You are on page 1of 3

Assalamualaikum wr wb

Alhamdulilahi rabbil ‘alamin, wabihii nasta’iinu ‘alaa umuriddunya wadiin, wash-shola


was-salamu ‘ala ambiyaai wal mursalin, sayidina wa maulana muhamadin, wa ‘ala alihi
wa ashahbihi  ajmain, ama ba’du.

Wonten ngarsanipun shohibul hajjah, nuwun injih panjenenganipun [bpk Joko soho


ibu Joko] ingkang kulo hormati (kinurmatan),
wonten ngarsanipun sesepuh soho pinisepuh ingkang satuhu kinurmatan,
wonten ngarsanipun poro bapak soho kangmas soho poro sedherek sedoyo ingkang
dipun rahmati Allah SWT,

sak dherengipun monggo, kito sesarengan tansah muji syukur [alhamdulillahi rabbil
‘alamin] wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi mapinten-pinten
karohmatan, soho maringi mapinten-pinten kanikmatan, taufik hidayah inayah
dumateng kulo panjenengan sami, sahinggo wontening titi wanci (ndalu) puniko kulo
panjenengan sami pikantuk ridhanipun Allah SWT, saget kempal manunggal wontening
papan palenggahan puniko (mriki) kanthi rahayu wilujeng mboten wonten alangan
rubedo punopo-punopo,

Ingkang salajengipun sholawat soho salam [kulo aturaken /monggo sami kito aturaken]
dhumateng Nabi kito Nabi Muhammad SAW, soho sak keluarganipun sak
shohabatipun, sumrambahipun dhumateng kulo panjenengan sami, mugi-mugi kanthi
sholawat Allohumma sholli ala sayidina muhammad, wa ala ali sayidina Muhammad,

Insya Allah kulo panjenengan sami mbenjing wontening yaumil qiyamah termasuk
golonganipun, umatipun kanjeng nabi, insya Allah pikantuk syafaatipun, amiin amiin
amiin allohumma amiin.
Sak derengipun kawiwitan saestu [bpk Joko] sak keluarga angambali ngaturaken
sugeng rawuh, inggih rawuh panjenengan sami, ugi ngaturaken sugeng ndalu, lan ugi
ngaturaken pangapunten, mbok bilih anggenipun nanggapi, anggenipun maringi papan
palenggahan, lan ugi anggenipun maringi shodaqoh meniko kirang mranani dhumateng
panjenengan sami, saestu [bpk Joko] sak keluarga nyuwun pangapunten ingkang sak
kathah-kathahipun, lan ugi ngaturaken agungin panuwun dhumateng poro lenggah
sedoyo, ingkang sampun kerso rawuh mriki, nan injih [bpk Joko soho ibu Joko]
kagungan hajat inggih meniko [tasyakuran], mijilipun utawi lahiripun putro/putri ingkang
kaping kalih, ingkang wontening titiwanci meniko dipun paringi
nami(asmo/tetenger) Injih meniko [Dewi Ambarwati].

Lan ugi wontening titiwanci meniko [bpk Joko] sak keluarga ngiklasaken sedayanipun
kagem shodaqoh, mugi-mugi shodaqoh meniko dipun tampi Allah SWT, lan dipun
ganjar Allah SWT, mugi-mugi shodaqoh meniko inggih saget manfaati, mbarokahi
dhumateng shohibul hajjah, sumrambahipun dhumateng kulo pajenengan sami.

Kanthi shodaqoh meniko mugi-mugi [bpk Joko] sak keluarga, sedoyo kalepatanipun


dipun ngapunten Allah SWT, pikantuk rohmatipun Allah SWT, mugi-mugi sedoyo
keluargo dipun tebihaken saking musibah menopo kemawon, saking bencana menopo
kemawon, insya Allah sedoyo keluargo dipun paringi slamet mboten wonten alangan
rubedo punopo-punopo, sekeco anggenipun ngibadah wonten ngarsanipun Allah SWT,
sekeco anggenipun nyambut damel.

Lan ugi kulo panjenengan sami kasuwuni dongo[pengestunipun /restunipun],


[samangke /kanthi] maos kalimat thoyibah, kanthi iklasing manah, kanthi iklasing
penggalih, mugi-mugi dongo kulo panjenengan sami dipun ridhani Allah SWT, mugi-
mugi [adik/putro/putri ingkang nami Dewi Ambarwati] meniko dipun paringi bagas
waras, dipun paringi slamet mboten wonten alangan rubedo punopo-punopo, dipun
paringi panjang yuswo [umur], insya Allah samangke dadoso putri ingkang sholihah,
migunani dhumateng bongso negari lan agami, langkung-langkung bekti dhumateng
Allah SWT, taat dumateng tiyang sepuh kalihipun, insya Allah samangke dadoso putri
ingkang ahli ngibadah, putri ingkang mangertos/ paham syariah  islam, sahinggo
samangke tansah nindaaken punopo ingkang dados dhawuhipun Allah, menjauhi/nebihi
laranganipun Allah SWT, insya Allah samangke dadoso putri ingkang ahli sekolah, putri
ingkang ahli fisabilillah, putri ingkang ahli ngaji, putri ingkang ahli akhlak ingkang sae,
budi pekerti ingkang sae, insya Allah samangke dadoso putri ingkang sae,

Lan mugi-mugi sedoyo keluargo [bpk Joko] sumrambahipun dhumateng keluargo kulo


panjenengan sami, mugi-mugi dipun paringi bagas waras, slamet ndonyo slamet
akherat, bejo ndonyo bejo akherat, mulyo ndonyo mulyo akherat, dipun paringi ayom
ayem tentrem, dipun paringi kanikmatan tetep iman islamipun, dipun paringi murah
pangan, murah sandhang, murah papan, dipun paringi rejeki ingkang lumintu halal
barokah melimpah ruah kagem ngibadah wonten ngarsanipun Allah SWT,

sedoyo keluargo [bpk Joko] sumrambahipun dhumateng keluargo kulo panjenengan


sami ngiklasaken manah inggih meniko paring donga pangestu dhumateng [adik Dewi
Ambarwati] meniko.

Mugi-mugi dipun tebihaken saking ino ndoyo ino akherat, dipun tebihaken saking
rekaos ndonyo rekaos akherat, dipun tebihaken saking godho rencono, dipun tebihaken
saking musibah menopo kemawon, dipun tebihaken saking bencana menopo
kemawon, dipun tebihaken saking penyakit ingkang angel usadanipun, sedoyo dipun
paringi panjang yuswo, dipun manfaataken sak sae-saenipun, kagem ngibadah wonten
ngarsanipun Allah SWT, kulo panjenengan sedoyo dipun paringi nikmat ingkang
kathah, monggo samiyo syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, sami nindaaken
dhawuh-dhawuhipun Allah SWT, [nebihi/menjauhi] sedoyo laranganipun Allah
SWT. Amin allohumma amin...

Ingkang salajengipun monggo sareng-sareng pasang niat kanthi iklasing manah,


ndedongo badhe kawiwitan, ingkang ngrasuk agami islam kulo dhere’aken, ingkang
ngrasuk sanesipun islam kulo sumangga’aken kawicaksa’anipun, monggo...
Salajengipun donga.
Al fatihah...
....
....
Menawi sampun salajengipun di pun tutup.
Monggo dipun tutup kanthi waosan hamdalah sesarengan... alhamdulillahi rabil alamin.
NB:
Menawi badhe wonten jagongan, meniko pengumumanipun.

Kepareng matur malih dhumateng poro lenggah sedoyo, minangkani kersanipun


shohibul hajat injih meniko keluargo bpk Joko, sa’estu, mbok bilih samangke sampun
ndungkap wekdalipun, sakbibaripun acoro kenduri meniko, mbok bilih kulo panjenengan
sami mboten wonten acoro sanesipun, sakestu kulo panjenengan sami kasuwuni rawuh
malih wontening papan meniko, inggih puniko kagem cegah pawungon.

[Cekap semanten/Mekaten] atur kawulo, Sakderengipun kulo tutup, mbok mbilih


anggen kulo matur wonten ngarsanipun poro bapak/ibu, poro sedherek sedanten,
wonten klenta klentunipun, khatah galap gangsulipun, lan mbok bilih kirang mranani
wonten penggalih panjenengan sami, sak estu, kulo nyuwun lumunturing sih samudro
pangaksami.

Kulo tutup (Akhiru kalam) wassalamu alaikum wr wb.

You might also like