You are on page 1of 2

Jagad Sastra

Edisi : Kamis, 04 Maret 2010 , Kaca : C


Sing bener Sala apa Solo?

Ing wektu iki ana rembug babagan nemtokake jenenge wilayah lan kutha:
Surakarta, Sala, apa Solo? Jeneng Surakarta mbokmanawa ora prelu didawa-
dawa maneh amarga iki ana sambung rapete karo jenenge tlatah utawa
wewengkon Ngayogyakarta.
Mung bedane yen Ngayogyakarta kuwi wilayah Gubernuran, Surakarta mung
tlatah eks-Karesidenan sing ambawahi kabupaten-kabupaten kalebu Kabupaten
Surakarta.
Sing wis cetha bener pangetrapane yakuwi Kabupaten Surakarta lan eks-
Karesidenan Surakarta. Jeneng Sala pas yen ditrapake kanggo kutha, Kutha
Sala. Jeneng Surakarta semana uga Ngayogyakarta ora prelu diuthik-uthik
maneh. Ibarate jenenge nagara, loro-lorone kuwi wis ana wiwit dhek mbiyen,
dhek wilayah kekarone diresmekake. Semana uga jeneng Kartasura, sing neng
paprentahan dadi tlatahe Kabupaten Sukoharjo. Jenenge Kutha Ngayogyakarta
lan Surakarta wis kapacak ing sejarah. Ing bebrayan Jawa tlatah loro-lorone kuwi
katelah Surakartahadiningrat lan Ngayogyakartahadiningrat.
Sing prelu dirembug ing kalodhangan iki mung loro wae, yakuwi Sala lan Solo.
Sapa wae precaya yen sing hambuka dumadine kutha sing kondhang tekan
ngendi-endi papan kuwi ya mung Kyai Sala. Ya Kyai Sala iki sing hambuka alas
greng sing saiki dadi punjere karaton utawa praja sing diboyong saka karaton
sadurunge sing mapan ing wilayah Kartasura saiki, sing nganti seprene
patilasane karaton kuwi isih ana.
Mula, sing dadi under-underaning rembug saiki mung milih ing antarane Sala lan
Solo. Yen ngungak sujarahe, amarga asmane bapa priyayi sing hambuka
laladan kutha anyar kuwi Kyai Sala, generasi saiki sing rumangsa melu
handarbeni wilayah iki kudune hanyebut jenenge tlatah iki ya, Sala, dudu Solo.
Yagene wong kok banjur gumampang hangganti Sala dadi Solo? Pancen ana
benere apa sing dibiwarakake pawarta-pawarta ing layang-layang kabar, yen
jeneng kuwi diowahi dhek jaman Paprentahan Kolonial Walanda. Kanggone
wong bule apadene sing ngaku-aku utawa rumangsa kaya wong bule sajake
jeneng Sala kuwi kurang nuduhake globalisasi. Saweneh ana sing ngarani
jeneng Sala kuwi ndesani utawa mambu-mambu desa. Mula yen ing jaman kuwi
apa wae sing muni /a/ Jawa diowahi dadi /o/ ya pantes-pantes wae. Dadi, aksara
urip (vokal) sing pangucapane /o/ nuduhake sipate sing global. Tetembungan
basa Jawa sing akeh-akehe muni /a/ utawa /o/ kayata: meja, reca, mudha, dewa,
jaka, lan sapiturute dianggep nuduhake sipate sing dhesa, kang ora pantes
dienggo caturan ing jagad internasional. Dhuh, Gusti, nyuwun ngapura!
Kuwi ateges yen wong Jawa wis lali karo Jawane. Yen micara banjur dilandak-
landakake aliyas ngupaya micara Jawa sing kemlanda-landa. Sepisan malih,
dhuh, Gusti, kula nyuwun ngapura! Sing genah ing basa Inggris lan basa
Walanda pancene ana tembung Solo sing tegese “dhewe”. Dadi, yen ana
tetembungan terbang solo tegese “nganglang akasa tanpa rowang, ora dikancani
sapa-sapa”. Sajake tembung Solo sing mambu-mambu basa manca iki sing
gawe wong sing kemlanda-landa kepencut, banjur sakepenake hangganti
jenenge “Kutha Sala” dadi “Kutha Solo”. Rupane “penyakit kronis” iki wis njarem
banget ngrabasa pikiran lan atine wong Jawa.
Mula, saiki wong Jawa kudu ndandani basane dhewe, basa Jawa. Yen micara
lan nulis nganggawa basa Jawa sing pener. Sing ora trep karo kahanan sing
saberene ya kudu dioncati. Dadi, kuwajibane bangsa sing nduweni basa iki kudu
ngupayakake basa Jawane ora banget-banget anggone ngalah karo basa-basa
manca. Kapribadene bangsa lan basa kudu didegake. Muga-muga!
::Muh Taufiq::

© Copyright Solopos.net on Kamis, 04 Maret 2010

NAMA :IKA SAFITRI


KELAS :X-9

You might also like