You are on page 1of 13

GLADHEN SOAL BASA JAWA

1. Titikan teks non sastra ing ngisor iki, ngandharake jinise teks . . ..
No. Titikane teks non sastra
1. Karangane katulis kanthi jangkep
2. Tujuwane kanggo ngandharake gagasanutawa kanyatan
3. Sipate teks ngeyakinake, lan nyenengake pamaca
4. Isine menehi pituduh, marang wong kang maca
A. pawarta
B. narasi
C. artikel
D. anekdot
E. deskripsi

2. Artikel sing ngandharake sawijine perkara kang dumadi ing masyarakat, saengga bisa
dingerteni kedadeyan apa sing satemene dumadi. Jinis iki padha kaya laporan utawa
reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane
nerangake prakara kanthi gamblang, bisa awujud opini. Andharan mau nuduhake jinise
artikel . . ..
A. deskriptif
B. ekploratif
C. prediktif
D. eksplanatif
E. argumentasi

Mangsa Rendheng
Salebetipun satunggal taun dhawahipun jawah punika boten ajeg. Wonten sasi
ingkang jawahipun kirang sanget. Wulan ingkang kathah jawahipun inggih punika sasi
Oktober ngantos dumugi sasi Maret. Salebeting tigang dasa dinten tamtu wonten jawah.
Malah kala mangsanipun ngantos setunggal sasi mbethethet jawah. Wondene wonten sasi-
sasi ingkang jawahipun kirang, inggih menika wulan April ngantos September. Awit
kawontenan punika, satunggal taun punika kadadosan kalih mangsa, inggih punika mangsa
rendheng lan mangsa katiga. Babagan kang biyasanipun ditindakake nalika mangsa
rendheng, para among tani wiwit gumregut nggarap sabinipun, nlandosi galengan lan damel
kalen kangge ngilekaken toya. Selajengipun, para among tani nyebar winih damel pinihan.
3. Mangsa rendheng uga diarani mangsa . . ..
A. panas
B. udan
C. ketiga
D. paceklik
E. angin

4. “Ibuku ora mundhut klambi anyar kanggo Ani ing pasar” polaning ukara mau yaiku . . ..
A. JWL
B. JWLK
C. JLK
D. JWPK
E. JWLPK

5. Titi cara kang ora prelu digatekake jroning nulis artikel deskripsi, yaiku . . ..
A. nemtokake objek, bisa awujud kahanan utawa kang arep diandharake.
B. nemtokake tujuwan panulisan.
C. nemtokake rumusan bakune gagasan.
D. ngandharake tulisan kanthi runtut bisa andhedhasar urutan wektu.
E. ngembangake karangan kanthi nuduhake dhata lan fakta kanggo nguwatake panemune
dhewe, sarta ngasorake panemune wong liya.

6. Wayang minangka budaya ing Jawa kang adiluhung. Tegese wayang yaiku . . ..
A. gegambaran lumakune urip manungsa ing bebrayan kang kebak pitutur lan piwulang
kang adiluhung.
B. wayang menika pagelaran ngganggo boneka kang katon endah.
C. wayang menika karya sastra kang tinulis kanthi wujud cerkak, dhasare crita saka crita
ramayana lan mahabarata.
D. wayang mujudake gegambaran lakon kang manut marang prentah dhalang.
E. perangan saka kabudayaan jawa kang urip lan diuri-uri dening bebrayan jawa.
7. Pagelaran lakon wayang, bisa dadi salah sawijine sarana panggulawenthah ing babagan
moral lan kautaman, jalaran …..
A. pagelaran wayang mujudake sarana nikelake devisa negara.
B. pagelaran wayang ora mung asipat tontonan, ning uga tuntutan tumrap panontone.
C. pagelaran wayang purwa mujudake piwulang agama kang laras karo dhasare negara.
D. pagelaran wayang kang maneka warna jinise, bisa nambahi elmu lan kawruh tumrap
para pamudha.
E. pagelaran wayang mujudake sarana dramarisasi teks crita wayang saka negara manca.

8. Praja Ngamarta negarane Para Pandawa, konclang kaya katerak daharu. Wis ana pirang-
pirang wektu, negara Amarta kena pageblug, katekan lelara nggegiris. Akeh para nayakane
praja, sentana, dalah kawula kang nandhang cintraka kahanan mau kawiwitan saka murcane
kabeh piyandele kadang pandawa, arupa sawernane sanjata sekti. Cuplikan mau mujudake
struktrur teks crita wayang bageyan . . ..
A. Orientasi
B. Komplikasi
C. Resolusi
D. Kode
E. Amanat

9. “Hananonton ringgit manangis asekel mudha hidepan.” Tegese . . ..


A. sejatine mono, kabeh mau mung dhapur wewayangan, sulapan kawula.
B. ana wong kang nonton wayang, lha kok nangis, sedhih, ora karu-karuwan rasane atine.
C. kamangka dheweke wis weruh, yen kang mobah mosik lan cecaturan mau mung dhapur
kulit kang sinungging.
D. mangkono mau wong-wong kang banget kaiket pancandriyane, padha ndlongop, nganti
ora ngerti apa-apa.
E. sejatine wong urip kuwi kudu gelem nggoleki, ngugemi, lan ngamalake pangaji-aji
adiluhung.

10. Lakon wayang sumbering crita kajupuk saka epos Ramayana lan Mahabarata (India), wujud
wayange arupa golekan saka kulit, yaiku . . ..
A. Wayang Golek
B. Wayang Wong
C. Wayang Purwa
D. Wayang Madya
E. Wayang Beber

11. Bobot ajining kang ana sajrone teks sandhiwara gumantung marang . . ..
A. jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
B. pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘prasaan’ sing nonton.
C. basa rinengga (gaya basa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
D. pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
E. dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.

12. . . ..

A.

B.

C.

D.

E.

13. Titikan kang nuduhake kakurangane basa lisan, sajrone teks drama tradisional yaiku . . ..
A. kadhang kala ukarane dibolan-baleni.
B. luwih bebas merga ora winates paramasastra.
C. luwih cepet dingerteni wong kang diajak wawanrembug
D. bisa dicocogake marang kahanan (situwasi).
E. angel dipahami jalaran tetembunge winates.

14. Ibu : Bapak wis dhahar?


Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku . . ..
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama alus
E. Ngoko lan krama

15. Basa kang digunakake kanggo cecathuran wong luhur durung nate tepung lan durung akrab,
nggunakake basa . . ..
A. ngoko
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama inggil
E. krama madya

16. Minangka pribadhi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran . . ..
A. ing ngendi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.
B. panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu.
C. bocah sekolah, bocah kuliyahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae.
D. para intelek, emimpin agama, apa dene politkus, yen jagongan padha wae.
E. beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panggonane basa.

17. Naskah crita kang mujudake pirembugan utawa pacaturan (dhialog), kang bisa diparagakake
dening para paraga lumantar naskah diarani . . ..
A. tembang
B. drama
C. parikan
D. gancaran
E. geguritan

18. “Dadi aku luwih nengenake kepentingane wong kang isih urip. Mula wit asem buntung kae
tetep dakrubuhake, supaya anak putu luwih gampang uripe. Rubuhe wit asem buntung,
banjur arep dakgawe pasar, supaya desa saya rame.”
Pethikan dialog mau nggambarake bageyan . . ..
A. pambuka
B. tetepungan/eksposisi
C. klimaks
D. tentangan/konflik
E. panutup

19. Pegelaran lakon, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral kang cocog lan trep,
jalaran . . ..
A. tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon nduweni sipat doktriner kang meksa.
B. tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon ora nduweni sipat doktriner kang meksa.
C. lumantar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab
moral ora bisa rumesep lan kajiwaraga.
D. lumanar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab
moral nduweni sipat doktriner kang meksa.
E. lumantar medhia tontonan, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab
moral bisa meksa rumesep lan kajiwa raga.

20. Teks lakon drama katulis kanthi bleger kang dumadi saka . . ..
A. bait, baris, paragraf, lan antawacana
B. paragraf, antawacana, swasana, lan pituduh laku
C. tokoh, bait, baris, swasana, lan pituduh laku
D. tokoh, paragraf, swasana, lan pituduh laku
E. tokoh, antawacana, swasana, lan pituduh laku

21. Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg diarani . . ..
A. paribasan
B. unen-unen
C. cangkriman
D. parikan
E. wangsalan

22. Kancaku sakelas biyen wis kaya sadulur, merga ana ing ngendi wae mesthi bebarengan.
Sadurunge oleh pakaryan kerep dolan ana ing omahku, nanging wis suwe ora keprungu
kabare. Minggu wingi tanpa kanyana dheweke dolan menyang omahku, sapira senenge atiku.
Wangsalan kang jumbuh karo pratelan iku, yaiku . . ..
A. pitik walik saka kebon
B. mrica kecut
C. njanur gunung
D. njangan gori
E. nyaron bumbung

23. Sesambungan karo kanca ing sekolahan ora ana kang luwih menang utawa sing kalah, kabeh
kudu dianggep padha. aja nganti nganak cecak marang kancane. Nganak cecak ing
wangsalan tegese . . ..
A. kadingaren
B. sawayah-wayah
C. ethok-ethok
D. kakean modhel
E. usada

24. “Weh-weh bingung aku ngetunge ….uakeh banget..” kandhane Ika nyengar-nyengir.
“kene taketunge, dhasar gak tau mangan sekolahan!” Kandhane Desi karo nyaut dhuwit
saka tangane Ika.
Pesan moral cerkak kang pas kanggo ukara mau, yaiku . . ..
A. religi
B. sosial
C. budaya
D. pendhidhikan
E. pribadhi

25. Paningset minangka adicara kang ana sajrone lamaran. Ing ngisor iki kang ora kalebu
ubarampe paningset yaiku . . ..
A. dhuwit
B. jajanan
C. ali-ali
D. sandhangan
E. pepaes

Wayange Mas Dhalang Sastra


(Dening : Moch. Makloom)
Wayange wis bubaran
Dursasana wis gugur ing palagan
Pandhita Durna mung kari aran
Wis ora ana banjir getih abang ngatirah
Wis ora keprungu swarane prajurit bandayuda
Langit bali sumilak
Tegal karusetra wis ora bledug ampak-ampak
Embuh wis pira
Arjuna lan para garwa
Among tresna sinengkuyung rasa bagya
Sawise perang baratayuda
Ing sajrone kothake mas dhalang Sastra

Geguritan ing ndhuwur kanggo mangsuli pitakon nomer 24-25!


26. Ana ing pada siji nggambarake kahanan . . ..
A. Dursasana wis gugur ing palagan
B. Wis ora ana banjir getih abang ngatira
C. Sawise perang baratayudha, pratanda kamardikan
D. Pandhita Durna mung kari aran
E. Among tresna Sinengkuyung rasa bagya

27. Pratelan sing padha mathuk karo pada siji geguritan kasebut, yaiku . . ..
A. Pandhita Durna iku gurune Kurawa
B. Pandhita Durna iku gurune Pandhawa
C. Pandhita Durna wis tumekaning pralaya
D. Pandhita Durna iku gurune Pandhawa lan Kurawa
E. Pandhita Durna nunggoni rampunge perang Baratayudha

28. Ing ngisor iki sing klebu sandhangan swara yaiku . . ..

A. cakra (…. ), keret (… ), lan pengkal (… )

B. Pangkon (… ), lingsa (… ), lungsi (… )

C. Wignyan (… ), layar (… ), lan cecak (...…)

D. Pepet (… ), cakra (…. ), suku (… ), lan cecak (……)

E. Suku (…. ), wulu ( .....), pepet ( … ), taling ( - …), lan taling ( - )

29. Nonton wayang bareng kancane, menawa ditulis kanthi aksara Jawa, yaiku . . ..

A.
B.

C.

D.

E.

30. Unen-unen ing ngisor iki nuduhake menawa awake dhewe kudu bisa njaga kahormatane
wong tuwa, yaiku . . ..

A.

B.

C.

D.

E.

31. Pranyatan ing ngisor iki ngandharake ngenani gunane pasangan, kang bener yaiku. . ..
A. kanggo nulis aksara sigeg ana ing pungkasaning ukara.
B. kanggo nulis aksara ing mburine aksara legena
C. kanggo nulis aksara sing mengku sandhangan swara.
D. kanggo nulis aksara ing mburine aksara sigeg, kajaba aksara sigeg mau r, h, lan ng.
E. kanggo nulis aksara sigeg ana ing ngarepe aksara legena.

32. Pager sendhok luwih becik tinimbang pager tembok. Yen ditulis nganggo aksara Jawa
yaiku . . ..

A.

B.

C.

D.
E.

33. Aksara legena kang wis dadi pasangan, dadi aksara tugelan kang katulis ana sangisore

aksara kang dipasangi, ora kagandheng, lan yen dipasangi sandhangan suku (… ) bisa dadi

aksara wutuh, yaiku . . ..

A. (....), (.... ), lan (… )

B. (... ), ( .... ), (.... ), lan ( .... )

C. (… ), (… ), lan (… )

D. (… ), ( …. ), lan (…)

E. (… ), (….), lan (… )

34. Wati nyuwun dhuwit simbah 35.800 rupiyah. Yen ditulis nganggo aksara jawa kang bener
yaiku . . ..
A.

B.

C.

D.

E.

35. Tembang kang lumrahe digunakake kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Kaudal
saka rong tembung kang tegese tresna lan geni. Tembang isine wuyung lan samubarang
kang magepokan karo tresna. Tegese rasa tresna, tresna marang liyan (priya, wanita lan
liyan), kabeh mau wis dadi kodrate Gusti. Andharan mau nuduhake jinise tembang . . ..
A. Asmaradana
B. Maskumambang
C. Katresnan
D. Sinom
E. Mijil

Gathekna tembang ing ngisor iki! kanggo soal nomer 34 lan 35.
Lamun sira anggeguru kaki,
Miliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Sarta kawruh ing hukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sukur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkul,
Tan mikir pawehing liyan,
Iku pantes sira guronana kaki,
Sartane kawruhana.

36. Tembang ing ndhuwur yen dianalisis andhedhasar guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagune, yaiku . . ..
A. 12i, 9a, 8e, 6u, 9i, 8a, 6u, 9a, 12i, 7a
B. 12i, 9a, 8e, 7u, 10i, 7a, 6u, 8a, 10i, 7u
C. 10i, 10a, 8e, 7u, 91, 7a, 6i, 8a, 12i, 7a
D. 12i, 10a, 8e, 8u, 8i, 7a, 6u, 9a, 10i, 7a
E. 10i, 9a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

37. Yen dideleng saka guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune, tembang ing ndhuwur kalebu
jinisi tembang apa, lan tegese kepriye . . ..
A. Asmaradana, tegese tresna lan geni.
B. Dhandhanggula, tegese pangarep-arep.
C. Maskumambang, tegese emas lan kumambang.
D. Dhandhanggula, tegese nyingkiri hawa nepsu.
E. Mijil, tegese wedharing rasa.
38. Akeh kang ngwastani, yen teks Anekdot padha karo teks humor, kamangka sejatine beda.
Kanggo ngerteni bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku . . ..
A. teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon,
wewarah, lan wejangan.
B. teks anekdot isine nyritakake lelakon wong penting, yen teks humor isine nyritakake
lelakon wong biyasa.
C. teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor
mupangate minangka sarana kritik sosial.
D. teks anekdot kadhapuk andhedhasar khayalan utawa, imajinasi, yen teks humor
kadhapuk andhedhasar prastawa kang nyata.
E. teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonan
migunakake lelewaning basa.

39. Guyon sajrone sandhiwara utawa drama, yen paraga nganti kebablasan sok-sok malih dadi
tangisan, jalaran . . ..
A. yen guyon kudu nganggo wewaton
B. bebrayan jawa nduweni paugran
C. guyon iki kerep kasebut guyon maton
D. gawe lara atine liyan pungkasan dadi tukar padu
E. bab guyon, mesthi ana wewatone

40. Minangka teater rakyat, sandhiwara ludruk ngrembaka bebarengan karo kahanan masyarakat
Jawa Timur. Mula kang ora nuduhake sipat utawa titikane basa lan sastra ludruk, yaiku . . ..
A. egaliter ‘padha/saderajat’
B. nggunakake dhialek basa jawa timuran
C. seneng guyonan lan lelagon
D. tinarbuka lan apa anane (spontan lan prasaja)
E. critane ngandhut sejarah utawa crita kerajaan

II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi jawaban kang bener
1. Sebutna perangan struktur utawa wangunan teks anekdot?
2. Wedharana ukara ing ngisor iki kanthi manut kalungguhan utawa polaning ukara (manut gunane
JWLPK)
a. Adhiku lagi nembang pangkur ing kelas.
b. Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamilihe kudu selektif.
3. Jlentrehna apa kang kokweruhi ngenani sandhiwara radhio?
4. Ngelmu iku kelakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosan,
Setya Budya pangekesing dur angkara.
A. Tulisen ciri-ciri tembang ing dhuwur andhedhasar guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagune!
B. Yen dideleng saka guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang kasebut kalebu
tembang apa?
5. Eyang kakung rawuh ing Solo.
Ukara ing nduwur salinen nganggo aksara Jawa!

--- Sugeng Makarya ---

You might also like