You are on page 1of 1

Sesorah

“Kabudayan Jawi”

Assalamu’alaikum wr. wb.,

Karahayon, kawilujengan tuwin kaberkahan saking Gusti mugi tansah katampi kula
panjenengan sekaliyan.Lajeng,Ingkang kinurmatan ibu Prima Erwianisya S.Pd, ibu guru mata
pelajaran Bahasa jawi kelas XI,kaliyan kanca-kanca ingkang kulo tresnani. Sumangga para rawuh
sedaya kula dherekaken memuji dhumateng Gusti Ingkang sampun maringi kasarasan lan
kanugrahan dhumateng kula panjenengan sedaya.Ing wekdal punika kula badhe mbabaraken
babagan kabudayan Jawi.

Kabudayan Jawi inggih punika kabudayan ingkang nduweni piwulang luhur kang asli kaliyan
kudu dilestariaken.Kabudayan Jawi menika tuladhane kathah jenisipun.Tuladhane inggih punika
tembang macapat,wayang,tembang dolanan,gamelan,aksara jawa,lan sak panunggalane.Saben
jenising kabudayan kasebut gadhah ciri khas kaliyan manfaat iingkang saget miguno.Tuladhane
inggih punika Tembang Macapat.Ing tembang macapat menika kito saget mendhet piwulang luhur
ingkang saget ditrapke ing kauripan.Lajeng,wayang.Wayang saget digunakake kangge media
Pendidikan utawi edukasi,amargi wayang digunakake kangge cerito-cerito ingkang becik kaliyan
gadhah piwulang luhur kanti sae.Saking kabudayan jawi uga kita saget gayuh manfaat babagan
unggah-ungguh basa kaliyan tata krama.Nanging ing jaman saiki utawa jaman modern menika
kabudayan jawi niki soyo suwi soyo kekikis/ilang.Para enom padha mandhang yen kabudayan jawi
menika kuno ln ketinggalan jaman.Padahal kathah ingkang biso kito gayuh lan tasih wonten
kabudayan jawi ingkang relevan lan saget ditumrapke ono ing jaman saiki.Kabudayan-kabudayan
jawi ing jurang kepunahan menika monggo kita jaga kaliyan lestariaken.Kito saget mulai saking
lingkungan kaluwarga,sekolah,lan masyarakat.Kaliyan uga gunakaken Basa Jawi kathi unggah ungguh
kang trep.Saengga kabudayan enika tetap saget maringi manfaat marang generasi-generasi menika.

Cekap semanten atur kula hambok bilih wonten atur ingkang damel kirang renaning
penggalih para rawuh sedaya, kula namung sagetnyuwun agunging pangapunten.”

Wassalamu’alaikum wr.wb

You might also like