You are on page 1of 2

DISTRIBUSI RABUK KANG SUSAH

Wulan oktober iki racake para warga among tani ing tlatah Demak anggone nenandur
pari wis umur udakara selapan dina.Wayah tandur pari ing mangsa iki sajake rada
kebeneran,saliyane banyune bisa nyukupi,ya ora kakehan ateges ora kebanjiran.saengga ya
tandur pari kang wis disengkudake sajake ora ana rubeda kang dumadi.

Adate yen pari uwis umur selapan dina iku wayahe kang kaping pindho ing wayah
ngrabuk iku akeh banget panggresahe para kadang tani kang kprungu. Panggresah mau ing
antarane bab undhaking reregen rabuk kang sangsaya larang. kaya-kaya wis ora bisa dituku
maneh deneng para kadang tani. kaliyane iku,golek rabuk angele ora jamak.wardi warga desa
wonosalam kang kasil ditomoni kru suara Kota Wali Demak.medharake wis mubeng anggone
golek rabuk.nanging nganti wis seminggunan during intok rabuk.kamangko parine kang ditandur
wis wayah kudu dirabuk wis mubeng-mubeng anggone golek rabuk.menyang Mranak,Jebor lan
tangga desa liyane kang adate akeh kang dodolan rabuk.kapara angel anggone entuk rabuk.

Kadadeyan kaya ngono iku jebule uga dirasakake dening akeh warga among tani ing
tlatah Demak,mangertani bab kang kaya ngono iku pamarentah banjur cancut taliwanda tandang
gawe ngawekani reruweting para kadang tani anggone angel golek rabuk. Dinas Pertanian banjur
tumindak lan ngupayakake supaya distribusi rabuk lancer lan cukup kanggo kebutuhan para
among tani. Kabeh iku kanggo ngawekani rendheting distribusi nyengkuyung supaya asiling
tandur samengko bisa apik ngrembakane lan ing tundhone bisa ngasilake panen pari kang becik.

Kapetik saka “Penyebar Semangat”

Nama : Rila Fajar Pangestika


Kelas / No : X5 / 29
Tugas : Bahasa Jawa

You might also like