan sapiturute. Novel hiburan iki uga ngemot babagan
komersial. Amarga surasane kang kaya magkono, mula novel iki disenengi dening
masarakat umume, wiwit saka bocah nganti wong tuwa.

Jinis novel hiburan kayata:


a. Novel detektif
b. Novel roman
c. Novel misteri
d. Novel gotik
e. Novel kriminal
f. Novel fiksi ilmiah
Trap-trapan nulis novel
1. Temtokna lewih dhisik tema novel kang bakal ditulis, lan uga para paragane. Amarga
saka nemtokake tema anggone ngringkes bisa ner lan ora ngayawara.
2. Temtokna watek para paragane. Cetha lan ora sawijining paraga gumantung saka
cethane watek. Watek paraga iku bisa ditulad saka solahe, umure, pagaweyane, cara
ngomonge, lan sapiturute.
3. Gawene urut-urutane crita utawa cengkorongam crita manut saka lakuning imajinasi.
Bisa kawitan kanthi nemtokake alur critane. Bisa alur maju utawa mundur.
Cengkorongan kang digawe kudu runtut lan urut.
4. Pungkasane, saka cengkorongan kuwi mau banjur dikembangake dadi crita.
Irah-irahan novel basa Jawa ing antarane yaiku:
 Priayi Abangan : Sapardi Djoko Darmono
 Putri Tirtagangga : Any Asmara
 Mungsuh Sandi : Basoeki Rahmat
 Kelangan Satang : Suparto Brata

Wosing wulangan
1. Babagan budi pekerti lan tumindak becik iki ora mung tinulis ing tata aturan kang
gumathok, nanging uga bisa dipragguli ig kasusastran-kasusastran. Ing wulangan
iki bakal disinau patuladhan kang becik lumantur karya sastra awujud novel.
2. Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang popular. Kaya dene karya sastra crita
liyane, novel iku ngemot crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan. Mula ing
njerone kaperangan dadi pirang-pirang crita, dene saben babak iku ngandharake
surasane kag beda-beda.
3. Unsur intrinsik.
 Tema
 Setting
 Punjering crita (sudut pandang)
 Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih wong
kapisan (kata gani orang pertama);
 Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke luwih
akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita;
 Pengarang nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane
dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan
ngerti.
 Alur/plot
 Penokohan
 Gaya bahasa
4. Unsur ekstrinsik, unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi
pengarang, lan sapiturute, sanjabane unsur intrinsic. Unsur-unsur kang ana
sanjabane perangan karya sastra.
5. Nilai-nilai kang kamot ing novel
 Nilai sosial
 Nilai ethik
 Nilai hedorik
 Nilai spirit
 Nilai koleksi
 Nilai kultural
6. Jinis novel hiburan
Novel hiburan iki minangka wacan kang nglipur kang asipat personal lan surasane
saperangan gedhe mung gegambaran samar/fantasi pengarange.
a. Novel detektif
b. Novel roman
c. Novel misteri
d. Novel gotik
e. Novel kriminal
f. Novel fiksi ilmiah

You might also like