You are on page 1of 10

This post was republished to cbt1 at 8:27:35 AM 2/8/2019

BAHASA JAWA
1 Awor kanca kudu bisa milih
Awit kanca iku duwe watak
Becik ala martabate
Kaya mangkono iku
Bakal bisa anenulari
Tembang macapat kasebut diarani tembang....
A Dhandhanggula
B Maskumambang
C Asmaradana
D Kinanthi

2 Marang liyan kudune sing guyup rukun


Urip sesandhingan
Sanadyan beda agami
Nyembadani mring katentremaning praja
Guru gatrane tembang Pocung kasebut yaiku....
A 4 gatra
B 5 gatra
C 6 gatra
D 7 gatra

3 Yen kekancan kudu bisa milah-milih


Yen watake ala
Iku aja dikumpuli
Watak becik kumpulana
Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur yaiku....
A 13i, 7a, 9i, 9a
B 12i, 6a, 8i, 8a
C 10a, 8u, 8i, 6a
D 8a, 8,i, 6e, 6i

4 Ayo padha mbangun bangsa iki


Kanthi gotong rotong
Guyup rukun para kawulane
Pemerintah manunggal nyawiji
Adege pemimpin
Murih bisa maju
Ukara andharan kang mathuk kanggo gatra katelu yaiku....
A nandangi penggawean kanthi bebarengan
B bebarengan mbangun bangsa
C masyarakat urip kanthi sayuk rukun
D duweni gegayuhan supaya bisa maju
5 1) Pocung
2) Maskumambang
3) Mijil
4) Pangkur
Tembang Macapat kang anduweni watak asih asuh yaiku....
A Pangkur
B Maskumambang
C Pocung
D Mijil

6 Salam pambuka yaiku salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa
sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh lan sapa aruh
tumrap para rawuh.
Salam pambuka iku kalebu salah siji perangane....
A parikan
B geguritan
C cangkriman
D pidhato

7 Unen-unen kang mathuk kanggo penggaweane wong kang nayambut gawe


borongan ora oleh mangan karo rokok yaiku....
A buntel kadut, ora nginang ora udut
B anak polah bapa kepradhah
C becik ketitik ala ketara
D mburu uceng kelangan dheleg

8 Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur


Kudu jujur, ....
Ukara kang mathuk kanggo njangkepi parikan kasebut yaiku....
A yen kowe kepengin njegur
B yen kowe kepengin mabur
C yen kowe kepengin luhur
D yen kowe kepengin ajur

9 Atiku bungah banget amarga aku dhuwe adhik. Adhiku lair nalika wektu esuk ing
dina Senin, tanggal 7 Januari taun 2019. Kulawargaku uga padha ngrasa bungah-
bungah kabeh.
Angka 2019 yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....
A

D
10

Aksara Jawa kang mathuk kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku....
A

11 Klumbrak klumbruk nguntal wong.


Batangane cangkriman kasebut yaiku....
A ontong
B sarung
C rokok
D clana

12 Tembang Macapat yaiku sawijine karangan kang kaiket anane paugeran-paugeran


tartamtu yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Dene cacahe tembang
Macapat ana 11 tembang. Kang kalebu pedhotane tembang Macapat Asmaradana
yaiku....
A Marang dulur anom ira
Reksanen mreh bisa welas asih
Lamun ta tumeka padu
Sing tuwa becik ngalah
B Awor kanca kudu bisa milih
Awit kanca iku duwe watak
Becik ala martabate
Kaya mangkono iku
C Dadi siswa kang prayoga
Ora cukup amung wasis
Ning ana perkara liya
Lan wajib kita nglakoni
D Marang sedulur kang wigati
Aja gampang-gampang congkrah
Amung perkara sepele
Mring dulur anom tuwa

13 Pak Hasan nduwe anak cacahe ana telu. Pambarepe lanang, panggulune wadon,
dene sing wuragil yaiku lanang. Anake pak Hasan diarani....
A sendhang kapit pancuran
B pancuran kapit sendhang
C pandhawa nyandhangi
D uger-uger lawang

14 Lungguh dhingklik dhingklike wong cilik-cilik.


Ukara iki diarani....
A cangkriman
B paribasan
C purwakanthi
D angsalan

15 Ing pewayangan, ana tokoh-tokoh kang misuwur kadhapuk dadi satriya, ratu, lan
pandhita. Tokoh-tokoh iki anduweni panggonan dhaerah kang dipimpin. Dhaerah
pimpinane para satriya diarani kasatriyan. Salah sijine tokoh satriya yaiku Raden
Werkudara. Raden Werkudara iku satriya ing....
A Jodhipati
B Pringgondani
C Madukara
D Jodhipati

16 Raden Janaka iku satriya panengahing Pandhawa, putra katelu saking Dewi Kunti
Lan Prabu Pandhu. Wujude satriya bagus tanpa cacad lan dadi simbule kabecikan.
Raden Janaka nduweni dasanama kang akeh banget.
Salah siji dasanamane Raden Janaka yaiku....
A Wanaraseta
B Rahwana
C Bratasena
D Arjuna

17 Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir. Tebusane wangsalan jangan gori
yaiku....
A Ngadeg
B Gudheg
C Mandheg
D Ndredheg

18 Kucing kalebu kewan kang nyenengake, mula akeh wong kang padha ngingu
kucing. Kucing iku jinise maneka warna, ana kucing kampung, anggora, persia, lan
sapinunggalane. Saben kewan nduweni ules kang maneka warna. Dene ulese kucing
yaiku....
A blorok, lurik sekul, wiring galih
B tutul, loreng, wido klawu, jlitheng
C kembang telon, kembang asem
D bule, lamus, plonthang, kendhit

19 Manungsa iku pakertine maneka warna ana kang becik uga ana kang ala. Ana kang
laire anteng batine becik, ana kang laire anteng nanging batine ala, uga ana kang lire
ala batine uga ala. Paribasan kang mathuk kanggo wongkang laire katon anteng
nangin batine ala yaiku....
A pandhitane antake
B kutuk marani sunduk
C ngontragake gunung
D keplok ora tombok

20 Tetanduran iku wernane akeh banget. Ana palawija, empon-empon, pala


kependhem, pala kesimpar, pala gumantung, wit-witan gedhe, lan liya-liyane. Saben
tetandhuran nduweni jeneng wit dhewe-dhewe. Wit pari arane damen, wit jagung
arane tebon, dene wit krambil arane....
A glugu
B debog
C rendeng
D Bonggol

21 Herman, Rasyid, lan kanca-kancane dolanan ana ing emeper omah. Dwheweke
dolanan bareng-bareng sinambi bedhekan cangriman. Herman mbedheki kancane
kanthi cangkriman “dideleng gampang nanging yen dicekel angel”. Batangane
cangkriman iki yaiku....
A clana
B sulak
C srengenge
D ontong

22

Aksara jawa kasebut diwaca....


A anake wuda emboke tapihan
B anake tapihan emboke wuda
C emboke wuda anake tapihan
D emboke tapihan anake wuda

23

Batangane cangkriman ing dhuwur yaiku....


A sarung
B wit pring
C sepet
D geni

24 1) Salam pambuka
2) Titi mangsa
3) Surasa basa
4) Tapak asma
5) Wasana basa
Kang kalebu strukture pidhato yaiku....
A 2, 3, 4
B 2, 4, 5
C 1, 2, 4
D 1, 3, 5

25 Gunung Bromo iku sawijining gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan
kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene gunung belut kabut kumebul
sumundhul ngawiyat. Manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung.
Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan katon kali
kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Hawane adhem. Wong-wong ing
sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani
sing nandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana kang nandur janganan.
Wacan kasebut kalebu wacan....
A dheskripsi
B narasi
C eksposisi
D persuasi

26 Ing buri omahku ana sawah sing amba banget. Sawah ing buri omahku dumadi saka
pirang-pirang kedhok. Antarane kedhokan siji lan sijine dibatesi anane galengan.
Galengan kang mbatesi kedhokan-kedhokan iku ditata kanthi rapi lan katon endah
menawa disawang saka kadohan. Ing sakiwa tengene sawah ana kalenan kang
banyune bening banget. Ya saka banyu kalenan kuwi sing digunakake kanggo
ngelebi sawah-sawah ing kono. Tandurane pari katon ijo royo-royo kang tansaya
nambahi endahe sesawangan. Saben dina para among tani padha ora bosen
ngupakara tandurane pari ing sawah.
Ukara pokok adhedhasar wacan kasebut yaiku....
A antarane kedhokan dibatesi anane galengan
B ing sakiwa tengene sawah ana kalenan
C tandurane pari katon ijo royo-royo
D ing buri omah ana sawah sing amba banget

27 Lemari wesi kelir klawu kang mapan ana pojok kantor guru wis rusak. Lawange wis
ora bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak-rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis
ora kuwat nyangga buku-buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.
Wacan kasebut kalebu paragraf....
A indhuktif
B ineratif
C dhedhuktif
D campuran

28 Mring guru aja wani


Ngabekti klawan mituhu
Meneng lan migatekna
Yen ana kang nuturi
Isine pedhotan tembang Sinom kasebut yaiku....
A dadi siswa bekti lan kurmat marang guru
B wani marang guru nalika didhawuhi
C siswa iku ora migatekne dhawuhe guru
D anggegampang dhawuh-dhawuhe guru

29 1) Assalamu ‘alaikum warahmatullahi wabarakatuh


2) Dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang kawula kurmati
Dhumateng Bapak lan Ibu guru ingkang kawula kurmati
Lan dhumaten para hadirin ingkang kula tresnani
3) Monggo kita sesarengan ngunjungaken puja lan puji syukur dhateng Gusti Allah
SWT. ingkang sampun maringi berkah lan karunia saengga kita sedaya saget
makempal sesarengan kanthi sehat wal ‘afiat.
4) Para hadirin ingkang minulya
Kita sedaya perlu nyadhari bilih lingkungan punika panggenan kangge kita
sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi menika kita sedaya kudu
njaga lingkungan kanthi sae-sae supados bumi ngasilake kauntungan kangge kita,
sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Perangane pidhato kang awujud intisarine wedharan dituduhake dening nomer....
A 4)
B 3)
C 2)
D 1)

30 Cangkriman iku minangka unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibedhek


isine. Cangkriman iku arupa cekakan tembung (wantah), irib-iriban (pepindhan),
plesetan (blenderan), lan tetembangan.
Tuladhane cangkriman kang awujud pepindhan yaiku....
A janaka kuluk tone
B pitik walik saba meja
C lawa lima kalong telu ana pira
D wong wis gedhe kok ngguyu tuwa
janaka kuluk tone
31 Saben tetanduran anduweni kembang dhewe-dhewe. Kembang iku cacahe akeh tur
mawarna-warna. Kembang blimbing arane maya, kembang ganyong arane
puspanyidra, dene kembang jagung arane....
A sinuwun
B ontong
C dlongop
D manggar

32 Dadi bocah iku kudu sregep ngudi kawruh marang para guru lan sapa wae kang bisa
dadi tepa tuladha. Tujuane supaya bisa dadi wong kang mbeneh lan mulya.
Tembung kawruh tegese....
A conto
B ngelmu
C murih
D becik
33 Salah siji asiling kasusastran lawas yaiku crita rakyat. Jinising kasusastran lawas ing
antarane dongeng. Dongeng iku crita kang wis ana wiwit jaman kuna lan dituturake
turun-temurun.
Kang kalebu jinise crita dongeng yaiku....
A fabel, legendha, mitos, sage
B mitos, legendha, geguritan
C cangkriman, geguritan sage
D legendha, parikan, geguritan

34 Bu Guru : “Erfi, mrenea sedela wae!”


Erfiana : “Inggih Bu. Wonten punapa?”
Bu Guru : “Tulung jupukna buku Basa Jawa sing ana meja kantor!”
Erfiana : “....”
Ukara kang mathuk kanggo njangkepi pacelathon kasebut yaiku....
A Ya Bu, kula pundhutaken
B Ya Bu, tak jupukaken
C Inggih Bu, kula pundhutaken
D Inggih Bu, tak jupukaken

35 Para satriya ing pewayangan iku para digdaya, amarga anduweni aji-aji lan gegaman
pamungkas. Salah siji satriya kang duweni gegaman pamungkas yaiku Raden
Janaka. Dene gegamane Raden Janaka yaiku....
A caping basunanda
B cincin sotyaningampal
C kembang wijaya kusuma
D panah jungkat penatas

36 Saben-saben tembang Macapat iku duwe paugeran kang beda-beda. Tegese, saben-
saben tembang Macapat guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora padha.
Semono uga watak-watake saben tembang uga ora padha.
Watake tembang sinom yaiku....
A asih, tresna
B grapyak, renyah
C sereng, tegas
D nglara, sedih

37 Apa gunane padu


Malah mundhak duwe akeh mungsuh
Mrana mrene ora ana sing nyenengi
Nadyan bagus apa ayu
Kanca ora gelem awor
Guru wilangan lan guru lagune tembang Gambuh kasebut yaiku....
A 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
B 8u, 8o, 7u, 10u, 12i
C 10a, 12o, 8i, 8e, 7u
D 12u, 10i, 8a, 8,i, 7o
38 Penggaweyane saben-saben wong siji lan sijine beda-beda. Pedagang, tani, sopir,
pegawe kantor, lan liya liyane. Semono uga wong kang megawe ana ing pagelaran
wayang iku uga beda-beda. Ana dhalang, waranggono, lan niyaga. Niyaga iku
penggaweyane....
A wong sing nembang ing pagelaran wayang
B wong sing tukang nglakokake lakon wayang
C wong sing tukang nabuh gamelane wayang
D wong sing tukang nembang lan nabuh gamelan

39 Pidhato ora resmi yaiku pidhato sing diwedharake jroning situasi utawa pasamuan
sing ora resmi. Dene basa sing digunakake ora kudu nganggo basa baku, tegese bisa
nggunakake tembung-tembung dhialek, sing penting para pamiyarsa bisa mangerti
lan paham.
Tulade pidhato ora resmi yaiku....
A pidhato kenegaraan
B pidhato pasrah manten
C pidhato pengetan kamardhikan
D pidhato dina nasional

Isilah pertanyaan berikut dengan jawaban singkat dan tepat!

40 Penganggone huruf kapital kadhang kala ora digatekake ana tulisan sing didakekake
sarana pendidikan ing masyarakat. Kita bisa weruh ing tulisan media masa, sarana
promosi umum, utawa tulisan liyane. Mula kita kudu blajar nulis kanthi bener lan
manut paugerane.
Ukara ing ngisor iki kang migunakake panulisan huruf kapital kang bener yaiku....
A Anake pak marwan sing mbarep wetenge lara.
B Pak Budi sios tindak dhateng Kutha malang.
C Papan wisata endah ing blitar iku akeh banget.
D Candi Panataran iku dumunung ing kutha Blitar.

41 1) Gajah ngidak rapah


2) Ana catur mungkur
3) Lahan karoban manis
4) Keplok ora tombok
5) Sedhakep ngawe-awe
Tulade tembung saloka dituduhake dening nomer....

42 Dadi murid iku kudu sregep sinau saben dina lan saben wektu.
Tembung sregep sinau yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....

43 Aku duwe kathok kodhok.


Ukara iki yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....

44 Jupukna kapur kuwi.


Ukara iki yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....
45

Aksara Jawa iki diwaca....

46 Yen kekancan kudu bisa milah milih


Yen watake ala
Iku aja dikumpuli
Watek becik kumpulana
Guru wilangan lan guru lagune gatra kapisan lan gatra kapindho yaiku....

47

Aksara Jawa iki diwaca....

48 Nalika dina Minggu, aku dolan menyang Yoyakarta. Ing kono aku lan adhiku
numpak dokar.
Tembung dina minggu yen ditulis basa Jawa yaiku....

49 1. Nyiapake underan utawa tema sesorah


2. Nyiutake tema dadi irah-irahan
3. Naliti kahanan pamiarsa
4. Ndamel cengkorongan utawa kerangka sesorah
Ukara-ukara ing dhuwur kalebu paugeran sing kudu digatekake nalika ....

50 Nalika ana barat kang gedhe, Parman malah leren ngisis ana ngisore wit krambil.
Kamangka krambile akeh sing garing, semono uga blarake padha garing-garing.
Paribasan kang mathuk kanggo ukara kasebut yaiku....

You might also like