You are on page 1of 1

NAMA : WIDODO BAGUS WALDIANI

KELAS/NO : X5/35

KACILAKAN MONTOR MABUR ING MAGETAN


Durung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha
nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi
kabar mau, lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe
iki, pase ing desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa Timur rikala dina
Rebo esuk kira-kira jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei 2009, nalika bangsa
Indonesia mengeti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur kang tiba lan
kobong mau duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A-1325. Miturut
pawarta saka layang kabar lan tivi, montor mabur kasebut budhal saka
pangkalan Lapangan Udara Halim Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju
dhaerah Biak, Papua. Nanging durung nganti tekan papan kang tumuju, lan
nalika arep mampir ing Lapangan Udara Iswahyudi Madiun montor mabur
kasebut nemahi kacilakan.

Malah ing kedadeyan iki, luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa
sing omahe melu kenteban montor mabur kasebut. Saliyane iku, ana wong 15
kang uga melu nandhang tatu abot lan entheng. Dene omah-omah ing desa
kasebut sing kenteban lan ndadekake remuk lan kobonge udakara patang omah.
Ana sing ajur mumur lan ana sing payone remuk tanpa sisa. Kanthi anane
kacilakan montor mabur duweke TNI AU kasebut mesthi wae ndadekake warga
ing sacedhake pangkalan mau dadi padha jinja. Ing atase ora ngerti apa-apa,
ngerti-ngerti ketiban sial.

Sing cetha kacilakan Hercules C-130 duweke TNI AU mau nambahi tansaya akeh
dhaftar kacilakan montor mabur duweke TNI AU. Pancen akeh sing kandha yen
sejatine montor mabur-montor mabur duweke negara mau akeh sing wis padha
tuwa lan kudu diganti. Nanging gandheng kanthi alesan anggaran ora nyukupi,
kepeksa montor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo ngangkut wong lan
barang-barang liyane. Apa ya pancen kacilakan mau bener-bener amarga saka
umure montor mabur sing wis tuwa utawa saka sebab liyane? Ditunggu wae asil
saka katrangane pamarintah bab sebab-musababe kacilakan montor mabur
kasebut.

You might also like