You are on page 1of 2

DRAMA KEKANCAN

Nama Anggota :
1. Adyra Erinda (3) : Laras (murid)
2. Athaya Widhah A (11) : Sari (murid)
3. Dhe Putri A (12) : Ibu Sumarni (Guru), Bu Pri (Ibu Laras)
4. Intania Salma S (18) : Rini (murid)

Ing sanunggaling dina ana bocah telu sing lagi diwenehi gurune tugas babakan gawe
sandiwara sak kelompok telung wong
Laras : Bu, berarti tugasipun dikumpulke minggu ngajeng ?
Bu Sumarni : Iyo to,tapi yen telat nilaine bedo.
Sari : Bu, sandiwaranipun diparagakke napa mboten ?
Bu Sumarni : Diperagakke nek perlu nganggo properti sisan.
Rini : Nggeh pun bu, maturnuwun informasine.

Bel istirahat wes muni, banjur bocah telu mau menyang kantin sisan rembukan.
Rini : Pie iki, ameh gawe cerita apa ? latihane neng endi ?
Sari : Nak ning omahku gelem opo ora?
Laras : Mbok yo ojo adoh – adoh, aku ora intuk karo mak ku
Sari : Lha enake ning ndi ? opo ning omahmu ?
Laras : Yo mengko tak ngomong mak ku
Rini : Nek iso sak cepete leh ngabari
Sari : Nek misale ceritane tentang kekancan pie ?
Rini : Ojo terlalu biasa, tentang kelulusan wae
Laras : Halah sembarang penting nggawe
Sari : Yo wes, kui wae. Ayo podo balek kelas ngasone wes rampung.

Pas balik sekola, Rini lan Sari weruh Laras balik ora ning arah omahe. Cah loro kui runga
yen Laras ora langsung bali omah, tapi Rini ngming yen mungkin Laras ameh tuku bolang baling.
Tilam minggu, Laras ngebel Sari yen latihane ora iso ning omahe.
Hallo Sar, aku wes ngomong mak ku latihaneora iso ning omah, soale
Laras :
omahku ono acara arisan
Sari : Yo nek ngono ning omahku wae pie ?
Laras : Yo wes sembarang

Sari banjur nelfon Rini yen latihane ning omahe. Pas dinane latihan, Laras ora iso teko
ditelfon yo ora iso. Sari lan rini bingung nggoleki, akhire cah loro kuimarani ning omahe Laras.
Namung anane mung Ibune
Sari : Kulanuwun bu, Larase wonten ?
Bu Pri : Lho Larase mau pamit arep latihan sandiwara ning omahmu Ri
Ribi : Saking griya jam pinten bu?
Bu Pri : Yo uwes ket mau, sekitar jam 8 nan
Sari : Oalah nggih pun pamit riyen.
: Sek nok, lha berarti Laras lunga ningndi ya? Memang bocah kae pancen
Bu Pri
mbeling. Pamite latihhan malah mbalandang.
Rini : Nggeh mangkih kula cobi ngubungi malih.
Pas perjalanan bali Sari lan Rini mampir tuku es, tekan belokan kota lama Sari ora sengojo
weruh Laras lagi foto – foto ing ngarep bangunan tuwa nyambi mangan es krim. Banjur Sari
narik Rini marani Laras.
Rini : Heh, ngopo klowe narik – narik ?
Sari : Menengo, kui lho aku weruh Lara sing kono, ayo cepet selak lungo wonge
Rini : Wah… endi – endi tak plitesse yen keremu
Ras, ngopo kuwe ing kene? Ora latihan malah dolan, digoleki mbok mu reti
Sari :
ra ?
Rini : He’e, senengane gawe wong bingung
Aduh, kowe padha ki cerewet tenan. Aku ki foto apeh tak uplod ing
Laras :
Perigram.
Rini : Halah wajah elek wae gaya, hu!
Ras, tapi kan yo mbok oho ngapusi mbok mu. Latihan ki yo penting, nilaine
Sari : ora mung nyangkutke kowe tok. Nak kowe rak niat mending metu seko
kelompok wae.
Halah, padune kowe iri to Sar, sing ora iso popular koyo aku, gayamu wae
Laras :
ndeso.
Heh! Lambemu nak ngomong dijaga ya, wajah rak mbejaji ngongo gaya.
Rini :
Wes balek wae Sar, jarke ono wong edan.

Semenjak kedadean kuwi Laras wes ora tau kumpul bareng meneh, nak ketemu yo ora
nyopo. Telung dina sak durunge tampil Sari lan Rini rembukan arep nggolek properti, tapi Laras
ujug – ujug teko.
Sari : Hahahahaha. Mosok arep nggo sarung gawe peran simbok ?
Rini : Lha piye kan biasane nggunu sarungan
Ehm, ehm. Sar, Rin aku… aku jalok ngapura atas prilaku ku pas kae.
Laras :
Ngapurane yen aku ngenyek kowe
Rini : Halah paling mbok baleni neh, kapok Lombok
Ora bakal, aku kepingen melbu kelompok lan konconan meneh karo kowe
Laras :
pada
Y awes lah Rin paling Laras memang wes sadara, Ras, mulai saiki kuwe
Sari :
kudu dadi konco sing pengerten ya.
Laras : Matur nuwun Sar, matur nuwun banget.

Akhire cah telu kuwei mbalek dadi konco saklawase. Laras meluk sari lan Rini sing wis
gelem percaya maneh karo geknene

You might also like