You are on page 1of 2

Tingkeban

Tingkeban/mitoni upacara iku salah siji saka tradisi Jawa, upacara iki uga disebut mitoni
asalé saka Pitu tembung sing sawijining makna pitu, upacara iki dianakaké ing pitung sasi
meteng lan pisanan kali. Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké
wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné
utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene
wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna
ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara
ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon
ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe
utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku
kendhuren.
Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa
mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi
utawa dina Jemuah awan nganti mbengi. Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak
mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina
Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan
'purnamasidhi'. Upacara mitoni utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe
kang disedhiyani dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe slametan nglimputi
sekul janganan, jenang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen,
dhele, kacang kang kagangsa ing gendhis.
 Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang aru-
pa tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk.
Ubarampe liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan sawetara jinis
kembang-kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu dijangkepi pitung iji apem con-
thong. Jroning upacara mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen ngantos kaping pitu kang
sabanjure disebut tingkeban. Nut Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra, upacara tingkeban
iki dileksanakake nalika tanggal ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal 15, upamane
tanggal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15).
Tata carane siraman, ing papan kang wus ditemtokake dicepakake jembangan wadhah ba-
nyu kang wus diwenehi kembang setaman. Banyu kang wus diwenehi kembang setaman kuwi
dianggo siraman wanita kang lagi ngandhut. Upacara siraman dhewe dileksanakake wanci jam
11.00 WIB amarga dipracaya para hapsari uga tumurun saka kayangan saprelu arep adus. Dene
kang mimpin siraman yakuwi dhukun, dene kang nyiram wanita kang ngandhut yaiku para pini-
sepuh putri kang cacahe pitu utawa sangang wong. Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka ba-
thok utawa siwur.
Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa dhingklik cilik kang dilambari
godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih, kara, maja, dhadhap serep, alang-alang, kla-
sa mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-warna, contone sindur, jarit kanthi motif yuyu
sekandhang. Padusan kakrobong utawa ditutup nganggo kain jarit motif rangrangan utawa cin-
dhe. Padusan iki ana ing latar sisih kiwa utawa tengen omah kanthi lawang ngadhep ngetan. Kro-
bong dirias nganggo tuwuhan jangkep arupa pisang, tebu lan cengkir gadhing. Ing Serat Tatacara
anggitane Ki Padmasusastra kasebutake, rampung siraman banjur ganti kain pasatan lan diubedi
letrek utawa kain jarit kang logro sarta dianggoni sabuk saka godhong tebu tulak.
Saka njero letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong ing njero jarit lan nyeblokake. Sabanjure
sabuk mau dipotong nganggo keris. Sawuse pedhot, bojone wanita kang lagi ngandhut iku dia-
kon lunga tanpa pamit. Bebarengan karo kuwi ibu Maratuwa mbanting endhog pitik mentah lan
bapake mecah cengkir gadhing kang wus digambari Kamajaya-Kamaratih, Janaka-Subadra, ut-
awa Panji lan Candra Kirana, banjur disigar dadi loro. Nalika mecah cengkir direwangi bapak
kandhunge wanita kang lagi ngandhut kuwi. Wanita kang ngandhut banjur diiring mlebu omah
lan ngadeg ing ngarep petanen. Ing papan kuwi wus dicepakake sinjang lan kemben cacah pitu.
Sateruse para pinisepuh nganggokake jarit iku mbaka siji. Rampung nganggo siji banjur diuculi,
banjur dianggokake maneh liyane. Ngono terus nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi
ngomong durung patut. Kang pungkasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum kemben
motif bangotulak. Bebarengan karo kuwi, para pinisepuh padha ngomong wis patut.

Nama : Pelangi Mahkota Dewa (26/XI IPA 5)

You might also like