You are on page 1of 1

Asal usul Bukateja

Wonten sawijining wekdal ing jaman mbiyen, wonten 3 raden inggih menika Raden Putro, Raden
Ganteng, lan Raden Jebug Kusumo. Raden Putro inggih menika putranipun Raden Ganteng. Ing
satunggaling sasi jaman mbiyen Raden Putro saweg Udag-udagan (uber-uberan) kaliyan Raden Jebug
Kusumo. Raden Putro kaliyan Raden Jebug kusumo udag-udagan wiwit arah kulon dumugi arah wetan
lan mandeg wonten satunggaling dusun inggih menika dusun GUA LELE. Raden Putro ing dusun menika
mboten dangu amargi Raden Jebug Kusumo ngertos manawi Raden Putro netep woniten dusun menika.
Sesampunipun, Raden Putro nglajengaken marang arah ngaler, lan mandeg wonten dusun ingkang
wonten sebelah ler dusun Gua Lele. Ing dusun menika Raden Jebug Kusumo mboten dangu, terus Raden
Jebug Kusumo nglajengaken marang arah wetane lan mandeg ing dusun Maribaya. Raden Jebug Kusumo
wonten dusun menika netepipun dangu.

Sesampunipun, Raden Jebug Kusumo nglajengaken marang arah kidul lan mandeg ing sawijining dusun
lan Raden Jebug Kusumo piyambak netep wonten dusun menika. Ing sawijining wekdal, Raden Jebug
Kusumo menawi saweg wonten ngajeng gubug ingkang kangge netep mriksani cahaya ingkang padang
saking arah wetan. Raden piyambak nginten menawi cahaya menika matahari, amargi saged damel dusun
menika padang kados wekdal siang. Cahaya menika katingal ngantos dangu, pungkasane Raden Jebug
ngasmani dusun BUKATEJA, ingkang nggadahi arti buka(pambuka) lan Teja(cahaya) utawi cahaya
pambuka.

You might also like