Professional Documents
Culture Documents
PARAMASASTRA
PARAMASASTRA
MATERI PARAMASASTRA
BAB I
WIDYASWARA
DESKRIPSI SINGKAT
Yen dijinggleng kanthi permati, basa Jawa iku duwe fonem-fonem khas kang
perlu dijlentrehake mirunggan. Awit saka iku, tulisan ing bab iki mbudidaya
njlentrehake lan mbeberake fonem-fonem khas basa Jawa. Widyaswara dumadi
saka tembung widya lan swara. Widya asale saka basa Jawa Kuna kang tegese
‘ngelmu’ lan swara tegese ‘uni’. Dadi, widyaswara iku ngelmu kang ngrembug lan
nyinau bab swara utawa uni. Ing ilmu basa, widyaswara uga sinebut fonologi. Swara
kang dirembug widyaswara iku swara sing ana tegese. Dadi, widyaswara iku
ngrembug swara-swara kang bisa mbedakake wujud lan mbedakake teges
(destingtif).
INDIKATOR
Dengan mempelajari bagian ini, diharapkan peserta pelatihan memiliki
kemampuan dan keterampilan:
a. mampu mendeskripsikan jenis fonem dalam bahasa Jawa
b. mampu mendeskripsikan perubahan bunyi dalam bahasa Jawa
A. Fonem
Adhedhasar pametuning swara, fonem basa Jawa bisa dibedakake dadi loro,
yaiku vokal lan konsonan.
1. Vokal
Vokal iku, swara sing muni jalaran pametune angin saka paru-paru kang
kawedhar saka jroning tutuk ora ana kang ngalang-alangi. Vokal basa Jawa
gunggunge ana pitu, yaiku /a/, /כּ/, /o/, /i/, /u/, /e/, lan /ệ/. Tuladha: aku, amba, coro,
ilang, wulu, rame, lan tetep.
2. Vokal Rangkep
Vokal rangkep utawa diftong iku, vokal kang cacahe loro sing beda wujude
lan dumunung ing sawijining wandane tembung. Basa Jawa baku ora duwe diftong.
Ing wewengkon Jawa sisih wetan (Jawa Timur) ana vokal rangkep kang kerep
muncul ing sawijining tembung, kang ngemu karep kanggo mbangetake surasane
tembung.
Tuladha: abuh oabuh ’abuh banget’
gedhe guedhe ’gedhe banget’
enak uenak ’enak banget’
Ing Surakarta lan Yogyakarta kanggo mbangetake tembung, racake nggunakake
variasi vokal utawa nggunakake tembung banget kaya tuladha ing ngisor iki.
3. Konsonan
Konsonan iku, swara sing durung muni jalaran angin sing metu saka paru-
paru kang kawedhar saka jroning tutuk kaalng-alangi dening lambe, untu, cethak, lan
gorokan. Mula, terus ana swara lambe, swara untu, swara cethak, lan swara
gorokan.
a. Swara Lambe
Swara lambe sinebut uga konsonan bilabial. Kang kalebu swara iki yaiku
/p/, /b/, /m/, lan /w/. Meh kabeh swara lambe bisa dumunung ing kawitan, tengah, lan
pungkasaning tembung kejaba swara /w/ mung bisa dumunung ing ngarep lan ing
tengah tembung.
Tuladha: palsu sapi karep
babon kebo anteb
murih tampah kalem
waluh kuwi -
b. Swara Untu
Swara untu uga sinebut konsonan dental. Kang kalebu swara iki yaiku /d/, /t/,
n/, /l/, /r/, /dh/, /th/, lan /s/. Meh kabeh swara untu bisa dumunung ing kawitan,
tengah, lan pungkasane tembung, kejaba swara /dh/ lan /th/ mung bisa dumunung
ing ngarep lan ing tengah tembung.
Tuladha: dalan adil abad
tuma untu parut
nakal bantal aman
lunga guling apal
rekasa turu kasur
dhagelan padha -
thukul pathi -
supir desa wekas
c. Swara Cethak
Swara cethak uga ingaranan konsonan palatal. Sing kalebu swara iki yaiku
/c/, /j/, /ny/, lan /y/. Swara iki ora ana kang dumunung ing pungkasane tembung.
Tuladha: cuwil pacul -
jaran pijet -
nyata munyuk -
yoga griya -
d. Swara Gorokan
Swara gorokan uga sinebut konsonan velar. Sing kalebu swara iki yaiku
/k/, /g/, lan /ng/. Swara gorokan bisa dumunung ing wiwitan, tengah, lan pungkasane
tembung. Tuladha: kurang dhokar dumuk
graji jagal ajeg
ngaya tangan wedang
4. Gugus Konsonan
Gugus konsonan sinebut uga klaster yaiku, konsonan rangkep kang beda
wujude kang dumunung ing sawijining wanda.
Tuladha: /pl/ plintir, plenggong, pluntir
/tr/ trenyuh, tritis, trubus
/kr/ kwali, kwagang, kwasa
/by/ ambyur, abyor, ambyar
/wr/ wragad, wringin, kawruh
B. Obah-owahe Swara
Sing dikarepake obah- owahe swara yaiku owahe swara ing sawijining
tembung, nanging ora nganti ngowahi surasaning tembung. Obah-owahe swara iku
ana sing jalaran katambah swarane, kasuda swarane, lan ana uga swara sing
pindhah panggonan.
1. Panambahing Swara
Panambahing swara ing sawijining tembung bisa dibedakake dadi telu, yaiku
protesis, epentesis, lan paragog.
a. Protesis
Protesis yaiku tambahe swara ing wiwitane tembung.
Tuladha: nanging ananging
jare ujare
ing ning
ana nana
b. Epentesis
Epentesis yaiku tambahe swara ing tengah tembung.
Tuladha: akasa angkasa
kambil krambil
upama umpama
ngipi ngimpi
c. Paragog
Paragog yaiku tambahe swara ing pungkasane tembung.
Tuladha: ora orak
ibu ibuk
2. Panyudaning Swara
Panyudaning swara utawa abreviasi ing sawijining tembung bisa dibedakake
dadi telu, yaiku aferesis, sinkop, lan apokop.
a. Aferesis
Aferesis yaiku sudane swara ing wiwitane tembung.
Tuladha: uwong wong
bisa isa
b. Sinkop
Sinkop yaiku sudane swara ing tengah tembung.
Tuladha: dhuwit dhit
sethithik sithik
c. Apokop
Kang sinebut apokop yaiku sudane swara ing pungkasaning tembung.
Tuladha: temenan temen
dhimas dhi
C. Gesehing Swara
Gesehing swara bisa dibedakake dadi loro, yaiku metatesis lan disimilasi.
1. Metatesis
Metatesis iku, owahe swara jalaran ijolan dununge swara.
Tuladha: wira-wiri riwa-riwi
sruput srutup
2. Disimilasi
Disimilasi iku owahe swara jalaran ana swara kang padha.
Tuladha: lara-lara lara lapa
rara ireng lara ireng
RANGKUMAN
Widyaswara sinebut uga fonologi yaiku ngelmu kang ngrembug lan nyinau
bab swara utawa uni. Swara kang dirembug iku swara sing ana tegese, yaiku swara
kang bisa mbedakake wujud lan mbedakake teges. Fonem basa Jawa ana warna
loro, yaiku vokal lan konsonan. Vokal cacahe ana pitu, yaiku a, i, u, e, o, a, lan e.
Dene konsonan ana papat, yaiku bilabial, dental, velar, lan palatal.
TUGAS/TAGIHAN
Pahami babagan iki kanthi permati banjur garapen gladhen ing ngisor iki!
1. Coba terangna kanthi tuladha bedane fonem karo alofon!
2. Swara ae lan ai ana ing tembung-tembung jae, kae, paing, lan pait ora kalebu
diftong. Apa sebabe?
3. Coba buktekna yen fonem /o/ lan /a/; /t/ lan /th/; /m/ lan /w/; /d/ lan /r/ iku kalebu
fonem kang beda!
4. Obah-owahe tembung-tembung ing ngisor iki kalebu apa?
- inggih nggih
- kyai ki
- swara suwara
5. Terangna kanthi tuladha bedane metatesis lan disimilasi!
BAB II
WIDYATEMBUNG
DESKRIPSI SINGKAT
Widya tembung ngemu teges ‘ilmu bab tembung’. Tembung iku rerangkening
swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges. Saben rerangken swara
kang metu saka jroning tutuk tur ngemu teges kuwi diarani tembung. Dene yen ana
rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara
iku ora kalebu tembung. Widyatembung iku kalebu sempalaning paramasastra kang
ngrembug lan nyinau bab tembung, dumadine tembung, lan owahing sawijining
tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan. Ing ilmu basa
widyatembung lumrah sinebut morfologi.
INDIKATOR
Dengan mempelajari bagian ini diharapkan peserta pelatihan memiliki
kemampuan dan keterampilan:
A. Jinising Tembung
Adhedhasar jinise, tembung basa Jawa dibedakake dadi sepuluh, yaiku (1)
tembung aran, (2) tembung kriya, (3) tembung sifat, (4) tembung katrangan, (5)
tembung sesulih, (6) tembung wilangan, (7) tembung panggandheng, (8) tembung
ancer-ancer, (9) tembung panyilah, lan (10) tembung panyeru.
a. Tembung aran katon (kata benda konkret): tembung aran kang bisa kanyatakake
dening pancadriya.
Tuladha: watu, pasir, gunung, pari, klapa, beras, meja, kursi, lsp.
b. Tembung aran tankaton (kata benda abstrak): tembung aran kang ora bisa
kanyatakake dening pancadriya.
Tuladha: kapinteran, kasusilan, ngelmu.
B. Wujude Tembung
Adhedhasar wujude, tembung basa Jawa dibedakake dadi papat, yaiku (1)
lingga, (2) andhahan, (3) rangkep, lan (4) camboran
1. Tembung lingga (kata dasar): tembung kang isih wutuh kang durung rinaketan
imbuhan. Tuladha: pangan, sapu, tulis, omah, pager, guyu, pacul, rekasa, lsp.
4. Tembung camboran (kata majemuk): tembung loro digandheng dadi siji lan
duwe teges anyar. Tembung camboran dibedakake dadi loro, yaiku camboran
wutuh lan camboran tugel.
b. Camboran tugel
1) Tembung camboran kang dumadi saka tembung kang isih wutuh lan
tembung wancahan.
Tuladha: panastis panas + atis
Naksanak anak + sanak
2) Tembung camboran kang dumadi saka tembung wancahan kabeh.
Tuladha: kakkong tungkak + bokong
lunglit balung + kulit
RANGKUMAN
Widyatembung utawa morfologi iku ilmu kang ngrembug bab tembung,
dumadine tembung, lan owahing sawijining tembung dadi tembung liya karana
kawuwuhan imbuhan. Tembung ing basa Jawa dibedakake adhedhasar wujud lan
jinise. Adhedhasar wujude tembung basa Jawa cacahe ana papat, yaiku (1)
tembung lingga, (2) andhahan, (3) rangkep, lan (4) tembung camboran. Adhedhasar
jinise tembung basa Jawa cacahe ana sepuluh, yaiku (1) tembung aran, (2) kriya, (3)
sifat, (4) katrangan, (5) wilangan, (6) sesulih, (7) panggandheng, (8) ancer-ancer, (9)
panyilah, lan (10) panyeru.
TUGAS/TAGIHAN
Pahami babagan iki kanthi permati, banjur garapen gladhen ing ngisor iki!
2. Miturut wujude tembung-tembung ing ngisor iki kalebu jinise tembung apa?
a. kapiran d. dubang
b. cekakak e. mangsan
c. gojag-gajeg f. botrepot
2. Apa arane imbuhan kang rumaket ana tembung andhahan ing ngisor iki?
a. mudhun d. kumanggang
b. ingantem e. krelip
c. bathen f. sarean
3. Terangna kepriye pangrimbage tembung-tembung ing ngisor iki!
a. dicokoti d. nuliske
b. kabledhosan e. kapinteran
4. Terangna kanthi tuladha bedane dwilingga, dwilingga salin swara, lan dwilingga
semu!
5. Coba terangna tembung-tembung ing ngisor iki ndhapuk tembung apa, banjur
sebutna arane rimbage tembung mau!
a. kadipaten d. kabledhosan
c. pasuketan e. panguripan
BAB III
WIDYAUKARA
DESKRIPSI SINGKAT
Widyaukara utawa sintaksis kalebu perangane paramasastra kang
ngrembug bab ukara. Kejaba ngrembug ukara, widyaukara uga ngrembug bab frasa
lan klausa. Antarane frasa, klausa, lan ukara ora bisa kapisahake jalaran siji lan
sijine ana sambung rapete.
INDIKATOR
Dengan mempelajari bagian ini diharapkan peserta pelatihan memiliki
kemampuan dan keterampilan:
a. mampu mendeskripsikan jenis frasa dalam bahasa Jawa
b. mampu mendeskripsikan jenis klausa dalam bahasa Jawa
c. mampu mendeskripsikan jenis kalimat dalam bahasa Jawa
d. mampu menggunakan kalimat bahasa Jawa secara benar
e. mampu menguraikan kalimat bahasa Jawa dengan benar
A. Frasa
Frasa utawa kelompok kata iku duwe tandha-tandha: (1) drajate dumunung
ing antarane tembung lan klausa, (2) dumadi saka rong tembung utawa luwih, (3)
tembung-tembung kang kadhapuk ora kena ngluwihi wasesa, (4) frasa dumadi saka
inti lan atributif. Inti ing frasa iku mratelakake perangan kang diterangake, dene
atributif iku perangan kang nerangake inti. Dadi, urutan pandhapuking frasa iku kudu
manut IA (inti- atributif) utawa AI (atributif-inti). Tuladha:
sepatu sandhal
I A
kandhang jaran
I A
Frasa bisa dijembarake kanthi nambah tembung iku, iki, kae, lan kuwi ing sisih
tengene frasa kasebut. Bisa uga disisipi tembung sing utawa kang ing antarane
tembung-tembung kang dadi perangane frasa. Tuladha:
bocah pinter bocah pinter iku
bocah pinter iki
bocah sing pinter kae
frasa
inti atributif
frasa aran
inti atributif
1. Frasa Endosentrik
Frasa endosentrik yaiku frasa kang nyebutake salah siji perangane, nanging
perangan kang kasebutake mau bisa minangka gegantine perangan-perangan liya.
Tuladha: bocah wadon ayu bocah wadon
bocah ayu
Frasa bocah wadon ayu kalebu frasa endosentrik. Frasa kasebut bisa mung
dikandhakake bocah wadon utawa bocah ayu.
2. Frasa Eksosentrik
Frasa eksosentrik yaiku frasa sing salah siji perangane ora bisa dadi
gegantine perangan liya. Tuladha:
Adhiku dodol ing pasar
Frasa ing pasar kalebu frasa eksosentrik sabab perangan kang siji ora bisa dadi
sesulih perangan liyane. Frasa ing ukara kasebut ora bisa dikandhakake kaya ing
ngisor iki.
a. *Adhiku dodol ing
b. *Adhiku dodol pasar
Miturut jinise frasa kagolongake dadi pitu, yaiku (1) frasa aran, (2) kriya, (3)
kaanan, (4) wilangan, (5) katrangan, (6) sesulih, lan (7) frasa ancer-ancer.
1. Frasa Aran
Frasa aran utawa frasa nomina yaiku frasa kang intine awujud tembung aran.
Tuladha: payung kertas
I A
dudu gunung
A I
2. Frasa Kriya
Frasa kriya utawa frasa verba yaiku frasa kang intine awujud tembung kriya.
Tuladha:
nangis ngguguk
I A
ora nangis
A I
3. Frasa Kaanan
Frasa kaanan utawa frasa adjektiva yaiku frasa kang intine awujud tembung
kaanan utawa tembung watak. Tuladha:
cilik mentes
I A
kurang gedhe
A I
4. Frasa Wilangan
Frasa wilangan utawa frasa numeralia yaiku frasa kang intine awujud
tembung wilangan. Tuladha: limang bungkus
I A
5. Frasa Katrangan
Frasa katrangan utawa frasa adverbia yaiku frasa kang intine awujud
tembung katrangan. Tuladha: durung bisa
I A
6. Frasa Sesulih
Frasa sesulih utawa frasa pronomina yaiku frasa kang intine awujud tembung
sesulih. Tuladha: kowe kabeh
I A
mung dheweke
A I
7. Frasa Ancer-ancer
Frasa ancer-ancer utawa frasa preposisi yaiku frasa kang intine awujud
tembung ancer-ancer. Tuladha: menyang Jakarta
I A
B.Klausa
Klausa yaiku rerangkening tembung kang bisa ngudhar sawijining gagasan
utawa sawijining bab. Ing basa pacelathon, saora-orane klausa iku kudu ana
wasesane. Nanging ing basa tulis, klausa iku saora-orane dumadi saka jejer lan
wasesa. Tuladha:
dheweke kuwi // dhokter kewan
J W
dheweke kuwi (frasa sesulih)
dhokter kewan (frasa aran)
dheweke dhokter (klausa)
dheweke kuwi dhokter kewan (klausa)
klausa
J W
C.Ukara
Ukara yaiku rerangkening tembung kang bisa ngandharake sawijining karep
kanthi ganep. Tandha-tandhane ukara, yaiku (1) bisa madeg dhewe, (2) saora-orane
dumadi saka saklausa, (3) kawiwitan mawa aksara murda lan wekasane mawa
tandha wacan, lan (4) ana lagu pocapan (intonasi).
Tuladha: (1) Aku sinau, adhiku malah dolan
J W J W
Aku sinau (ya klausa, ya ukara)
malah dolan (frasa kriya)
Adhiku malah dolan (ya klausa, ya ukara)
Aku sinau, adhiku malah dolan (ukara)
Ukara
Klausa 1 klausa 2
1. Jinising Ukara
B. Miturut Kaanane
Miturut kaanane ukara dibedakake dadi loro, yaiku ukara sampurna lan ukara
ora sampurna.
6. Miturut Dhapukane
Miturut dhapukane ukara dibedakake dadi loro, yaiku ukara lamba lan ukara
camboran.
1) Ukara lamba (kalimat tunggal): ukara kang jejer lan wasesane mung siji utawa
ukara kang dumadi saka saklausa. Tuladha:
(1) Adhik sinau.
J W
(2) Budi maca koran.
J W L
(3) Mas Wahyu nukokake adhik sarung.
J W L Gg
(4) Suhardi nandur gedhang ing kebon.
J W L K
2) Ukara camboran (kalimat majemuk): ukara kang dumadi saka rong klausa utawa
luwih. Ukara camboran saora-orane wasesane luwih saka siji. Ukara camboran
dibedakake dadi loro, yaiku ukara camboran sajajar lan ukara camboran susun.
a). Ukara Camboran Sajajar (kalimat majemuk setara): klausa kang ana ing
ukara camboran sajajar kabeh awujud klausa inti. Tuladha:
(1) Budiarti iku pinter tur ayu pisan.
J W W
(2) Kowe seneng nanging aku senep.
J W J W
(3) Mbakyuku kuliah ing Semarang lan adhiku kuliah ing Sala.
J W K J W K
Ucamsa
b). Ukara Camboran Susun (kalimat majemuk bertingkat): antarane klausa siji lan
sijine ana kang nguwasani lan ana kang dikuwasani. Klausa kang nguwasani
arane klausa inti utawa induk kalimat, dene klausa kang dikuwasani arane
klausa pang utawa anak kalimat. Tuladha:
Ucamsu
J W K
Tb. Panggd W
2. Ngudhal Ukara
Ngudhal ukara tegese milah-milah peranganing ukara sarta nyebutake
jenenge siji-sijining perangan iku. Carane ngudhal ukara ana warna papat, yaiku:
Tuladha:
(1) Pak Guru mriksa karangane tembang siswa klas IV
Carane ngudhal:
- Manut kaanane diarani ukara sampurna
- Manut tumindake jejer diarani ukara tanduk
- Manut dhapukane diarani ukara lamba
- Manut wedharing gagasan diarani ukara carita
Carane ngudhal:
kekarepan : wisesananing dwipurwa
kekarepane : andhahane wisesananing dwipurwa
ora : lingga
kena :lingga
dipenggak : tanggap pratamapurusa kriyawantah
bebasan : wisesananing dwipurwa
kadhadhunga : sambawaning tanggap ka
medhot :tanduk kriyawantah
pinalangana : sambawaning tanggap na
mlumpat : ma + lumpat : bawa ha
Carane ngudhal:
kowe : sesulih purusa njupuka : kriya
jambu : aran sing : panyilah
apik-apik : watak sajinah : wilangan
wadhahana : kriya ing : ancer-ancer
tas :aran banjur : pangiket
caosna : kriya marang : ancer-ancer
eyang : sesulih purusa kakung : watak
Carane ngudhal:
Cantrik Janaloka : jejer
ngoyak-oyak : wasesa
Dewi Pregiwa – Pregiwati : lesan
RANGKUMAN
Widyaukara iku ilmu kang ngrembug bab ukara, klausa,lan frasa. Miturut
kaanane ukara ana loro yaiku ukara sampurna lan ora sampurna. Miturut tumindake
jejer ukara ana warna loro, yaiku ukara tanduk lan tanggap. Miturut dhapukane
ukara ana loro, yaiku ukara lamba lan camboran. Miturut wedharing gagasan ukara
ana pitu, yaiku ukara carita, pakon, pitakon, pangajak, pamenging, sambawa, lan
sananta.
TUGAS / TAGIHAN
Pahami babagan iki kanthi permati, banjur garapen gladhen ing ngisor iki!
1. Terangna kanthi tuladha bedane frasa endosentrik lan frasa eksosentrik!
2. Frasa ing ngisor iki kalebu frasa apa?
a. sanes tetedhan d. ngguyu ngakak
b. kudu sabar e. telung karung
c. durung bisa f. kanggo anakku
3. Ukara lamba ing ngisor gawenen dadi ukara camboran susun
a. Mau Jatmika lagi dolanan komputer
b. Mengko aku ora bisa teka.
4.Ukara-ukara ing ngisor iki udhalen miturut jinise tembung lan lungguhing
tembung-tembunge!
a. Dhek wingi murid-murid diirid pak guru menyang alun-alun
b. Bu Lurah nukokake anake sepatu.
BAB IV
UNGGAH-UNGGUH BASA
DESKRIPSI SINGKAT
Supaya kita bisa migunakake basa Jawa kanthi trep ana ing pasrawungan,
kita kudu ngerti bab unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa iku tatanan sing
baku, tumrap wong sing guneman nganggo basa Jawa. Sejatine, guneman nganggo
basa Jawa iku ora angel, waton kita gelem nggatekake tatanane. Sing baku, wong
sing guneman tansah ngasorake dhirine, ora bakal migunakake tembung krama
inggil. Tembung krama inggil iku mung kanggo wong sing diajak guneman utawa
wong sing digunem, kanggo ngurmati lan ngajeni.
INDIKATOR
Dengan mempelajari bagian ini diharapkan peserta pelatihan memiliki
kemampuan dan keterampilan:
1. mampu mendeskripsikan tentang unggah-ungguh basa Jawa
2. mampu menggunakan bahasa Jawa dengan benar sesuai unggah-ungguh basa
Jawa
A. Pengertian
Unggah-ungguhig basa yaiku carane wong guneman karo wong liya, kanthi
nggatekake sapa sing diajak guneman lan sapa sing digunem.
1. Basa Ngoko
Basa ngoko iku mujudake basa Jawa sing asli dene basa krama anane luwih
kari tinimbang basa ngoko. Basa ngoko yaiku basa sing isih lugu, durung ana owah-
owahan. Tembung-tembung sing digunakake ing basa iki yaiku tembung ngoko.
Ater-ater lan panambange uga ngoko. Basa ngoko isih bisa dipilah maneh dadi loro,
yaiku ngoko lugu lan ngoko andhap.
A. Ngoko lugu
Tataran basa sing ngisor dhewe diarani ngoko lugu. Ngoko lugu, yaiku basa
kang migunakake tembung ko (kowe) tumrap madyamapurusa (wong II). Tembung-
tembung sing digunakake kabeh ngoko. Semono uga ater-ater lan panambange.
Basa ngoko lugu iki kanggo gunemane: (1) bocah karo bocah, (2) bapa-biyung
marang anake, (3) embah marang putune, (4) wong tuwa marang bocah, (5) guru
marang muride, lan (6) bendara marang abdine.
Tuladha: (1) Ayo padha dolan menyang Owabong
(2) Yen mlaku kudu ngambah dalan ing sisih kiwa
b. Ngoko andhap
Basa ngoko kang ana tembunge krama inggil utawa krama andhap. Dadi,
tembung-tembung sing digunakake campurane antarane tembung ngoko lan krama
inggil utawa krama andhap tumrap wong sing diajak guneman, sing digunem, lan
sing diurmati. Ater-ater lan panambange tetep ngoko. Basa ngoko andhap iku
kanggo guneme wong-wong kang wis raket banget sesrawungane, nanging isih
padha ajen- ingajenan.
Tuladha: (1) Bapak lagi tindak menyang sawah
(2) Daleme Pak Guru adoh saka kene
2. Basa Madya
Basa madya iku basa tengah-tengah, antarane basa ngoko lan basa krama.
Sing dadi titikane yaiku akeh tembung madya sing digunakake ing basa iki. Ater-ater
lan panambange ora owah. Basa madya iki kanggo guneman para bakul ing pasar
utawa wong tani ing padesan. Basa madya isih bisa dipilah dadi telu, yaiku madya
ngoko, madya krama, lan madyantara.
a. Madya ngoko
Tembung-tembung sing digunakake ing basa iki, yaiku tembung-tembung
madya lan tembung-tembung ngoko. Ater-ater lan panambange ngoko
Tuladha: (1) E, yu, sing nggendhong lurik, dika mandheg sadhela?
(2) E, kejaba ta, nek ajeng tuku akeh, dhaweg dika pilihi sing njlimet
b. Madya krama
Tembung-tembung sing digunakake ing basa iki, yaiku tembung-tembung
madya karo tembung-tembung krama. Ater-ater lan panambange ngoko.
Tuladha: (1) Napa samang ajeng tumbas?
(2) Engga ta mang milih! Dagangan kula sae-sae
c. Madyantara
Basa madya antarane madya ngoko lan madya krama. Tembung-tembung
sing digunakake ing basa iki, yaiku tembung madya, krama, lan krama inggil utawa
krama andhap. Ater-ater lan panambange ngoko.
Tuladha: (1) Enggih, nanging saniki kula mang paringi yatra
(2) Griyane empun enten kang nengga
3. Basa Krama
Basa krama yaiku basa sing kanggo ngajeni marang wong sing diajak
guneman lan sing digunem. Basa krama dipilah dadi telung tataran, yaiku wredha
krama, kramantara, lan mudha krama.
a. Wredha krama
Iki basane wong tuwa (wredha) marang wong enom, utawa guneme
dhedhuwuran marang andhahane. Tembung-tembunge kabeh krama, nanging ater-
ater lan panambange ngoko.
Tuladha: (1) Pinten lelangane kapal kalih punika?
(2) Punapa sampun kenging ditumpaki?
b. Kramantara
Basa krama antarane wredha krama karo mudha krama, uga diarani basa
krama lugu. Basa kramantara iku basane wong-wong sing tatarane padha
(kalungguhane, pangkate, sekolahe, umure, utawa liya-liyane). Tembung-tembunge
kabeh krama. Semono uga ater-ater lan panambange uga krama.
Tuladha: (1) Mangke sonten kula badhe kesah dhateng Surabaya
(2) Artanipun sampun kelajeng dipuntumbasaken obat
c. Mudha krama
Mudhakrama iku basane wong mudha marang wong tuwa, utawa basane
andhahan marang dhedhuwurane. Mudhakrama diarani uga krama alus. Tembung-
tembunge krama karo krama inggil utawa krama andhap. Ater-ater lan panambange
uga krama.
Tuladha: (1) Mangke sonten adalem badhe kesah dhateng Surabaya
(2) Artanipun sampun kelajeng dipunpundhutaken obat
5. Basa Kedhaton
Basa kedhaton diarani uga basa bagongan, yaiku basa sing mung kanggo
ing sajroning wewengkon kraton. Sing nganggo yaiku para santana lan para abdi
dalem kraton. Basa kedhaton iku kedadeyan saka tembung krama lan tembung
kedhaton.
Tuladha: (1) Pakenira sun piji boya paringi duka
(2) Manira wau meninga sardula wonten wana
C. RANGKUMAN
Unggah-ungguh basa yaiku carane wong guneman karo wong liya, kanthi
nggatekake sapa sing diajak guneman lan sapa sing digunem. Unggah-ungguh basa
iku wujude: (1) basa ngoko: ngoko lugu lan ngoko andhap, (2) basa madya: madya
ngoko, madyantara, lan madya krama, (3) basa krama: wredha krama, kramantara,
lan mudha krama, (4) basa krama desa, lan (5) basa kedhaton.
D. TUGAS/TAGIHAN
Pahami babagan iki kanthi permati, banjur garapen gladhen ing ngisor iki!
1. Terangna apa kang diarani unggah-ungguh basa
2. Mengko sore yen sida, aku arep lunga menyang Surabaya. Yen kowe duwe
dhuwit, bok aku disilihi sangu. Arep njaluk Paman, dheweke lagi ora duwe
dhuwit. Ana dhuwit sethithik, nanging jarene Paman wis kadhung ditukokake
obat. Bibi lara tangane. Bisa ta nyebrak sedina rong dina?
Wacan ing dhuwur iku salinen nganggo basa:
a. ngoko alus
b. krama lugu
c. krama alus
DAFTAR PUSTAKA
Dwijasusana, RIW. 2000. Serat Paramasastra Jawi Moderen. Surakarta: Penerbit
Yayasan Kanisius
Dwijawiyata. 1997. Unggah-ungguhing Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius.
Jatirahayu, Warih. 2000. Manca Warna Kawruh Pepak Basa Jawa. Yogyakarta:
Radhita Buana.
Padmasoekotjo, S. 1997. Paramasastra Jawa. Surabaya: PT. Citra Jayamurti
Sudibyo, Mooryati (Ed). 2001. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta:
Penerbit Yayasan Paramalingua.
Suwaji. 1994. Ngoko lan Krama. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama