You are on page 1of 4

TEKS DESKRIPTIF OMAH ADAT JAWA

A.Wacan Deskripsi

Deskripsi yaiku sawijining karangan kang nggambarake wong, barang, papan, swasana, utawa
kahanan. Nalika ndeskripsikake, awake dhewe nggambar nanging nganggo ukara-ukara. Yen deskripsine
apik mesthi para maos bisa nduweni gambaran ngengingi bab kang dideskripsikake. Titikane wacan
deskripsi kang becik yaiku:

1. Nggambarake samubarang umpamane manungsa, papan, barang lan kanthi cetha


2. Nggunakake pancaindriya (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangganda lan pangecap)
3. Bisa ngajak pamaca kaya-kaya ndheleng dhewe, krasa dhewe, krungu dhewe, ngganda dhewe,
lan ngecap dhewe.

B.Omah Adat Jawa

Jawa Tengah minangka salah sawijining provinsi sing penting ing pulau jawa. Ora mung saka
ramene perekonomian, nangging ing jawa tengah uga kesohpr awit kabudayaan sing isih diuri-uri. Salah
sijine yaiku omah adat jawa. Omah adat jawa miturut gaya arsitekture kaperang dadi 5, yaiku joglo,
limas an, kampong, panggang pe, lan masjidan utawa tajug. Nanging saka 5 gaya arsitektur kang wus
kasebutake, sing paling narik kawigaten yaiku joglo. Wewangunnan iki duwe daya tarik saka unsure
sejarahe,arsitekture, lan nilai filosofis khas jawa.

Omah gaya arsitektur joglo ngrembaka kawit abad 13. Yen dideleng blegere, joglo iku katon
prasaja. Joglo uga digunakake minnagka lambing utawa panandha status social bangsawan Jawa. Omah
kasebut khas lan unik, dadi ing ngarepe ana pekarangan kang wiyar, wangunane awujud persegi
panjang. Nduweni saka guru lan saben bageyan nduweni fungsi kang beda. Ing ngisor iki bakal dibabar
bageyan lan fungsine omah joglo:

1. Pendhapa
Bageyan omah kang paling ngarep lan tinarbuka. Pendhapa saka tembung andhap kang tegese
ngisor, amarga panggonan iki luwih andhap (rendah) saka omah dalem. Gunane kanggo nrima
tamu, kadhang sok kanggo gladhen njoged lan kagiyatan liyane. Panggonan kan tinarbuka
nggambarake kang nduwe omah wonge tinarbuka nrima sapa wae tamune. Uga ora nganggo
meja lan kursi nanging nganggo klasa kang nggambarake menawa status antara kang nduwe
omah lan tamu iku padha.
2. Pringgitan
Saka tembung ringgit, mula ing papan iki akeh piranti kanggi nggriyakake wayang. Sakliyane iku
papan iki bisa kanggo nampa tamu kang luwih cedhak (akrab). Pagelaran wayang iki
nggambarake folososfi wong jawa minnangka makhluk sosial, makhluk budaya lan makhluk
gusti. Pancen ing jaman semana papan iki dingo kanggo sembahyang nyembah roh leluhur.
3. Dalem
Panggonan utama saka omah joglo yaiku papan kanggo kumpul keluarga lan ngaso
4. Senthong
Panggonan kang minangka papan istimewa iki isih kalebu ing omah dalem. Wiwitane fungsi
utama papan iki sakliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah. Uga kanggo nyimpen
maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane.nalika nindhakake ngibadah uga ing ruwang iki.jaman
biyen wong nduwe senthong gunggungane (jumlahe) mung ana 3,nanging saiki wong nggawe
senthong dijumbuhake karo jumlah putrane. Panggonan iki nggambarake yen manungsa iku
kudu tansah eling marang gusti
5. Pawon
Yaiku panggonan kanggo masak lan dhahar. Pawon iku asale saka tembung awu. Amarga wong
jaman biyen nalika masak nganggo kayu bakar kang nyebabake awu
6. Pekiwan
Panggonan kanggo siram lan reresik.papan iki panggonane ana ing paling mburi lan dipisah saka
omah dalem amarga dianggep menawa pekiwan iku panggonan kang reged. Sakliyane iku, kang
nyebabake pekiwan ana ing mburi yaiku supaya menawa lagi reresik ora ana wong liya kang
weruh.
Ing ngisor iki kajlentrehake iki wujud prasaja saka omah tradisional jawa:

a. Joglo

b. Mesjidan utawa Tajug


c. Limasan

d. Kampung

e. Panggang Pe
C.Deskripsi Omah Adat Jawa
Omah Adat Jawa
Omah adat Tegalan isih ana ing dhaerah Kabupaten utawa Kota Tegal. Nanging jumlahe ora akeh
kaya omah modern jaman saiki. Mbuh kuwe merga wis ketinggalan jaman apa merga bangunane wis ora
kokoh dadi di ganthi karo omah kang bangunane luwih modern.
Ciri omah adat Tegalan yaiku dhuweni saka neng ngarep omah kang gunane kanggo nyangga
bangunan. Saka bisa kagawa seka kayu,wesi, utawa campuran semen lan wedhi. Seka ngarep jendhelane
gene plan tengahe jendhellane ana lawange. Lha lawang iku yen di buka mangka bakal katok kabeh
tekan mburi. Jendhelane model kupu seka kayu jati kang ukurane gedhe.
Bageyan gendhenge ana loro yaiku gendhang utama lan gendhang latar. Ora jarang bageyan
tengah ora ana gendhenge kang biasane digunakake kanggo ngepe gombal.
Wujud amba lan dawa memburi. Warna temboke biasane putih,dene lawang lan jendhelane
biasane warna coklat,biru, yen ora ijo. Jogane umume ngango tegel kang ana polahe, ana uga kang
nganggone plester.

You might also like