You are on page 1of 2

NGRAKIT TEKS DRAMA

Ana wong loro ing salah siji kamar kos. Yeyen isih siap siap lunga blonjo kebutuhane nggo sak wulan.
Nalika Lala ijik ngerjakke tugas sekolah daringe.

Yeyen: “Aku meh blonjo sayur, koe sekolah ngasi jam piro?”

Lala : “Dino iki ana telu mata pelajaran, paling yo sampe awan. Koe gak ana kelas daring to?”

Yeyen: “Gak ana, tugas tok. Mengko bar iki tak kerjakno. Koe meh nitip gak?”

Lala : “Aku titip masker wae Yen, sing putih sak pack yo. Sek, iki duite. Susuk e nggo tuku pentol wae
terus ngko di pangan wong loro yaa”

Yeyen nggowo tas, nganggo jaket lan masker. Banjur metu kamar.

Akhire Yeyen mulih saka blonjo ne mau..

Yeyen: “Assalamualaikum”

Lala : “Waalaikumsalam, kok cepet men Yen?”

Yeyen: “Yo iyo, mung tuku sayur ning warung gang samping kae”

Lala : “Lah mung nyang runu tok kok nganggo klambi sing ribet. Nganggo jaket, nganggo masker”

Yeyen: “Laaaa! Iki kan lagi pandemi covid-19. Adewe ki kudu jogo-jogo to. Pek ming metu cedak omah
wae kudu tetep maskeran lan waspada”

Lala : “Iyoo..iyo… ndi pentole aku pengen ngemil”

Yeyen: “Sak dawane dalan gak ana tukang pentol La. Wong dodol lianee yo gak ana. Sing buka mung
toko toko cilikan, tukang sayur, lan supermarket”

Lala : “Alahhh… aku pengen pentol. Ngandi yoo bakule. Gak pengen ngolek duit po?”

Yeyen: “Paling dee lagi kesusahan. Amerga covid iki kan wong-wong di kon karantina ning omah.
Sementara dee kelangan pelanggan, golek duit tambah susah”

Lala : “Duh, iyo yo mesakake Pak Pentol. Mugo wae dee lan keluargane apik-apik wae. Adewe mergo
covid-19 iki kepeksone sinau ning kos an terus. Ora iso mulih nyang deso wedine dadi penyebar virus.
Sopo to sing ra susah mergo virus? Blass ora enek!”

Yeyen: “Lho lho kok malah ngegas ngunnu koe la wkwkwk. Nyoooo maskermu!”

Yeyen nguncalke sak box masker nyang Lala. Lala mbolak mbalike box kui, banjur mbukak isine

Lala : “Yeyen!!! Iki ke masker bengkoang nggo perawatan rai. Sing tak maksut kui sing nggo nyegah
virus. Sing nggo nutupi irung lan lambe! Sing biasane di nggo dokter dokter ngunu kui. Mosok aku metu
nganggo masker rai?”
Yeyen: “Yahhh gek pie??”

Lala : “Balikno nyang tokone iso gak yo?”

Yeyen: “Wes kok bukak, yo gak iso to. Kan adewe wes due masker akeh La”

Lala : “Kui lak masker kain. Bosen aku nganggo masker model e ming kui-kui wae. Pengen jajal sing
sekali nganggo. Nek sing biasane dingo dokter mesti luih nyaman daripada maskersing bar dingo di
umbah”

Yeyen: “Maker medis kui nggo tenaga medis, utowo uwong sing loro. Adewe sing ning omah, cukup
nganggo masker kain. Sak liane hemat, adewe yo iso mbanyu tenaga medis ben ora ngentekake stok e
masker. Bayangno nek tenaga medis kekurangan masker, terus ternyata ntek di tuku uwong-uwong, pas
arep nangani pasien, malah mati disek keno covid. Ngeri ora kui?”

Lala : “Iyo jane.. tapi mosok pemerintah ora ngek I bantuan masker to nyang tenaga medis”

Yeyen: “Yo mosok kudu nunggu pemerintah, kadung mati disek sak Indonesia”

Lala : “Hushhh! Raoleh ngunu Yen…

Yeyen: “Mending adewe maskeran ae tinimbang debat marai kesel. Lumayan iso perawatan. Ngko sak
bar e pandemi, adewe iso glowing ngunu loo akakaka”

Lala : “Benerrr koe Yen, iso wae jagonganmu kii. Jangan jangan koe sengojo salah tuku?!”

Yeyen melet nyang si Lala. Akhire Yeyen lan Lala maskeran bengkoang amerga ming salah tuku jenis
masker..

YENI PUSPITA

34/ XI MIPA 6

You might also like