You are on page 1of 2

Nama : SilviaPutri Intanty

Kelas : X MIPA 1
No. abs : 31

KLEPON

Klepon yaiku panganan tradisional kang digawe saka glepung beras ketan lan diisi gula
Jawa. Klepon lumrahe mung ana rong warna ya iku ijo lan putih. Klepon iku bentuke bunder lan
anggone mangan nganggo wur utawa klapa kang diparut. Klepon uga kalebu salah sijine aneka
jajan pasar uga paling akeh disenengi amarga nduweni sifat kang khas menawi didhahar, yaiku
muncrat gula uga rasa legi, gurih uga eca.
Bahan kang diperluake yaiku glepung beras kwalitas apik 50 gram, pasta ijo pandan
kurang luwih 2 sendhok teh, glepung ketan alus 250 gram, 1 sendhok mangan gula pasir, gula
jawa 190 nganti 220 gram diiris tipis-tipis supaya ampang dileboke ing jero adonan, uyah lembut
seprapat sendhok teh, banyu resik mateng 280 ml bisa ditambah utawa dikurangi kanthi adonan
pas, godhong pandan seger 1 lembar diwisuh resik dhisik, lan krampil parut kanggo disajiake
Cara kepisan gawe klepon yaiku gula pasir, uyah, glepung beras lan glebung ketan
dilebokke ing jero baskom lan campur kanthi rata, banjur tambahi pasta pandan lan banyu
sithik-sithik kanthi keset/kalis. Banjur digawe bunder-bunder, digepengake, diiseni gula Jawa,
lan dibunder-bunder maneh.Sawise rampung digawe bunder-bunder, banjur digodhog nganggo
banyu kang wis umub nganti adonan iku mumbul mendhuwur.Yen wis mumbul banjur dientas.
Carane nyajikake ya iku adonan kang wis mateng diwadhahi lan ditata ing piring, banjur
diwenehi parutan klapa.Klepon wis siyap didhahar.

.
Nama : Silvia Putri Intanty
Kelas : X MIPA 1
No. abs : 31

PASUNG

Pasung yaiku panganan tradisional kang biasa disajiake wayah gasdesoan. Pasung
duweni sifat kang khas yaiku bentuk kerucut ndowo kang digawe saking glepung beras, tape telo
jabut lan gula kang dibuntel godhong gedhang supaya luwih alami lan nduweni rasa kaya apem.
Bahan kang diperluake yaiku 1 kg glepung beras, ½ kg tape telo jabut, ½ kg gula pasir,
banyu klapa sacukupe, 100 cc santen kentel gondhok kang wis diademke, lan godhong gedhang
kang dibentuk kerucut kurang luwih 40 iji.
Cara kepisan gawe pasung yaiku campurke glepung beras, tape telo jabut, gula pasir,
banyu klapa banjur diulen kanthi rata lan umbarke kurang luwih 3 kanthi 5 jam supaya
ngembang. Sawise adonan ngembang tambahi santen banjur aduk kanthi rata lan isike adonan
ing jero godhong gedhang kang wis dibentuk mau kanthi ¾ bagian. Yen wis diisi adonan pasung
dikukus kanthi pasung mekar banjur dientas. Pasung siyap didhahar.

You might also like