You are on page 1of 1

Nama : Kosiyah Susana

Kelas : X5 / 15

Tugas : Pawarta Basa Jawa

BANJIR BANDANG

Ora kanyana babar blas, nalika pamarintah lagi repot ngadhepi pemilu legislatif 9 April
2009, ing tlatah Kabupaten Tangerang, Propinsi Banten ana kedadeyan banjir bandhang amarga
dhadhale bendungan Situ Gintung. Dumadine ing dina Jemuwah tanggal 27 Maret 2009 ing
wayah esuk, nalika wong-wong isih padha turu. Tembung situ iku saemper karo tembung
wadhuk, kang sabanjure dibendung. Dene Gintung iku jeneng panggonan utawa desa. Wadhuk
kang mapan ing desa Gintung iku banjur nemahi dhadal lan sabanjure ngelebi lan nerak omah-
omah sing mapan ing sangisore bendungan. Wis bisa dipesthekake omah-omah dadi rusak
bosah-baseh, ajur mumur kagawa banjir bandhang. Malah sing nemahi tiwas luwih saka 100
wong. Durung maneh sing padha ilang lan kelangan sedulur, kanca, omah, lan bandha liya-
liyane.
Pawarta kang kaya mangkono mau mesthi wae enggal sumebar ing saindhenging donya, ora
mung ing tlatah Indonesia thok. Akeh sing padha trenyuh sabanjure padha melu tetelung, menehi
barang-barang awujud sandhang, pangan, tenaga, lan wujud liyane. Durung entek anggone melu
prihatin ing kedadeyan kasebut, wis kasusul maneh musibah kang padha ing tlatah Kabupaten
Tanah Datar, Sumatera Barat. Ing kana uga ana kedadeyan banjir bandhang lan lemah longsor.
Penere ing dina Senen, tanggal 30 Maret 2009 kurang luwih jam setengah wolu esuk. Atusan
omah rusak lan akeh bandhane warga sing katut kagawa banjir bandhang. Malah dikabarake uga
ana sebageyan warga sing nemahi tiwas.
Musibah terus dumadi gonta-ganti saka papan siji lan sijine. Kaya-kayane ora ana entek-
enteke. Apa pancen alame wis rusak tenan amarga dirusak dhewe dening manungsane? Yen
pancen bener kang kaya mangkono, kudune manungsa kudu enggal eling marang tumindake,
sing kerep-kerepe seneng nggawe rusak lan mung ngoyak senenge dhewe kanthi golek dhuwit
saakeh-akehe. Bandha akeh mung cepet ilang nalika kena musibah.

Kajupuk saka : ardanariswara.blogspot.com

You might also like