You are on page 1of 9

UNGGAH-UNGGUH BASA

A. Basa Ngoko

Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong
sapadha-padha. Basa ngoko kabedakake dadi 2 golongan, yaiku: ngoko lugu lan ngoko
andhap.
1. Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu gunane kanggo cecaturan utawa guneman wong tuwa marang anak/
putune, wong karo pepadhane utawa bocah karo kancane. Priyayi gedhe marang abdine,
wong ngunandika.
a. Wang tuwa marang anake/ putune
Tuladha:
Wong tuwa marang anake/putune
Bapak : “Le, kapan anggonmu teka?”
Anak : “Pengestunipun Bapak, wilujeng. Kala wau enjang jam 10 anggen kulo
dumugi ing ngriki”
b. Wong karo pepadhane utawa bocah karo kancane
Tuladha:
A : “Mas Agus, aku mbok ya kok wuruki garapan nulis Jawa ndhek wingi kae.
Yen ora, mengko rak aku sida didukani Pak Guru. Dhasar aku ndhek wingi ora
mlebu, ora pamit pisan”
B : “Lho, ya gene ta, kok ora mlebu barang ki? Enya iki, turunen bae, mumpung
isih esuk mengko mundhak selak mlebu”
c. Priyayi gedhe marang abdine
Tuladha:
A : “Mbok Minah, mengko kowe gawea slametan tumpeng kaya adate nyetauni
putumu si thole”
B : “Menika rak dede dinten Rebo Pahing tingalanipun putra sampeyan Ndara
Den Bagus ta, Ndara?”
d. Wong ngunandika (guneman/omong dhewe)
Tuladha:
“E, tak turu sedhela, awakku kok kesel, ora kira-kira”

2. Ngoko Andhap (Ngoko Alus)


Ngoko andhap kabedakake dadi rong werna, yaiku: antya-basa lan basa-antya.

1. Antya-basa, iku guneme wong tuwa marang wong nom sing luwih dhuwur pangkate
utawa priyayi padha priyayi sing wis raket banget sesrawungane. Tembung "kowe"
dadi "sliramu". Pamore tembung ngoko karo krama inggil, ora ngramakake ater-ater lan
panambang. Tuladha:
Ngoko lugu : “Kowe apa ora lunga menyang kantor?”
Antya-basa : “Sliramu apa ora tindak menyang kantor?”
2. Basa-antya, yaiku guneme wong tuwa marang wong nom sing luwih dhuwur pangkate.
Tembung "kowe" dadi "panjenengan". Pamore tembung ngoko, krama lan krama
inggil, ora ngramakake ater-ater lan panambang. Tuladha:
Ngoko lugu : “Yen kowe wis duwe wektu, mbok ya menehi layang”
Basa-antya : “Yen panjenengan wis kagungan wekdal, mbok ya maringi, serat”
Tembung-tembung sing ora dikramakake kayata:
1. Tembung sesulih : iki, iku, apa, sapa, endi, pira, kapan, kepriye, yagene;
2. Tembung lantaran : marang, menyang, saka, nganti, utawa, yen;
3. Tembung katrangan : saiki, mengko, mau, dhek, seprana, seprene, semono,
mangkene, mengkono, isih, wis, durung, arep, lagi, maneh.

B. Basa Madya

Basa Madya yaiku salah sawijining unggah-ungguh basa Jawa ing antarane basa ngoko lan
basa krama. Basa Madya awujud tembung Madya sing iseh kaworan basa ngoko utawa
basa krama. Basa Madya Ngoko biyasane dinggo caturan dening wong desa.
(terjemahan; bahasa madya yaitu salah satu ungah-ungguh/ aturan berbahasa Jawa
yang berisi antara bahasa ngoko dan bahasa krama. Bahasa madya berbentuk kalimat
yang berisi campuran bahasa ngoko atau bahasa krama).
Basa madya kabedakake dadi telung golongan, yaiku madya ngoko, madya krama lan
madyantara.

1. Madya Ngoko
Basa madya ngoko yaiku guneman bakul padha bakul. Tembung "aku" dadi "kula",
tembung "kowe" dadi "dika". Pamore tembung madya karo ngoko, ater-ater, lan
panambang tetep ngoko.

Tuladha:
Ngoko lugu : Kowe kok sajak kesusu ngajak mulih aku, ana perlune apa, ta?
Madya ngoko : Dika kok sajak kesusu ngajak mulih kula, onten perlune napa ta?

2. Madya Krama
Basa madya krama yaiku guneme bojone priyayi marang sing lanang. Pamore tembung
madya, krama lan krama inggil. Nanging ora ngramakake ater-ater lan panambang.

Tuladha:
Ngoko lugu : Pakne, wayah ngene kok wis arep menyang kantor, apa akeh gawean?
Madya krama : Pakne, wanci ngeten kok empun ajeng tindak tang kantor, napa kathah
padamelan?

3. Madyantara
Basa madyantara yaiku guneme priyayi cilik padha priyayi cilik, utawa priyayi marang
sedulur sing luwih endhek pangkate. Tembung “kowe" dadi "mang", "samang", utawa
"sampeyan".

Tuladha:
Ngoko Lugu : Kowe rak wis duwe tumbak sing luwih apik, ta?
Madyantara : Sampeyan rak empun duwe tumbak sing luwih apik ta?

C. Basa Krama

Basa krama kabedakake dadi limang golongan, yaiku mudha krama, kramantara, wredha
krama, krama inggil, lan krama desa.

1. Mudha Krama
Basa mudha krama yaiku basane wong mudha (nom) marang wong tuwa (wredha),
basane murid marang gurune, basane priyayi padha priyayi. Tembung "aku" dadi "kula",
tembung "kowe" dadi "panjenengan". Pamore tembung krama karo krama inggil,
ngramakake ater-ater lan panambang.

Tuladha:
Ngoko andhap : Menawa panjenengane ibu marengake, aku arep ndherek.
Mudha krama : Menawi panjenenganipun ibu marengaken, kula badhe dherek.

Katrangan:
a. Ater-ater = dak, disalini kula
ko, disalini dipun
b. Panambang = ku, disalini kula
mu, disalini panjenengan utawa sampeyan
e, disalini dipun
ake, disalini aken

2. Kamantaral/ Krama Lugu


Basa kramantara utawa krama lugu yaiku basane wong tuwa marang wong kang
kaprenah enom, rumangsa menang asal utawa menang pangkat. Tembung "aku", dadi
"kula", tembung "kowe", dadi "sampeyan".
Tuladha:
Ngoko lugu = Dhek wingi kowe rak wis dak ngerteni, awit aku ora bisa teka sadurunge
jam sepuluh.
Kramantara = Kala wingi sampeyan rak sampun kula criyosi, bilih kula boten saged
dhateng saderengipun jam sedasa.

Katrangan:
a) Ater-ater = dak, disalini kula
koe, disalini sampeyan
di, disalini dipun

b) Panambang = ku, disalini kula


mu, disalini sampeyan
e, disalini ipun
ake, disalini aken

3. Wredha Krama
Basa wredha krama yaiku basane wong wredha (wong tuwa) marang wong mudha (wong
enom). Tembung "aku" dadi "kula", tembung "kowe" dadi "sampeyan". Basa wredha
krama awujud tembung-tembung krama, nanging ater-ater lan panambang ora
dikramakake.

Tuladha:
Ngoko lugu = Kowe mangkono wis ora kekurangan apa-apa, bebasan kari mangan karo
turu.
Wredha krama = Sampeyan mekaten sampun boten kekirangan punapa-punapa, bebasane
kantun nedha kaliyan tilem.

4. Krama Inggil
Basa krama inggil yaiku basane kaum krama (wong tuwa) marang kaum ningrat
(keluarga ratu), utawa priyayi cilik marang priyayi luhur (gedhe), priyayi enom marang
priyayi sepuh. Tembung "kula" dadi "adalem", "abdi-dalem", "kawula", tembung
"panjenengan" dadi "panjenengan-dalem". Basa krama inggil wujude basane krama
kabeh, kaya basa mudha krama.

Tuladha:
Mudha krama = Sowan kula ing ngarsa panjenengan, perlu nyadhong dhawuh
panjenengan.
Krama inggil = Sowan adalem ing ngarsa panjenengan-dalem perlu nyadhong dhawuh-
dalem.

5. Krama Desa
Basa krama desa yaiku basane wong-wong desa sing lumrahe wong-wong mau isih
wutasastra. Tembung-tembung sing digunakake krama desa, nduweni ciri-ciri kaya ing
ngisor iki:

a) Tembung krama utawa krama-inggil dikramakake maneh, kayata: nama dadi nami;
sepuh dadi sepah; tebih dadi tebah, waja dadi waos, lsp.
b) Nganggo tembung-tembung krama-inggil tumrap awake dhewe kayata: asta kula, kula
paringi, kula dhahar, lsp.

c) Nganggo tembung-tembung kawi, kayata: yoga sampeyan; nem santun; turangga


sampeyan, lsp.
d) Mirid kaanan, kayata: ambetan-duren, pethakan-mori, singetan-pete, samberan-pitik,
lsp.
e) Wis nduweni teges dhewe, kayata: dhekemen-dhele, watesan-semangka, boga-agung,
lsp.

Tuladha:
Ngoko lugu (NL) = Lo, kowe Tin, apa padha slamet?
Krama desa (KD) = Pangestu sampeyan, inggih wilujeng, sowan kula ngaturaken
kagungan sampeyan pantun gagi sapunika sampun sepah.

NL = Sokur ta, jagung lan kedhele apa during tuwa?


KD = Boganipun dereng, dekemanipun kados sepeken engkas sampun sepah.
NL = Paestrenmu koktanduri apa?
KD = Kula dhawahi walesan, nanging boten cekap, amargi kebenan pejah sedaya.

Katrangan:
1) Tembung = aku, disalini kula kowe, disalini sampeyan

2) Ater-ater = dak, disalini kula


ko, disalini sampeyan
di, disalini dipun

3) Panambang = ku, disalini kula


mu, disalini sampeyan
e, disalini ipun
ake, disalini aken

4) Tembung-tembung krama desa sawatara;


kedhele krama desane = kedhangsul, dhekeman
kwali krama desane = kwangsul
jaran krama desane = kepel
belo krama desane = belet
mori krama desane = monten
kori krama desane = konten
ratan krama desane = radosan
wedi krama desane = wedos
kacang krama desane = kaos
tuwa krama desane = sepah
jagung krama desane = boga, gandum
gaga krama desane = gagi
tembako krama desane = santun
segelo krama desane = segenten
dhuwit krama desane = yatra
wani krama desane = wantun
duren krama desane = ambetan
Imogiri krama desane = Maginten
Semarang krama desane = Semawis
Wonosaba krama desane = Wonosowan
Pati krama desane = Santenan
Boyolali krama desane = Bajulkesupen
Salatiga krama desane = Salatigen
Kendal krama desane = Gajihan
Temanggung krama desane = Temanggel
Kediri krama desane = Kedinten
Karangasem krama desane = Kawisasem
Pekalongan krama desane = Pengangsalan
Parakan krama desane = Pendetan
Banyumas krama desane = Toyajene

D. Basa Kedhaton (Basa Bagongan)

Basa kedhaton (basa bagongan) yaiku basa kanggo guneman para sentana lan abdining ratu
ana ing sajroning cepuri (kraton) lan ana ing ngarsaning sang Prabu utawa Pangeran
Adipati Anom. Pamore tembung-tembung krama karo tembung-tembung basa kedhaton.
Ater-ater lan panambang, yen sing guneman iku sentana padha sentuna, abdining ratu
padha abdining ratu, ora dikramakake. Dene sentana utawa abdining ratu iku guneman
karo Pangeran-putra, ater-ater lan panambang kudu dikramakake.

Bedane basa kedhaton Surakarta lan Ngayogyakarta: Ngayogyakarta : Utawa


Purusa/wong kapisan (aku), kedhatone manira Madyama Purusa/wong kapindho (kowe),
kedhatone pakenira.

Surakarta :
a) Aku tumrap para putra-sentana, dadi mara. Kowe tumrap para putra-sentana, dadi
para.
b) Aku tumrap para punggawa, dadi manira. Kowe tumrap para punggawa, dadi
pakenira.

c) Aku tumrap para panewu-mantri, dadi kula Kowe tumrap para panewu-mantri, dadi
jengandika.
d) Aku tumrap para pujangga, dadi robaya. Kowe tumrap para pujangga, dadi panten.

Katrangan:
a) Ater-ater = dak, disalini manira
ko, disalini pakenira
di, tetep di

b) Panambang = ku, dadi kula


mu, dadi dalem
e, tetep e
ake, tetep ake
c) Tembung-tembung kedhaton sawatara
punapa, kedhatone = punapi
iki, kedhatone = puniki
iku, kedhatone = puniku
ayo, kedhatone = nedha
gajah, kedhatone = dirada
macan, kedhatone = sardhula
ora, kedhatone = boya
ana, kedhatone = wenten
inggih, kedhatone = enggeh
bae, kedhatone = besaos
kebo, kedhatone = mundhing
jaran, kedhatone = kuda
Iya, kedhatone = enggeh
doyan, kedhatone = seta
seje, kedhatone = seyos
dhewe, kedhatone = dhawak
isih, kedhatone = meksih
weruh, kedhatone = meninga
sumangga, kedhatone = wawi
kandhane, kedhatone = pojare
duwe, kedhatone = darbe
keris, kedhatone = curiga
cemethi, kedhatone = tembung
apa, kedhatone = punapi

Tuladha:
A = Kala wingi ing griya jengandika punapi wonten tamu?
B = Enggeh, adhi kula angka gangsal saking Ngayogyakarta?
A = Sajake kok wenten damel ingkang wigatos.
B = Boya, namingtuwi besaos, amargi rumaos kangen,sampun lami boya kepanggih.

E. Basa Kasar

Basa kasar yaiku kumrahe kedadean saka pamore tembung ngoko karo tembung kasar, iku
basane wong sing lagi muring-muring (nesu).
Tuladha:
Lha, wong rupamu, pantes karo dhapure, jegosmu ya mung nguntal karo micek.

Contoh Kalimat Unggah-Ungguh Basa Jawa Ngoko Andhap (ngoko Alus)

Ngoko lugu = NL; Ngoko andhap = NA; Krama alus = KM

Tuladha:
1. NL = Bapak mulihe jam pira, Di?
NA = Bapak kondure jam pira, Di?
KM = Bapak konduripun pukul pinten?
2. NL Nar! Layang iki wenehna Pak Guru!
NA = Nar! Layang iki caosna Pak Guru!
KM = Mas Nar, serat punika caosaken Pak Guru.

3. NL = Yen ora gelem, ya ora dadi ngapa.


NA = Yen ora kersa ora dadi ngapa.
KM = Menawi mboten kersa inggih mboten dados punapa.

4. NL = Sing nganggo klambi bathik iku sapa?


NA = Sing ngagem klambi bathik iku sapa?
KM = Ingkang ngagem ageman bathik punika sinten?

Contoh Kalimat Unggah-Ungguh Basa Jawa Krama Alus


Ngoko andhap = NA; Krama alus = KA
Tuladha:

1.NA = Priyayi iku pasuryane bagus.


KA = Priyayi menika pasuryanipun bagus.

2. NA = Jayus didukani Pak Guru amarga ora ngumpulake PR.


KA = Jayus dipun dukani Pk Guru amargi mboten ngumpulaken PR.

3. NA = Dhik Hasan ditimbali ibu, diparingi jajan.


KA = Dhik Hasan ditimbali ibu, dipun paringi jajan.

4. NA = Mbak Tutik ditimbali simbah, dingendikani, anggone arep omah-omah.

KA = Mbak Tutik dipun timbali Simbah, dipun ngendikani anggenipun badhe


emahemah.

5. NA = Rawuhe Bapak Presiden Susilo Bambang Yudoyono ing Semarang


didherekaken bapak-bapak mentri.

KA = Rawuhipun Bapak Presiden Susilo Bambang Yudoyono wonten Semarang dipun


dherekaken bapak-bapak mentri.

6. NA = Unjukane Bapak wis adhem.


KA = Unjukanipun Bapak sampun asrep.

7. NA = Pak Lurah ngendikane dimidhangetaken wargane kanthi permati.


KA = Pak Lurah ngendikanipun dipun midhangetaken warganipun kanthi permati.

8. NA = Titihane Pakdhe diampil Bapak.


KA = Titihanipun Pakdhe dipun ampil Bapak.

9. NA = Adhik ditimbali Bapak, diutus mundhutake rokok.


KA = Adhik dipun timbali Bapak, dipun utus mundhutaken ses (rokok).
10. NA = Aku diutus Bapak, supaya nyaosaken Iayang iki marang Pak Lurah.
KA = Kula dipun utus Bapak, supados nyaosaken serat punika dhateng Pak Lurah.

You might also like