You are on page 1of 2

Teks Wawanrembug

Ing dinten Minggu, kula arep wawanrembug kaliyan Kang Mas kula. Menawi
babagan pupuk takakura. Ing ngisor iki yaiku pacelathon teks wawanrembug kula.
Ing mriki kula dadi pewawancara lan Kang Mas kula dari narasumber.

Puan: “Assalamu’alaikum Mas Hanan. Sugeng enjing. Kepriye kabare?”

Mas Hanan: “Wa’alaikumsalam. Alhamdulillah sae sae mawon.”

Puan: “Mas, kula badhe wawanrembug menawi babagan pupuk takakura. Sampeyan saget?”

Mas Hanan: “Nggih, bisa. Monggo. ”

Puan: “Apa sing diarani pupuk takakura iku?”

Mas Hanan: “Pupuk takakura yaiku pupuk sing digawe nganggo metode keranjang takakura sing
dicetusake oleh Mr. Takakura saka Jepang.”

Puan: “Apa sing mbedakake pupuk takakura saka pupuk liya-liyane?”

Mas Hanan: “Sing mbedakake yaiku saka bahan lan alate.”

Puan: “Apa wae bahan sing diperlukaken nganggo ndamel pupuk takakura? Apa uga nggawe bahan
kimia? ”

Mas Hanan: “Bahan-bahane ora usah tuku wis ana saka limbah pawone awake. Bahan-bahane uga ora
nggawe bahan kimia saking pabrik. Bahan bahane kayata godhong tilake gubis, sawi, brongkol, lan sayur
loyane. Nanging syarate sayuran iku ora oleh busuk supaya ora mambu.”

Puan: “Kepriye carane nggawe pupuk takakura iku?”

Mas Hanan: “Carane ora angel banget. Kaping pisan cepakaken alat-alate, yaiku keranjang sing biasane
dienggo tempat sampah, tutup keranjang, bantalan sekem loro, lan kain warna ireng. Yen wis
dicepakake alat-alate, banjur langkah kaping pindo yaiku nyepakake bahan-bahan yaiku tilake sayur-
sayuran, kardus, tali, tanah/kompos dadi, lan banyu. Cara nggawene kudu melu aturane Mr. Takakura.
Lebokna bantal sekem ing isor dewe. Sawise iku, kerdus mau dienggo nutupi jerone keranjang supaya
ora kering kering banget. Lebokna tanah ing dukure bantalan sekem mau. Ratakna, banjur diwenehi
tilake sayur-sayuran wau. Sawise diwenehi sayuran, diwenehi tanah maneh. Banjur ditutup nganggo
bantalan sekem maneh. Sawise iku, keranjang kudu ditutup nganggo kain ireng lan tutupan plastik, aja
lali ditaleni. Terus disimpen ing tempat sing ora kepanjer sinar surya.”

Puan: “Pirang dina pupuk iku bisa dadi?”


Mas Hanan: “Yen sayurane ora alot utawa gampang ajur kayata sawi lan kangkung, pupuk bisa dadi
luwih cepet yaiku 15-20 dina. Yen sayurane kayata wortel, bisa nganti 28 dina.”

Puan: “Apa kelebihane pupuk takakura saking pupuk liyane?”

Mas Hanan: “Nah, iki sing mbedakna pupuk iki saka pupuk liyane. Yaiku gampange nggawe pupuk iki.
Ora usah ngetokna banda sing akeh. Amarga alat lan bahane wis ana ing omah.”

Puan: “Cara iki bisa diterapake ing ngendi wae?”

Mas Hanan: “Ing ngendi wae bisa. Kaya ing sekolah lan ing omah. Tapi metode iki luwih disaranke
dienggo ing omah, amarga saben dina sampah organik pawon iku ana wae. Dadi, kita sedaya bisa njaga
lingkungan, ngurangi sampah, lan nggawe tanduran kembange awake tansah subur saka pupuk sing kita
gawe.”

Puan: “Ooh, dadake akeh nggih mas mupangate. Kita bisa tansah njaga lingkungan lan mupangate
migunani sanget kanggo awake. Matur suwun nggih mas, ilmunipun. Kula nyuwun samudra pangaksami
yen kula nggadah kalepatanipun saka pitutur lan tumindak kula. ”

Mas Hanan: “Nggih. Sami-sami.”

Foto Wektu Wawancara

You might also like