Sugihe ora mekakat ning mlarate kaliwat-liwat. Indonesia, kondhang
kawenang-wenang minangka nagara sugih raja kaya lan bangsa kang sugih bandha donya. Ora mokal, wiwit jamane leluhur kita, nusantara wis sinebut bangsa lan nagara kang panjang punjung pasir wukir gemah ripah loh jinawi. Saumpama digambarake wewangunan, bangsa lan Nagara Indonesia iku kaya omah gedhong magrong-mangrong susun pitu, kapajangan endah lan kasugihaning sumber daya alam. Kang manggon ing omah gedhong mau, maneka suku, etnis lan warna- warnining kabudayan adiluhung. Miturut Kustawa Esye, Pangarsa Komunitas Damar Seseluh (Spirit Cultur & Religius) lan pangarsa Padhepokan Redi Mahendra Karanganyar, ana pamikiran kang isih nganggu piyambake nalika ngudhar kahanan donya kang disandingake kaliyan gambaran gemah ripah loh jinawi. “Anehe, geneya tumeka saiki tetep ajeg wae akeh warga masyarakat kang uripe kesrakat? Nuswantara kang wiwit biyen kondhange minangka surganing donya, nagara kang tata titi tentrem karta raharja lan murah boga wrastha, saiki kondhang kawenang- wenang minangka nagara kang sugih ning banget miskine,” tandhese piyambake, Rebo (3/3). Indonesia kang disanepakake banyu segarane kolam susu, teken (tongkat) kayu lan watu bisa dadi tanduran ijo royo-royo, kaya gemah ripah loh jinawine Astina, nagara kang dadi underaning prang agung Baratayudha ing Tegal Kurusetra, antarane Kurawa lawan Pandawa, geneya saiki antuk gelar nagara paling mlarat sa Asia Tenggara? Kasunyatane? Jumbuh jantraning jaman lan laku lelakoning sujarah, sajroning bangsa lan nagara Indonesia kang gemah ripah loh jinawi, tumeka abad tehnologi iki tetep akeh warga kang nandang papacintraka, kangelan golek pangupajiwa, sambate sundhul ngawiyat, uripe kesrakat ing sangisore garis kamiskinan. Sakehing kasunyatan kang ora bisa diselaki mau, jarene Kustawa, mbuktekake tumaka abad tehnologi iki para panguwasa lan pangarsaning praja Bumi Nuswantara tetep durung kasil ngentasake kamiskinan. Kondange ing manca negara, Indonesia iku negara gemah ripah loh jinawi, bukti nyatane durung bisa nanggulangi kamiskinan. Dene kang njalari durung kasile ana pirang-pirang prakara, antarane amarga kurang bener lan penere para panguwasa lan manggalaning praja. Merga salah uruse para priyagung kang nduwe kawenangan lan kabijakan nggayuh kamulyaning kawula lan kuncaraning bangsa, wiwit sadurung lan sawise Indonesia merdeka, nuwuhake karutmarut-ing bangsa. “Nagara Indonesia kang diibaratake omah gedhong, merga reh pokale para panguwasa lan nayaka praja kamng nerak angger-anggering agama, moralitas lan pranataning nagara, gedhong kang katon magrong-magrong mau saya kropos dikrikiti rayap. Trus, rayap-rayape sapa? Ora liya para panguwasa kang demen korupsi, kolusi lan nepotisme.” Bisa uga, filosofi adiluhung gemah ripah loh jinawi warisane para leluhur mau, kajaba pangalembana uga salah sawijining gegayuhan luhur, murih kasembadan pangarep- areping bebrayan agung lan kuncaraning bangsa tuwin nagari Indonesia. Mulane iku, ngijabahi kuwajibane minangka generasi penerus, kabeh kudu tetep mikul dhuwur gegayuhan luhur kang ngandhut filosofi adiluhung iki. Sanajan mangerteni karutmarut- ing nagari, reh pokal gawene para panguwasa lan manggalaning praja, tetepa madhep mantep ngupaya murih enggal kasil gegayuhane bangsa lan nagara mau. “Gemah ripah loh jinawi iku satemene spirit perjuangane bebrayan agung, sakehing warga nagara lan bangsa Indonesia kang tansah nggondheli gegayuhan luhur, “baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur”, nagara kang gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem karta raharja, tansah antuk anugrah lan pangampunane Gusti Allah”. ::dsp Tags: bahasa jawa Prev: Sawah-sawah padha kadhesek omah Next: Idhamanipun leluhur