You are on page 1of 2

KEBAYA

Kebaya yaiku blus tradisional kang di enggo wong wadon ing Indonesia. Kebaya digawe saka bahan
kang tipis lan biyasane dienggo karo sarung slendhang, Jarik utawa Bathik. Kebaya uga kena dienggo
karo songket lan klambi tradhisional liyane. Kebaya asale saka tembung arab abaya kang tegese
kebaya sandhang. Sadurunge taun 1600 ing Pulo Jawa, kebaya mung dienggo karo kaluwarga krajan.
Ing jaman jajahan Belanda wong Eropa banjur nganggo kebaya. Kebaya dadi klambi resmi. Kebaya
banjur di variasi bentuk lan motife, ana kang nganggo kain sutra, nganggo sulaman werna-werna.
Saiki kebaya uga dhimodifikasi karo rok lan clana jean. Kebaya uga nduweni model kang werna-
werna. Ana kang simetris lan asimetris. Kebaya dimodifikasi karo payet,bordiran, lan renda-renda.
Saben dhaerah ing Indonesia nduweni kebaya khas dhewe dhewe kayata Kebaya Jawa, Kebaya Bali,
lan liyan-liyane.

Kebaya Jawa kaperang dadi 2 yaiku Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta. Dene kebaya iku uga ana
kebaya jenise tradhisional lan modern. Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta nduweni ciri kang dadi
pambeda yaiku ing bagean kerah. Ing Kebaya Solo nduweni kerah kotak (kutu baru) dene kebaya
Yogyakarta nduweni kerah bentuk V. Kebaya tradhisional inggih punika kebaya kang nduweni model
klasik utawa durung ana modhifikasi lan nduweni kesan sederhana. Dene Kebaya Modern inggih
punika kebaya kang wis ngalami perkembangan jaman saiki lan nduweni model maneka warna.

Kebaya modern nduweni lengen kang dawa, biyasane dienggo karo ngisoran kang dawa. Kebaya iku
sandhangan kang khusus dienggo wong wdon. Kebaya biyasane dienggo ing acara resmi kayata
ngantenan, resepsi, kartinian, lan acara acara penyambutan tamu agung. Kebaya biasane
dipasangake kro jarik utawa kain kang mblebet awak. Kain iku nggawe wanita sing nganggo kagelan
anggone mlaku. Iku sebabe wanita jawa identik karo pribadhi kang lemah lembut. Kanggo wanita
Jawa, kebaya ora namung sewates busana. Ananging, kebaya uga nduweni filosofi nilai nilai
panguripan. Wujud busana kang sederhana bisa dadi wujud kasederhanaan masyarakat Indonesia.
Nilai filosofi kebaya yaiku wujud kepatuhan, kealusan, lang unggah-ungguh serta budi pekerti luhur
wanita ingkang sae.
GLADHEN

Gawea wacana deskripsi babagan busana adat jawa kanthi pilihen 1 tema:

Blangkon

Klambi uga benik

Sinjang, nyamping, bebed, utawa jarik wiron.

Stagen utawa paningset

Sabuk

Epek, timang, lerep

Keris

Canela/selop

You might also like