You are on page 1of 2

Rerepen teks pariwara ing ngisor iki semake kanggo nggarap nomer 11-15.

Bapak : “ aduh bune awakku kok padha pegel kabeh”

ibu : “punapa tho pakne?”

Bapak : “ora ngerti aku, apa jalarane rasane kok kaya masuk angin”

Ibu : “oalah bapakne masuk angin tho”

Bapak : “iya bu awit wingi bengi bali saka Semarang ngeterke barang dagangan”

Ibu : “niku pakne mesthi supe ngunjuk obat”

Bapak : “iya bune, ben cepet mari diapakna ya, dipijeti wae piye bune?

Ibu : “oalah gampil yen soal pijet, niki tak dhamelke unjukan riyin, supados ical pegel-
pegelipun”

Bapak : “apa iku bune?”

Ibu : “ niki lho pakne jamu TOLAK ANGIN KOMPLIT, obat herbal kangge masuk angin,
mendhakake weteng kembung, weteng lara, nglegakake tenggorokan, njaga kasarasan awak sarta
apik diunjuk nalika perjalanan, awak sayah lan kurang turu. Obat iki didhamel saka bahan alami
kayata minyak adas, kayu ules, godhong cengkeh, meniran, jahe lan madu. Ayo pakne diunjuk saniki
supados enggal waras.”

Bapak : “wah enak tenan bune, awak krasa seger buger kaya lebar dipijeti wae.”

Ibu : “bener tho omongku, awak dadi seger buger amarga ngunjuk TOLAK ANGIN
KOMPLIT.”

11. Pariwara ing nduwur ditujuake marang...

A. Masyarakat
B. Bapak – bapak
C. Ibu – ibu
D. Pedagang
E. Dokter

12. Ancasing pariwara ing ndhuwur yaiku...

A. Layanan masyarakat
B. Nawake Jasa
C. Nawake barang
D. Wara – wara
E. Ngumumake berita

13. Teks pariwara iku digiyarake lumantar...

A. Radio
B. Tv
C. Koran
D. Internet
E. Spanduk

14. Iklan kang mbutuhake piranti swara,sudio visual,lan efek, yaiku...

A. Iklan tv
B. Iklan radhio
C. Iklan cetak
D. Nawake barang
E. Surasane lomba/andon

15. Iklan kang mung mbutuhake piranti swara kanggo nyampeke pariwarane yaiku iklan....

A. Radio
B. Tv
C. Koran
D. Spanduk
E. Cetak
Satrio Adri Wicaksono
27 / XI MIPA 4

You might also like