You are on page 1of 3

Tegese Upacara Adat Ngundhuh Mantu

a. Miturut Ibu Marianik Ngundhuh mantu yaiku wong tua saka temanten wadon masrahake anake
menyang besane utawa wongtua saka temanten lanang. Tujuwane yaiku supaya temanten ngrasa
seneng lan supaya para tangga lan sedulur saka temanten lananag padha ngerti lan kenal marang
temanten wadon. Ngundhuh mantu padha kaya sepasaran temanten

b. Miturut saka internet Ngundhuh mantu yaiku upacara kang dilakoni khusus kanggo wongtua
temanten lanang, kanthi cara nekaake temanten lanang lan wadon ing omahe temanten lanang, biasane
diadaake 5 dina anak lanange iku mau manggon ing omahe mertuane wiwit dilaksanaake simahe,
kanggo gawe gentenan diadakne ing omahe wongtuane (wongtua temanten lanang) tujuwane yaiku
ngenalne temanten marang kaluwargane lan wujud rasa syukur amarga entuk mantu kang dikarepake.

2. Tata Carane Upacara Adat Ngundhuh Mantu

1) Nyerahake putra temanten saka kaluwarga temanten wadon menyang kaluwarga temanten
lanang. Nyiapake : slindur, gepyokan, sangsangan sekar melati dan tirta suci 2 cangkir, kang diselehake
ing beri/baki.

2) Wisuda Tali Darma, yaiku wongtua saka temanten nyanggupi yen anake wis siap mbangun rumah
tangga. Tata carane yaiku:

a. Temanten lan rombongan melbu ing anggone upacara kelawan gendhing Ladrang Wilujeng utawa
Kebo Giro.

b. Upacara diwiwiti kelawan Gepyokan, nganggo sapu cilik sikile temanten disapu karo ibune
temanten lanang. Nanging biasane adicara iki ora digawe utawa dilancangi.

c. Ibune temanten lanang ngelap sikile temanten nganggo banyu, biasane nganggo cara ngguyang
banyu saka kendi neng ndhuwur lengser utawa alat apa kang wis disiapne. Kadang adicara iki ya ora
dienggo. Sawise iku, temanten di keki ngombe banyu putih, wongtuane kang nyekeli gelase.

d. Sinduran, yaiku temanten digaweake kain utawa slendang ing gegere, 1 kain kanggo sapasang
temanten..

e. Banjur bapake temanten lanang nggawekne keris marang anake. Yen temanten ora nganggo
klambi adat jawa, adicara iki bisa dilancangi
3) Bebarengan kelawan adicara iku, ditembangke kidungan Rerepan Sekar Pangkur Gedhong Kuning
laras pelog pathet barang.

Pangkur Gedhong Kuning#

“singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, sing asirah sing asuku, sing awulu,
sing abahu, sing atenggak kalawan buntut, sing atan kasat mata, mulia ing asal neki”.

4) Temanten lanang lan wadon melbu ing dampar rinengga, kelawan di unen-uneni gendhing Ktw.
Boyong Basuki Pl.Br (Paku Buwono II)

5) Sawise acara paripurna di setelake Ayak-Ayakan Pl.Br (PB. III), Ldr. Tedak Saking Pl.Br (PB. II) atau
Ldr. Gleyong Pl.Br (PB. IX)

3. Ubarampe Upacara Adat Ngundhuh Mantu

1) Sindur utawa slendang

2) Gepyokan

3) sangsangan sekar melathi lan tirta suci 2 cangkir, kang diselehake ing beri/baki.

4) Sapu cilik kanggo gepyokan

5) Keris

4. Makna Simbolis Tata Carane Upacara Adat Ngundhuh Mantu

1) Wongtua saka temanten wadon masrahake anake marang wongtua temanten lanang, lan wongtua
saka temanten lanang wis nganggep temanten wadon iku kaya anake dhewe.

2) Wisudha Tali dharma utawa wisudhan temanten, inti saka upacara iki yaiku wongtua saka
temanten nyanggupi yen anake wis siap omah-omah.

a. Gendhing ladrang wilujeng lan kebo giro iku gendhing khusus kang digawe ing acara panggih
temanten utawa temu temanten.

b. Gepyokan iku kanggo tolak bala utawa supaya lancar upacara kang dilakoni.

c. Ibune temanten ngelap sikile temanten supaya kenceng dalane anggone rumah tangga.

d. Sinduran utawa slendang, wong tua mbimbing supaya temanten ora menggak-menggok anggone
rumah tangga.
e. Keris kang diwenehake marang temanten lanang yaiku wongtua menehi pitedah utawa senjata
kanggo temanten lanang, temanten lanang kang dadi pemimpin. Ibarat mimpin perang iku kudu nduwe
senjata.

3) Pangkur Gedhong Kuning#

“singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, sing asirah sing asuku, sing awulu,
sing abahu, sing atenggak kalawan buntut, sing atan kasat mata, mulia ing asal neki”.

4) Temanten lanang lan wadon melbu ing dampar rinengga, kelawan di unen-uneni gendhing Ktw.
Boyong Basuki Pl.Br (Paku Buwono II)

5) Sawise acara paripurna di setelake Ayak-Ayakan Pl.Br (PB. III), Ldr. Tedak Saking Pl.Br (PB. II) atau
Ldr. Gleyong Pl.Br (PB. IX)

5. Makna Simbolis Ubarampene Upacara Adat Ngundhuh mantu

1 Sindur utawa slendang yaiku kanggo wongtue temanten nuntun temanten supaya kenceng
dalane.

2 Gepyokan iku kanggo tolak bala.

3 Sangsangan sekar melathi lan tirta suci 2 cangkir, kang diselehake ing beri/baki kanggo mbasuh
sikile temanten supaya kenceng dalane.

4 Sapu cilik kanggo gepyokan kanggo ngresiki dalane temanten supaya ora menggak menggok
utawa supaya lancar anggone njalani rumah tangga.

5 Keris iku senjata kanggo temanten lanang, sangu saka wongtua kanggo pitedahe temanten.

You might also like