You are on page 1of 8

BAB 1

DRAMA
 Drama yaiku jenis karya sastra sing gambarake panguripan manungsa.
 Drama yaiku tiruane kauripane manungsa kang diproyeksikake utawa
ditampilake ana ing dhuwur pentas.

 Drama kaperang dadi 2, yaiku:

1. Drama modern
Yaiku pagelaran drama sing pementasane ngganggo/nggunakake naskah
(peraga mentasake peran adhedhasar naskah pacelathon lan ana unsur modern
ing sajerone naskah lan pamentasan, bisa arupa basane, latare, tata busanane,
tata panggunge).
Tuladhane drama modern yaiku: drama kontemporer, teater, drama serial TV,
film, lsp.

2. Drama Tradhisional
yaiku pagelaran drama sing ora nganggo naskah (skenario lakon drama
dikandhakake sawise pambagen (pembagian) dening sutradara, banjur paraga
improvisasi tanpa naskah pacelathon lan ora ana unsur modhern ing basa lan
pamentasane).
Tuladhane drama tradisional yaiku ketoprak, wayang wong, lan ludruk ludruk.

 Bahas ngenani Drama tradhisional yaiku ketoprak lan ludruk

Drama tradhisional Ketoprak


• Ketoprak yaiku minangka kesenian tradisional saka jawa tengah.

• Jaman biyen ketoprak iku sak derma dolanan kanggo nglipur diri nalikane wulan
purnama, kanthi gejrok gejrokake lesung sing diduweni para warga lan
tetembangan sing dilagukake agawe suasana tambah gayeng lan para warga
katon sayuk rukun.

• Suwene suwe ora amung irama lesung sing ngiringi kegiatan iku,
kendang,suling, lan liya-liyane dadekake iramane sansaya jangkep. Kegiatan iku
saya disenengi para wong jawa.
• Mangerteni antusias masyarakat gedhe, ketoprak lesung tansaya rembaga lan
dipentasake ing panggung kanthi crita maneka warna kaya dene crita Rakyat,
crita babad, uga crita adaptasi saka negara manca.

• Semana uga alat musik sing digunakake yen sadurunge mung gawe lesung,
kendang, suling lan alat musik liyane, malih owah di iringi alat musik/ gamelan
jangkep.

• Sak durunge diarani ketoprak lesung, nanging jaman saiki mung diarani
ketoprak.

 Dene pagelaran ketoprak duweni urut-urutan yaiku


1. Tari gambyong
Tari gambyong minangka tari kanggo menehi pakurmatan marang sing rawuh,
merga biasane sing mirsani pagelaran ketoprak iku para pangarsa kaya dene
lurah, bupati, lan gubernur. Merga owahe jaman tari gambyong ora kudu ana
sajroning pagelaran ketoprak.

2. adegan kraton
sajroning adegan iki isine pisuwunan nayaka praja lan uga rakyat.
3. Taman sari
sajroning adegan iki isine putri kang lagi suka pari suka kanthi anane gending2.
adegan taman sari uga bisa di isi antarane putri lan pangeran sing lagi nandang
asmara utawa gandrung.

4. Perang
Adegan iki minangka adegan adu kanuragan antarane para prajurit saka rong
kraton sing nuduhake tutuke crita.

5. Kraton sabrang
Sajroning adegan iki dituduhake sapa sing dadi tokoh protagonis musuh ratu
antagonis lan kadang kala ing kene bisa muncul anane tokoh tritagonis.
6. Perang brubuh
Minangka perang pungkasan kanggo nemtokake sapa sing kalah lan sapa sing
menang.

7. Adegan kraton / panutup


Sajroning ing adegan panutup iki di tuduhake pasowanan ing kraton kang
nuduhake pungkasane crita. Adegan iki uga bisa dicritakake ing sajabane
kraton.

Drama tradisional ludruk


• Ludruk yaiku minangka kesenian tradisional saka jawa timur.
• Istilah ludruk dijupuk saka tarian sakjroning pagelaran yaiku tari rema. Tari rema
duweni ciri khas peragane sing nari sirahe gela gelo lan sikile gedrak gedruk.

• Saben pagelarane tari rema mesti ditampilake ing wiwitan.

• Singkate crita saka solahe sikel sing gedrak gedruk iku istilah ludruk dening
masyarakat di enggo nengeri pagelaran ludruk nganti seprene/ saiki.

 Dene pagelaran ludruk duweni Urut-urutan


1. tari rema
 Tari rema yaiku minangka sawijining ciri khas ludruk. Tari rema
disuguhake kanggo miwiti pagelaran ludruk.
 Mula bukane tari rema iki saka gerake sing nari rena-rena / werna-werna.
 Gerak tari sing rena-rena utawa werna-werna iki minangka wujud
ngenani sangkan paraning dumadi lan dunga supaya manungsa ing
dunya iki kabeh slamet ora ana alangan apa-apa.
 Tari rena sajroning ludruk ana tari rema putri lan ana tari remo putra.

2. Bedayan
Ing adegan iki para paraga ludruk pada nari lan nglagukake kidungan jula-juli
jawa timuran. Ngenani isine kidunganing bedayan iku maneka warnabisa ing
babaganpambangunan, pitutur,crita padinan, kekarepan, lan uga kritikan.
Sakabehe isi kidungan iku duweni tujuan panglipur marang pamirsa.

3. Dhagelan
Paraga sing dadi dagelan mragakake crita-crita lucu. Ing adegan iki paraga
nglagukake kidungan sing arupa parikan. Adegan dagelan/ lawak iki minangka
adegan sing ditunggu tunggu dening para pamirsa. Sak kabehe wong sing
mirsani iso guyu kepingkel-pingkel ing adegan iki.

4. Adegan/babak crita/ inti crita

Perangan iki minangka perangan inti pagelaran ludruk, biasane adegan iki
diperang dadi pirang-pirang babag, gumantung crita apa sing dipentasake.
Kadang kala para paragane uga nglagukake kudungan jula juli.

 TITIKANE UTAWA CIRI-CIRINE KETOPRAK LAN LUDRUK

bedane ketoprak ludruk

Asal Jawa tengah Jawa timur

crita Kerajaan /kraton Crita


rakyat/kehidupan
sehari-hari

basa Basa krama Basa


Ngoko/dialeg

busana Jarik, kebayak dll, Sesuai peran


busana Kerajaan/keraton

tarian Tari gamyong Tari remo

Urut2ane 1. Tari gambyong 1. tari rema


pementasa
n 2. adegan kraton 2. Bedayan

3. Taman sari 3. Dhagelan

4. Perang 4. Adegan/babak
crita/ inti crita
5. Kraton sabrang

6. Perang brubuh

7. Adegan kraton / panutup

 Unsur pembangun drama ana 2 yaiku


1. Unsur intrinsik
Unsur intrinsik yaiku unsur pembangun drama sing ana ing sajerone karya
sastra.
a. Tema
Yaiku bab kang dadi dhasare sumber cerita ing sajrone naskah drama.
b. Alur utawa plot
Yaiku urutan kedadeyan kang ditindakake paraga utama, diwiwiti saka
babak kapisan nganti babak pungkasan.
Jinise alur iku ana 3 yaiku alur maju, mundur, lan alur campuran.
c. Paraga
Yaiku pawongan kang meragakake cerita, banjur pamaragan yaiku watak
kang diduweni dening paraga kang sajrone crita.
Watak iku macema akeh, yaiku
- Antagonis yaiku paraga sing meranake karakter ala utawa jahat.
- Protagonis yaiku paraga sing meranake karakter apik utawa watak apik
- Tritagonis yaiku paraga sing meranake dadi penengah ing antarane
cerita.
d. Latar
Yaiku sakabehe keterangan sing nuduhake panuduh, panggonan, sing ana
ing crita.
Latar utawa setting Kaperang dadi 3 yaiku latar wektu, latar panggonan,
latar swasana.
a. Latar panggonan tuladhane: sekolah, omah, ing pinggir dalan, sawah lsp
b. wektu tuladhane : dina, wulan , wingi, bengi, sesuk, lsp
c. Latar swasana tuladhane : rame, sepi, sedih, seneng, trenyuh, nesu, lsp

e. Amanat
Yaiku pesen moral kang diandharake panulis naskah drama kanggo
tuntunan para penonton.

2. Unsur ekstrinsik
Unsur ektrinsik yaiku unsur pembangun drama sing ana ing sajabane karya
sastra
1. latar belakang kaciptakake yaiku kapan karya kasebut ditulis.
2. latar belakang utawa kahanan panulis
3. kahanana masyarakat nalika karya sastra kasebut diciptakake, yaiku
ekonomi, sosial, budaya lan politik.

 Struktur teks drama


1. orientasi
yaiku para peraga dikenalake watake, uga pandhapuke ing drama
2. komplikasi
yaiku para paraga diadhepakening prakara (konflik) dhewe-dhewe nganti
klimaks (rampung).
3. resolusi
yaiku para paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungake prakarane.
4. koda
yaiku pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamyarsa.

You might also like