Materi Dan Tugas Daring Bahasa Jawa Kela Xi

You might also like

You are on page 1of 2

MATERI DAN TUGAS DARING BAHASA JAWA (RABU, 13 MEI 2020)

TEKS EKSPOSISI
A. Teks ekposisi yaiku sawijining teks kang njlentrehake utawa medharake
sawijining bab kanggo pamaos, supayane oleh informasi kang jangkep lan sabanjure
panyaruwe pamaos saged mundhak. Karangan eksposisi asipat menehi ngerti, ngonceki
lan aweh pamrayoga(saran), utawa ngandharake sawijining bab kanthi cetha. Panulise iki
bisa ditindakake lumantar sadhengah cara penjelasan ing antarane penjelasan proses lan
ilustrasi.
1. Bab kang diinformasike ing karangan/wacana eksposisi bisa awujud:
a. Data factual
b. Sawijining analisi utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta
c. Fakta ngenani pawongan kang ana gandheng cenenge marang sawijining kapitadosan.
2. Penjelasan proses utawa opersional kuwi penjelasan kang mbudi daya mangsuli
pitakonan.
a. Kepriye sawijine pakaryan
b. Kepriye sawijine dumadi
c. Objek utawa bab iki kalebu tahap endi
d. Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap endi wae
3. Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki
a. Njlentrehake panemu, gagasan lan kapitadosan
b. Mrelokake fakta kang dikuatke utawa dicethakake kang angka, peta statistik, grafik,
lsp.
c. Mrelokake analisis nalika ngonceki bahan lan fakta
d. Nggoleki sumber ide saka pengalaman, pengamatan, sikap, lan kapitadosan.
4. Pathokan panulise teks eksposisi
a. Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijing pokok
prastawa.
b. Isi eksposisi ora duweni karep ngundang reaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos.
c. Gaya eksposisi kudu informative lan nyakinake.
d. Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional
e. Ing eksposisi fakta-fakta mung digunakake dadi piranti kon-kritisasi, tegese gawe
rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan
pembuktian)
f. Ekposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangertene pawongan marang
objek kang dirembug
g. Panulis eksposisi kudu ngerti prastawa kang diandharake
h. Panulis eksposisi kudu prigel nganalisi prastawa kanthi cetha lan konkret
B. Purwakanthi
Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara
ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing
saburine.
Purwakanthi kaperang dadi telu yaiku:
1. Purwakanthi guru swara
Purwakanthi kang runtut swarane.
Tuladha:
Watake putri kudu gemi, setiti lan ngati-ati
Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon
Yen gelem obah bakal mamah
2. Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi kang runtut swara lan tulisane
Tuladha:
Para mudha kudu duweni watak tata, titi, tatag, lan tanggon
Dhasare wong jejodhon yaiku bobot, bibit, bobot
Sluman, slumun, slamet
3. Purwakanthi guru lumaksita utawa guru basa
Purwakanthi kang tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake,
tembung guru ing kene ateges pathokan utawa paugeran.
Tuladha:
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra
Witing klapa, klapa mudha saumpama
Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lan waspada

GLADHEN
1. Coba bukak link https://youtu.be/EMhOqdO7cOQ
2. Coba anlisisen kalebu tembang apa, paugerane apa, wenehi pitutur luhur kang kamot ing
tembang kasebut, lan gawe sinopsis isi/wose tembang kasebut.
3. Banjur gaweya paragraph eksposisi kanthi tema kang padha karo tembang kasebut,
minimal 5 paragraf kang padhet jumbuh kaliyan paugeran teks ekssposisi ing ndhuwur.
4. Garapan di ketik ing Microsoft word kanthi rapi lan dikirim ing e-mail
sofiatun.august@gmail.com
5. Kagem para kadang kang dereng ngempalaken tugas liburan pariwara, dipun
kintun/dikempalaken secepatnya kagem njangkepi biji raport. Sami dikempalaken via
email
6. Tugas dipun tengga nganti dinten Jum’at, 15 Mei 2020
7. Menawi wonten pitakenan babagan tugas saged miyos via wa
8. Tetep njaga kesehatan lan kebersihan lan dirumah aja.

You might also like