You are on page 1of 3

Ikhlas Nyata

Delon wis suwe kekancan karo Abi. Saben dina padha ngentek ne wektu bebarengan. Ing
sawijining dina, ana debat sing dawa ing antarane wong loro kasebut, sing nggawe Delon sengit karo Abi.
Dene Bimo, kanca sakelas sing banjur nulungi Delon lan Abi kekancan maneh.Abi bola-bali nglirik Delon
ing bangku sisihe. Nanging bocah lanang sing dilirik mau ora nyawang babar pisan, sanajan Delon jelas
ora nggatekake guru ing ngarep kelas. Wis seminggu, Abi meneng wae. Abi nyoba golek cara kanggo
komunikasi karo Delon. Abi nyelok delon nanging delon isih ora noleh, Abi dolanan potlot ing tangane,
mikir kepiye supaya Delon nanggapi.
Dene ing kursi mburi Abi, Bimo nonton Abi. Dheweke ngerti kedadeyan ing antarane.
Nanging dheweke ora ngomong apa-apa. Suwe-suwe, dheweke uga welas karo Abi. Bimo banjur nulis
pesen liwat kertas suwek marang Abi. “Sejatine kedadeyane pie? Ngopo Delon ora gelem nanggapi
awakmu?” ujar e bimo. Abi uga mangsuli pesen saka Bimo, “Ana salah paham ing antarane awak dewe.
Dheweke mikir aku seneng karo Farah, bocah wadon ing kelas sebelah sing dadi targete.” Bimo
ngeyakinno abi, opo abi ora duwe salah dining delon. Abi jelasno yen abi sering ngobrol karo Farah.
Nanging abi ora sengaja nduwe ati karo farah. Eh, Farah malih ngomong yen tresna karo abi. Abi ora duwe
kesempatan kanggo nerangake babagan iki marang Delon. Abi pisan Ora ana hubungan pa-apa karo Farah,
ora pacaran. Nanging Abi isih kontakan karo Farah lan omong – omongan ing sekolah. Bimo nyaranno yen
abi ngadoh teko farah nanging ora kelangan kontak. Abi kaget “Ha? Apa edan awakmu, menurut
pendapatmu, Delon ora bakal nesu yen ngerti aku wis cerito perasaan e Delon marang Farah?”. Bimo
jawab “O iya ... nanging sing paling penting saiki, awakmu kudu ngadoh saka Farah. Titik. Wis, pura-pura
nggatekake guru luwih dhisik, supaya iso dianggep murid teladan karo guru.” Abi guyu lan ngucapno
suwon marang Bimo.
Dina-dina sabanjure, Abi nuruti sarane Bimo. Dheweke nggindari Farah sak isone amarga
macem-macem sebab. Delon sering nggatekake tumindak kasebut. Nanging Delon ora preduli babar pisan.
Bimo lan Abi bali ngijoli pesen lewat suwekan kertas. “Kepie bro, koyok e rencanane wis sukses.” Takon
e abi marang Bimo, jaluk saran gawe ngatasi masalah abi karo delon. Bimo ngekei saran supaya
Ngomongo terus terang dening Delon. Abi banjur nyuwek kertas maneh, lan nulis panjelasane marang
Delon. Nanging karo santai e, Delon ora mbalesi pesenane. Saben istirahat lan mulih sekolah, Abi mesthi
nututi Delon. Dheweke ngedhunake harga dirine, kanggo kekancan karo Delon. Saiki, Abi katon luwih
kaya pengawal, ngetutake Delon. Nganti sawijining dina nalika istirahat, Delon ora tahan maneh. Delon
kali iki nagapi Abi “Awakmu ki lagi nggopo, aku risih ndelok e.” Abi ngomong yen dee pingin jelasno
kesalahpahaman seng terjadi, gorong mari ngomong delon bantah. Abi nundukno sirahe. Dheweke mikir,
yen Delon wis ngerti kabeh, kenopo dheweke isih ora gelem ngapura? Akhire abi jaluk sepuro. Nanging
Delon ngesampingake omongane Abi, Delon ora perduli karo permintaan maaf Abi mau. Naliko kuwi, Abi
ora paham karo sikape Delon. Dheweke banjur mutusake nuruti polah tingkahe Delon, amarga pancen
kekanak-kanakan lan nggeguyu.
Ing sawijining dina, Abi weruh Delon nyelinep ing mburi gedung sekolah. Jebule dheweke
bakal mbolos sekolah. Abi ora ngerti sebabe Delon mbolos sekolah. Nalika guru takon, Abi ujar yen Delon
bakal mulih amarga lara weteng. Ing liya dina, Abi uga weruh Delon nyontek marang kanca sebangkune
nalika tes semester. Gurune ngerti yen dheweke nyontek, nanging Abi mbelo Delon maneh. Abi malah
njukuk ke penghapuse Delon nalika penghapuse ceblok. Abi mesthi ngelakokake tumindak cilik kanggo
Delon. Kaya ngajak Delon mlebu dhisik nalika kalorone ana ing ngarep lawang kelas. Abi uga nggekei
dalan nalika Delon mlaku ing mburine supaya ndhisiki dheweke. Ora ana rasa nesu lan sengit marang Abi.
Dheweke uga luwih seneng meneng. Dheweke wedi salah. Dadi dheweke mung nindakake apa sing
dianggep apik.
Ing sawijining esuk, nalika Delon katon mlebu gerbang sekolah, Bimo marani dheweke.
“De, kowe ora weruh keikhlasan Abi?” takon e bimo. Delon ketokan bingung karo pertanyaan e bimo.
Bimo sakdurung e jaluk sepuro, lan jelasno yen Abi bingung kepiye cara nggadepi delon. Bimo nyoba
nulungi abi, nanging mesthi gagal. Banjur Bimo nindakake nganggo carane dewe. Kali iki Abi ora crita
marang Bimo. Nanging Bimo dhewe weruh marang hal iki. Delon miringno sirahe, tandhane ora ngerti.
Bimo crita, Abi mesthi ndhukung delon yen delon duwe masalah, kaya nalika delon mbolos sekolah.
Banjur nalika delon nyontek. Delon uga wis ngerti cara Abi ngekei dalan dinggo delon, utawa wektu
ndisikno delon mlebu kelas dhisik wektu awakmu ing lawang kelas.
Delon kayane mikir sedhela, banjur manthuk alon. Cepet-cepet, dheweke mlayu mlebu kelas.
Ing kelas, Delon bisa ndeleng Abi mbukak bukune, lagi nggarap PR. Delon marani lan menehi buku PR.
“Cepet kerjakno.” Delon buka omongan kanggo Abi. Abi madep menduwur, nemoni Delon nyawang
dheweke. “Aja kakean takon yen aku lagi apik atine.” Jawab e Delon, amerga abi nyawang delon bingung.
Abi ngadek, ngrangkul kenceng, lan mesem amba. “Aku ora takon akeh, nanging isih rewel yen meneng
wae kaya ngene. Matur suwun, matur nuwun, amarga wis ngapura aku.” Ngurungokne iku delon jaluk
seporo ora weruh keikhlasane Abi. Ketulusan mesti nggawa kabecikan. Omongan kudu imbang karo
tumindak. Amarga wong mung ndeleng tumindak, dudu omongan.

You might also like