You are on page 1of 1

Tandane Wong Pinter

Ing dina Senin, murid-murid budhal sekolah kaya biasane. Bel sekolah sing wis muni,
dadi tanda wayahe para murid melbu kelas. Sakwise murid-murid lungguh anteng ing njero
kelas, ora suwe Bu Dina melbu kelas. Ngewiwiti pelajaran ing dina Senin iki, Bu Dina
ngewenehi siji pitakonan marang murid-murid, sakdurunge pelajaran matematika.

Bu Dina : “Murid-murid, ibu arep takok. Opo tandane wong pinter?”


Budi : “Wong pinter niku menawi dheweke sregep maos buku Bu.”
Bu Dina : “Nah sip, opo maneh murid-murid?”
Dodi : “Wong pinter niku inggih wong ingkang mboten pekok, Bu. Leres nopo
mboten?“
Bu Dina : “Ibu takok tandane, Doni. Yen kowe ora weruh tandane wong pinter, Lah
kepriye kowe weruh wong kuwi pinter opo ora.“
Doni : “Inggih, Bu. Hehe..”
Bu Dina : “Liyane, ayo opo maneh?“
Umam : “Wong ingkang sregep nyerat.”
Bu Dina : “Bener, Umam. Ayo sing liyane, opo tandane wong pinter? Sing bener mengko
ibu tambah nilaine.“
Dodi : “Kulo sampun ngertos tandane wong pinter, Bu.“
Bu Dina : “Nah... Opo tandane?“
Dodi : “Wong ingkang angsal biji 100 pasti niku wong pinter, Bu.“
Bu Dina : “Nah bener”
Dodi : “ Bu Dina remen nopo mboten menawi murid e angsal biji
100 sedaya?“
Bu Dina : “Pasti bungah tenan atiku yen muridku oleh biji 100 kabeh.“
Dodi : “ Kita sedaya niki kersa ndamel Bu Dina seneng. Nanging ngapunten, kita
sedaya niki inggih mboten pinter kajawi Tata. Tugas kala wingi mawon dereng
rampung. Amargi wau sanjange ibu, wong pinter niku ingkang saget angsal biji
100 lan kita kersa ndamel Bu Dina seneng. Nah dinten niki kita badhe nyalin
tugasipun Tata. Supados kita sedaya angsal biji 100 lan saget ndamel Bu Dina
seneng, mboten duka. Setuju nggih, Bu?“
Bu Dina : “Lahh..bocah semprul.“

Bu Dina langsung njewer Dodi lan dheweke kudu nggarap kabeh tugas matematika ne
ing njobo kelas. Murid-murid liyo ngguyu cekikan ndeleng kuping abang e Dodi sing dijewer Bu
Dina.

You might also like