You are on page 1of 3

PEMERINTAH KABUPATEN KEDIRI

DINAS PENDIDIKAN
UPTD SMP NEGERI 1 PLOSOKLATEN
Desa Kawedusan Kecamatan Plosoklaten Kediri 64175 Telp. (0354) 547546
Website : smpnegeri1plosoklaten.blogspot.com Email : smpn1plosoklaten@gmail.com

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP


TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : VII


Hari dan Tanggal : , Maret 2020 Waktu : WIB

PETUNJUK KHUSUS
I. PILIHLAH SALAH SATU JAWABAN YANG PALING TEPAT!

Taman
Dening : J.F.X. Hoery

Ing taman anakku


Tawon lan kupu rebutan madu
Kinjeng lan kombang rebutan kembang
Angin esuk ngerog ebun ing pucuking kudhup
Kekedhering kinjeng lan kupu
Aja nganti mbokincup
Sawangen wae endahe

Ing taman anakku


Kupu lan kinjeng isih kapiadreng
Tawon lan kombang ngenam panandhang
Madu lan kembang ningga kudhup esuk
Mega-mega putih gegojegan mapag angin sore
Aja mbok guyu dheweke
Sawangen
Ing biruning langit
Kae papane kawruh lungit
Lan ing kana uga aku titip
Geguritan kang dak rakit
1. Apa irah-irahane geguritan ing ndhuwur?
a. Ing taman c. Kupu
b. Kombang d. Taman
2. Apa sebabe kewan-kewan mau ora oleh diincup?
a. Amarga ngerog ebun esuk.
b. Amarga rebutan kembang.
c. Amarga rebutan madu
d. Amarga bakal ilang endahe.
3. Unsur basa apa sung ana ing guritan ing ndhuwur?
a. Purwakanthi guru sastra.
b. Purwakanthi guru basa.
c. Purwakanthi guru swara.
d. Tembung saroja.
4. Apa relevansi isi guritan karo kahanan jaman saiki?
a. Kita isih temoni taman.
b. Kita wis ora nemoni kupu.
c. Kita wis ora nemoni kinjeng.
d. Kita wis ora nemoni tawon.
5. Ing ngendi penggurit titip geguritan sing dirakit?
a. Ing taman
b. Ing kawruh lungit
c. Ing mega-mega putih
d. Ing biruning langit
6. Pesan moral apa sing ana ing geguritan “Taman?”
a. Kita ora kudu njaga lingkungan.
b. Kita kudu nandur kembang.
c. Kita kudu nggatekake kewan.
d. Kita kudu njaga lingkungan.
7. Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!
Wanci sekolah miwiti pasinaon
Kathah siswa kang sami pitakon
Sabtu enjing kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti tanpa dikongkon
..................................................
Purwakanthi kang tinemu ing geguritan yaiku purwakanthi.........
a. guru swara c. lumaksita
b. guru sastra d. guru basa
7. Ing guritan ndhuwur, sing nuduhake yen sabtu esuk kangge lingkungan wae ana ing
gatra....
a. 1 b. 2 c. 3 d. 4
8. Guritan ing ndhuwur, sing nuduhake manawa kerja bakti ora usah ngenteni dikongkon
ana ing gatra....
a. 1 b. 2 c. 3 d. 4
9. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu:
a. mangerteni macane
b. mangerteni wujude
c. mangerteni tulisane
d. mangerteni isine
10. Supaya bisa nulis geguritan kang apik tur enak diwaca, kudu:
a. tembunge endah, mentes
b. tembunge angel, mentes
c. tembunge entar
d. tembunge ilmiyah
11. Tembang macapat iku kaiket ing paugeran:
a. guru gatra, guru basa, guru lagu
b. guru gatra, guru wilangan, guru lagu
c. guru swara, guru basa, guru sastra
d. guru swara, guru lagu, guru wilangan
12. Tembang macapat iku ana:
a. 8 b. 9 c. 10 d. 11
13. Cacahe wanda saben sakgatra diarani....
a. guru gatra c. guru lagu
b. guru wilangan d. guru swara
14. Tibane swara saben pungkasane gatra diarani..
a. guru gatra c. guru lagu
b. guru wilangan d. guru swara
15. Isine tembang Pucung iku lumrahe ....
a. pitutur c. prihatin
b. asmara d. nesu banget
16. Arane tembang macapat iku nggambarake manungsa wiwit lair nganti mati. Laire
manungsa digambarake nganggo aran tembang....
a. Pocung c. Mijil
b. Sinom d. Kinanthi
17. Matine manungsa digambarake nganggo tembang...
a. Pocung c. Mijil
b. Sinom d. Megatruh Kwdhjfh
Semaken tembang ing ngisor iki kanggo soal nomer 18, 19, 20!

Putra iku wajib bekti rama ibu


Kanthi asih tresna
Tumindaka ingkang becik
Yen tan bekti bakal lumebu ing nraka
18. Tembang macapat ing dhuwur guru wilangan, lan guru lagune yaiku...
a.12u, 8i, 8u, 8i, 8o
b. 12u, 6a, 8i, 12a
c. 7u, 10u, 12i, 8u, 80
d. 8u, 8i, 8a, 8u, 8o
19. Dideleng saka paugerane, tembang ing ndhuwur arane tembang...
a. mijil c. kinanthi
b. pocung d. gambuh
20. Pesan moral sing bisa dijupuk saka tembang ing ndhuwur yaiku....
a. Dadi anak ora kudu bekti .
b. Dadi murid kudu bekti marang guru.
c. Dadi anak kudu tumindak becik.
d. dadi anak kudu tumindak apik lan bekti marang wong tuwa.

II. Tulislah B bila benar dan S bila salah pada setiap pernyataan berikut ini!
1. (…..) Geguritan kang diemot Panjebar Semangat kanthi irah-irahan ”Bumiku” kaanggit
dening Ibu Sunami
2. (…..) Tembang macapat iku kaiket ing paugeran guru basa, guru gatra lan guru lagu
3. (…..) Ing basa Indonesia, geguritan gagrag anyar diarani puisi
4. (…..) Asil karya sastra Jawa kang ora kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagu lan awujud puisi diarani tembang dolanan
5. (…..)Wong sing ngasilake karya sastra wujud geguritan diarani komposer

Iii. Jawablah peryataan dibawah ini dengan menjodohkan jawaban yang ada disamping!
1. Asil karya sastra Jawa kang kaiket ing aturan
guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani.....
a.11
2. Cacahe baris saben sakpada diarani.... b. Tembang Macapat
c. ngoko
3. Tembang macapat iku ana..... d.guru gatra
e. tegese tembung
4. basa sing asring digunakake ing geguritan iku basa....
5. Supaya bisa mangerteni isine geguritan, luwih dhisik kudu mangerteni...

IV. JAWABLAH PERTANYAAN DIBAWAH INI DENGAN BENAR!

1. Jelasna paugeran-paugeran sing ana ing tembang macapat!


2. Sebutna 3 tembang macapat sing kokweruhi!
3. Apa bedane tembang macapat lan geguritan!
4. Golekana basa rinenga ing geguritan Taman!
5. Sabanjure maca geguritan Taman ing ndhuwur, apa pesan morale!

You might also like