You are on page 1of 2

Assalamu'alaikum wr . wb.

Bismillahirrahmanirrahim. Alhamdulillahi robbil 'alamin wabihinasta'inu ngala umuridunya wadin


washolatuwassalamu ngala asyrofil mursalin.

Sayidina wamaulana muhammadin wangala alihi washohbihi ajmangin wala khaula wala kuwata ila
billahil ngaliyilngadhim ama ba'du. 

Dumateng ngarsanipun poro bapak poro ibu poro sepuh pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Langkung-
langkung dumateng ngarsanipun Bpk..... ingkang tansah kito tenggo-tenggo maungidhoh khasanahipun
ingkang tansah dipun mulyakaken dening Allah Swt.

Lan ugi dumateng ngarsanipun Bpk..... ingkang kito hormati ugi. Lan ugi dumateng sedoyo kadang mudo
lan mudinipun ingkang kulo tresnani.

Hadirin wal hadirot rokhimakumullah.


Wonten kesempatan ingkang sae puniko monggo kito mboten kesupen ngunjukaken raos pujo lan puji
syukur kito wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang tansah paring sedoyo kanikmatan-kanikmatanipun
ingkang arupi kesarasan kawilujengan taufik hidayah soho inayahipun sahinggo kulo lan panjenengan
sami saged makempal manunggal wonten ing majelis Halal Bi Halal wekdal dalu puniko kanti
kawontenan sehat wal afiat. Amin ya robal ngalamin. Sholatullah wasalamuhu mugi tansah keparingaken
dateng junjungan kito Nabiullah Muhammad SAW ingkang tansah kito adhang-adhang syafa'atipun lan
ugi ingkang badhe nyafa'ati dumateng kulo lan panjenengan sami mbenjang wonten ing yaumul kiamah,
amin Allahuma amin.

Hadirin wal hadirot rokhimakumullah. Wonten ing wekdal ingkang sae puniko, kulo lan panjenengan
sami nembe kemawon nindakaken Siam Romadhon pinoko Rukun Islam ingkang kaping tigo, lan ugi
dinten riyoyo fitri.

Poro bapak poro ibu ingkang dahat kinurmatan, kulo lan panjenengan puniko mboten lepas saking
kalepatan soho kekhilafan, awit saking puniko wonten ing kesempatan ingkang sae puniko kito makempal
wonten ing Majelis Halalbihalal, majelis ingkang barokah puniko.

Lan mbok bilih anggen kulo nderekaken lampahing Adicoro Halalbihalal dalu puniko temtu kathah
kalepatan soho kekhilafan saestu kulo nyuwun agunging pangampunten. Lan minggah ramtamaning
adicoro ingkang badhe lumampah wekdal dalu puniko: (ingkang kaping)

1. Pambuko
2. Sholawat Nabi
3. Sambutan Panitia
4. Ikrar Muda-Mudi
5. Panampi Ikrar
6. Istirahat
7. Tahlil
8. Hikmah Syawalan
9. Panutup

Mekaten menggah ramtamaning adicoro ingkang badhe lumampah wekdal dalu puniko.
Poro bapak lan poro ibu, hadirin wal hadirot rokhimakumullah
1. Pramilo monggo majelis wekdal dalu puniko kito bikak sesarengan kanthi waosan Umul Qur'an.
Liridhoillah wali syafa'ati rosulillah, al fatikhah...
- Kito aturaken sanget agunging panuwun dumateng poro bapak poro ibu ingkang sampun kerso mbikak
Majelis Halalbihalal dalu puniko, mugi-mugi kanti Surotul Fatikhah kolo wau ndadosno lancaring adicoro
wekdal dalu puniko.

2. Kito lumajengaken adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan sholawat Nabi. Dumateng ...
wekdal soho papan kito aturaken.
- Kito aturaken agunging panuwun dumateng ... ingkang sampun kerso mimpin waosan sholawat nabi
kolo wau, mugi-mugi kanti waosan sholawat nabi kolo wau kulo lan panjenengan sami mbenjang wonten
ing Yaumul Akhir pikantuk syafa'atipun Nabiullah Muhammad SAW. Khususipun ...

3. Poro bapak poro ibu menggah adicoro ingkang kaping tigo inggh puniko sambutan panitia.
Dumateng ... wekdal kulo soho papan kito aturaken.(dst)

Poro bapak poro ibu ingkan kulo hormati, menggah adicoro ingkang kaping ... Hikmah Syawalan soho
do'a panutupipun ing samangke kito suwunaken dumateng Al Mukarom Bpk... ananging sakderengipun
wekdal kito aturaken, mbok bilih anggen kulo nderekaken acoro demi acoro temtu katah kalepatan soho
kekhilafan saestu kulo kanti handaping manah nyuwun agunging pangampunten. Saking kulo, kulo
pungkasi Wabilahi taufiq wal hidayah.
 
Wassalamu'alaikum wr. wb.

You might also like