You are on page 1of 5

JENIS-JENISE

WAYANG
1. Wayang purwa : Wayang kagawe saka kulit (lulang) ceritane Mahabarata lan
Ramayana. Ing bausastra Jawa anyar, ukara purwa uga
bisa ngandhut pangerten jaman purba utawa jaman
wiwitan. Yèn ing versi asliné, kitab loro iki ora ana
sesambungané. Ing Jawa, ana sesambungan antarané
rong jaman iki kang banjur dirunut dadi silsilah dhéwé.

2. Wang wong : Wayang sing ditindakake dening wong, ceritane


Mahahabarata lan Ramayana.
3. Wayang golek : Sawijining jinis wayang Indonésia kang ngrembaka ing
tanah Sundha. Cerita wayang golèk nyritakake
lakon Mahabharata lan Ramayana.

4. Wayang Suluh : Wayang saka lulang kawangun wong, nyritakake ngenani


panguripane wong

5. Wayang Beber : Wayang wujud gambar jejeran saka kertas kandel utawa mori
sing wis digambari. Critane R. Panji Inu Kertapati lan dewi
sekartaji
6. Wayang Wahyu : Wayang saka lulang kawungun wong, critane bab penerangan
agama (khatolik)

7. Wayang Menak : Wayang saka kayu kawungun wong, ceritane wong agung Jayengrana,
Imarmayam, Imarmardi (dakwah agama islam)

8. Wayang Krucil : Wayang saka lulang cilik-cilik, tangane wudhar siji, sijine malang kerik.
Critane bab Babad
9. Wayang madya : Wayang saka lulang, nalika jaman demak. Ceritane Mahabarata

10. Wayang Potehi : Wayang wujud boneka, cilik-cilik critane jaman kraton tar tar/babad cino

11. Wayang Jemblung : Wayang saka kayu, kawungan wong sumebar ing daerah pesisir lir pulo
jawa, blora, cepu. Ceritane bab cacad (kaya kethoprak)
12. Wayang Gedhog : Wayang sing kagawe saka lulang. Critane R. Panji Inu Kertapati

13. Wayang Klitik : Wayang sing kagawe saka kayu gepeng, wayang sing kagawe saka lulang.
Critane kancil

You might also like