You are on page 1of 4

SMP ANUGERAH SCHOOL

JAVANESE DAILY TEST 1 TERM 2


ACADEMIC YEAR 2020/2021

Parent’s Teacher’s Name : Score


Signatures Signatures Class : VII
Day/ Date :

A. Pilihlah jawaban yang paling tepat !


1. Asil karya sastra Jawa kang kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu diarani….
a. Tembang macapat*
b. Tembang dolanan
c. Geguritan
d. Gancaran

2. Asil karya sastra Jawa kang ora kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, guru lagu lan awujud
puisi diarani ….
a. Tembang macapat
b. Tembang dolanan
c. Geguritan*
d. Gancaran

3. Wong sing ngasilake karya sastra awujud geguritan, diarani….


a. Panggurit*
b. Niyaga
c. Komposer
d. Penyanyi

4. Ing basa Indonesia, geguritan gagrag anyar diarani….


a. Puisi*
b. Prosa
c. Karya ilmiah
d. Semboyan

5. Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!


Aku ngerti, kabeh kuwi
Nanging ora tumenem ing ati
Eling yen urip iki
Ngumbara
Sawantara
…………………………………………..
Purwakanthi kang tinemu ing geguritan yaiku
a. Purwakanthi guru swara*
b. Purwakanthi guru sastra
c. Purwakanthi lumaksita
d. Purwakanthi guru basa

6. Basa sing asring digunakake ing geguritan iku basa….


a. Krama inggil
b. Kedhaton
c. Ngoko*
d. Bagongan
7. Supaya bisa mangerteni isine geguritan, luwih dhisik kudu mangerteni….
a. Tegese tembung*
b. Carane maca
c. Tegese ukara
d. Golek ide

8. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu….


a. Mangerteni macane
b. Mangerteni tulisane
c. Mangerteni wujude
d. Mangerteni isine*

9. Supaya bisa nulis geguritan kang apik tur enak diwaca, kudu….
a. Tembunge endah, mentes*
b. Tembunge apik, mentes
c. Tembunge entar
d. Tembunge ilmiyah

10. Gatekna pethikan geguritan ing ngisor iki!


Indonesiaku
Dening : Septika Ratna S

Jamrud khatulistiwa julukanku


Rowa samudra raya tanpa winates
Wiwit sabang tumeken Merauke
Tharik-tharik pulo-pulone…endah ing netra
Ijo royo-royo dadi sesawangan ngelam-ngelami ati
Sugih mblegedhu tumekan saiki
Urip bebarengan guyup rukun mbangun karaharjaning urip

Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?


a. Kepahlawanan
b. Keindahan
c. Indonesiaku*
d. Nusantaraku

11. Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur? ….


a. H.M. Moersito
b. Ibu Sunami
c. Rama Sudi Yatmana
d. Septika Ratna S*

12. Ing ngisor iki kalebu basa rinengga, kecuwali…..


a. Lega-lila
b. Ijo royo*
c. Edi-peni
d. Ngelam-ngelami

13. Ing ngisor iki kalebu unsur kebahasaane geguritan, kecuwali….


a. Basane endah
b. Mentes
c. Migunakake tembung kawi (Jawa kuna)
d. Basane krama inggil*

14. Sing kalebu struktur teks geguritan ing ngisor iki, kecuwali……
a. Tanpa kaiket guru lagu
b. Kaiket guru gatra*
c. Ora kaiket guru wilangan
d. Cakrike bebas
15. Gatekna geguritan ing ngisor iki!
SAWAH
Karya : Ardianti Ambisius

Sawah…
Lemahmu kang ombo
Warnamu kang ijo
Penak disawang
Sawang…
Anggonku nandur pari
Saben dino pak tani ngeramut awakmu
Ana bekecot, ulo lan sapenunggalane
Sawah…
Yen ora ono kowe aku ora bisa mangan sego
Saben panen berasmu ngelumpok akeh
Aku ora bakal ngerusak kowe

Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur?


a. Sunami
b. W.R. Supratman
c. Khalil Gibran
d. Ardianti Ambisius*

16. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?


a. Sawah*
b. Lingkungan sawah
c. Pak tani
d. Kewan sawah

17. Apa temane geguritan ing dhuwur?


a. Sawah
b. Lingkungan*
c. Ciptaan Gusti
d. Sosial

18. Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Pangeran Diponegoro
Karya : Aditya Bambang Tri Anggoro

Ngagem sorban ingkang petak


Nitih turangga kanti ngagem keris
Kangge ngelawan para penjajah
Panjenengan mboten nate gigring…
Jiwa lan ragamu dados korban
Kangge Nusantara

Diponegoro…
Asmamu kaseret ing jeneng-jenenge dalan
Pragamu kang wibawa…
Tunemplek ono ing arto…

Apa temane geguritan ing dhuwur?


a. Diponegoro
b. Kepahlawanan*
c. Veteran
d. Cinta tanah air
19. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?
a. Pahlawan
b. Pangeran Diponegoro*
c. Aditya Bambang Tri Anggoro
d. Pangeran

20. Geguritan ing dhuwur dianggit dening…


a. Aditya Bambang Tri Anggoro*
b. Rickson Adji Wicaksono
c. Bambang Suwito
d. Eko Purnomo

21. Tegese tembung “nganggit” yaiku….


a. Bercerita
b. Berpuisi
c. Mengarang*
d. Menyanyi

22. Tegese tembung “mapag” yaiku….


a. Tinggal
b. Ditinggal
c. Menjemput*
d. Membiarkan

23. Tegese tembung “kinandhut” yaiku….


a. Terbaca
b. Terkandung*
c. Tertulis
d. Menulis

24. Tegese tembung “tawon” yaiku….


a. Kupu-kupu
b. Kumbang
c. Belalang
d. Lebah*

25. Tegese tembung “nganti tumeka” yaiku….


a. Sampai datang*
b. Dari
c. Menuju
d. Berjalan

You might also like