You are on page 1of 2

YAYASAN PEMBINA LEMBAGA PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH

PERSATUAN GURU REPUBLIK INDONESIA JAWA TENGAH (YPLP DM PGRI JT)


SMP PGRI 1 SOMAGEDE
TERAKREDITASI C
Alamat: Jl. Raya Somagede Kecamatan Somagede Kabupaten Banyumas 53193

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2020/2021
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Hari / Tanggal : Kamis, 17 September 2020
Kelas : IX
Waktu : 60 menit

Gatekna carita Wayang Ramayana ing andhap menika kanthi permati!


Anoman Duta (3)
Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didustha dening Rahwana.
Anoman banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi
Shinta nanging katekan wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane
Rama kanggo mapag Dewi Shinta, sakloron padu padha pamer kakuwatan. Minangka
solusine, Prabu Rama banjur menehi sayaembara kanggo Anoman lan Anggada. Nalika
ditakoni sapira suwine wektu kang ditempuh kanggo menyang Ngalengka Anoman mangsuli
butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada bisa nempuh mung pitung dina bae. Anoman
ngudhunake dadi limang dina lan Anggada mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman
menang sayembara amarga dheweke sangguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina.
Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan Bagong.
Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng kancing gelung
Anoman. Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan
matur supaya srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan
Anoman bisa teka ing Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara suwi mikir, Bathara
Surya pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge, iku bae amarga Semar kang nyuwun
marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman mudhun maneh nanging lagi bae midak lemah,
dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga
segara Ngalengka banjur diuntal menyang jero wetenge. Anoman ngupaya metu saka jero
wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati
lan Anoman nerusake lakune.
Sumber https://wisnuprasetyobekti.blogspot.com/2016/11/anoman-dhuta-bahasa-jawa.html
Wangsulana pitakenan ing andhap menika ngginakaken basa Jawa Krama!
1. Sinten ingkang dipundhusta dening Rahwana?
2. Menapa sayembara ingkang dipunanakaken dening Rama?
3. Sinten kang dados mungsuhipun Anoman wonten ing sayembara?
4. Kenging menapa Anoman menang sayembara?
5. Sebataken dasanamanipun Anoman!
6. Sinten Bapak saha Ibunipun Anoman?
7. Sinten ingkang ngancani Anoman budhal menyang Ngalengka?
8. Kadospundi caranipun Anoman supados siyangipun langkung dangu?
9. Sinten Ditya Wil Kataksini?
10. Kadospundi caranipun Anoman medal saking wetenge Ditya Wil
Kataksini?

You might also like